PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • hf bagéan 7 hlm. 22-25
  • Carané Ndhidhik Anak

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Carané Ndhidhik Anak
  • Keluarga Panjenengan Isa Ayem Tentrem
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • 1 AJA NGANTI ANAK ORA JUJUR KARO WONG TUWA
  • 2 KUDU NGERTI APA SING DIOMONGKÉ ANAK
  • 3 DUDUHNA NÈK PIKIRANMU COCOG KARO PIKIRANÉ BOJOMU
  • 4 MIKIRKÉ DHISIK CARANÉ NDHIDHIK ANAK
  • Piyé Bèn Keluarga Bahagia?​—Bagian 2
    Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
  • Wong Tuwa, Bantunen Anak-anaké Njenengan Bèn Sayang karo Yéhuwah
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2022
Keluarga Panjenengan Isa Ayem Tentrem
hf bagéan 7 hlm. 22-25
Bapak lan anaké lanang ndandani pit bareng-bareng

BAGÉAN 7

Carané Ndhidhik Anak

”Tembung-tembung kang dipréntahaké marang kowé ing dina iki, iku padha gatèkna, lan padha wulangna bola-bali marang anak-anakmu.”​—Pangandharing Torèt 6:6, 7

Yéhuwah sing ndadèkké keluarga sing kapisan, maringi tugas karo wong tuwa kanggo nggedhèkké anak-anaké. (Kolosé 3:20) Wong tuwa kudu mulang anak-anaké bèn tresna karo Yéhuwah lan dadi wong sing tanggung jawab. (2 Timotéus 1:5; 3:15) Wong tuwa kuduné ngerti apa sing dikarepké anak-anaké. Wong tuwa kudu dadi conto sing apik kanggo anak-anaké. Anak-anak kudu kerep diwulang bab Alkitab, merga kuwi penting banget. Wong tuwa iya kudu wis ngerti lan nindakké kersané Gusti Allah.​—Jabur 40:9.

1 AJA NGANTI ANAK ORA JUJUR KARO WONG TUWA

ALKITAB KANDHA: ”Saben wong diénggal manawa ngrungokaké, nanging disarèh manawa calathu”, utawa cepet ngrungokké, ning ora cepet mangsuli. (Yakobus 1:19) Panjenengan mesthi péngin nèk anak-anak kerep omong-omongan lan jujur karo wong tuwa. Mula, anak-anak kuduné iya ngerti nèk wong tuwané gelem ngrungokké nèk anaké arep crita. Gawénen kahanan ing omah rukun lan ayem tentrem bèn anak-anak gelem ngomong jujur. (Yakobus 3:18) Nèk anak rumangsa wong tuwané bakal nesu lan nuduh sing ora-ora, anak-anak isa waé dadi ora gelem crita jujur karo wong tuwa. Mula wektu anak-anak crita, wong tuwa kudu sabar ngrungokké. Panjenengan kudu kerep nduduhké nèk sayang banget karo anak-anak.​—Matéus 3:17; 1 Korinta 8:1.

SING ISA DITINDAKKÉ:

  • Kudu sabar lan gelem ngrungokké nèk anaké crita

  • Kerep omong-omongan karo anak-anak saben dina, ora mung nèk pas anak-anak nduwé masalah

2 KUDU NGERTI APA SING DIOMONGKÉ ANAK

ALKITAB KANDHA: ”Sapa sing nggatèkké pangandika bakal nemu becik.” (Wulang Bebasan 16:20) Kadhangkala, wong tuwa aja mung ngrungokké thok omongané anaké, ning kudu ngerti tenan sing dirasakké anaké. Nèk crita, anak-anak biyasané ngluwihi sing sak tenané utawa omongané béda karo sing dikarepké. ”Manawa wong mangsuli sadurungé ngrungokaké, iku bodho.” (Wulang Bebasan 18:13) Aja kesusu nesu.​—Wulang Bebasan 19:11.

Ibu nesu-nesu merga omongané anaké wédok

SING ISA DITINDAKKÉ:

  • Nèk anak-anak lagi crita, aja terus diselani utawa langsung nesu-nesu

  • Panjenengan uga kudu ngélingi pas isih enom mbiyèn lan apa sing kerep dirasakké utawa perkara apa sing penting wektu kuwi

3 DUDUHNA NÈK PIKIRANMU COCOG KARO PIKIRANÉ BOJOMU

ALKITAB KANDHA: ”Hé anakku, ngrungokna marang pamerdiné bapakmu, lan aja ninggal piwulangé ibumu.” (Wulang Bebasan 1:8) Yéhuwah maringi wong tuwa hak kanggo ndhidhik anak-anaké. Wong tuwa ngajari anak-anaké bèn ngajèni lan manut karo wong tuwané. (Éfesus 6:1-3) Anak-anak isa ngrasakké nèk wong tuwa lagi ora sakpikiran. (1 Korinta 1:10) Nèk panjenengan pas lagi ora cocog, aja padu ing ngarepé anak-anak, merga anak dadi ora ngajèni wong tuwané.

Bapak ngandhani anaké ing kamar liya supaya ibu lan seduluré ora ngerti

SING ISA DITINDAKKÉ:

  • Wong tuwa isa rembugan dhisik arep tumindak apa nèk anak-anaké salah

  • Nèk wong tuwa pas lagi ora cocog ndhidhik anaké, loro-loroné kudu ngerti apa sing dipikirké bojoné

4 MIKIRKÉ DHISIK CARANÉ NDHIDHIK ANAK

ALKITAB KANDHA: ”Bocah wiwit cilik ajarana bab dalan sing prelu diambah.” (Wulang Bebasan 22:6) Wong tuwa kudu ndhidhik anak-anaké nganti anak-anaké dadi wong apik, ning aja mung asal ndhidhik. Pikirna dhisik carané ndhidhik anak-anak, klebu arep tumindak apa nèk anaké salah. (Jabur 127:4; Wulang Bebasan 29:17) Kuwi tegesé ora mung ngukum, ning uga mbantu anak-anak bèn ngerti apa alesané aturan kuwi digawé. (Wulang Bebasan 28:7) Wong tuwa isa mulang anak-anaké bèn seneng maca lan ngerti pathokané Alkitab. (Jabur 1:2) Nèk ngono, anak-anak isa nindakké apa sing bener lan ngedohi apa sing salah miturut pathokané Alkitab.​—Ibrani 5:14.

SING ISA DITINDAKKÉ:

  • Kudu masthèkké nèk anak-anakmu nduwé hubungan sing akrab karo Yéhuwah

  • Anak-anak uga dibantu ngerti bab-bab sing marakké tumindak dosa, contoné sing ana ing internèt lan jejaring sosial, uga carané ngedohi kuwi. Kandhanana anakmu bèn isa ngedohi wong-wong sing meksa tumindak sing saru-saru

Bocah lanang dilatih wong tuwané bèn ngabdi karo Yéhuwah, wiwit cilik nganti dibaptis

”Bocah wiwit cilik ajarana bab dalan sing prelu diambah”

YÉHUWAH BAKAL MBERKAHI UPAYANÉ PANJENENGAN

Wong tuwa nduwé kaurmatan sing gedhé, yaiku isa mulang anaké bab Yéhuwah. (Éfesus 6:4) Yéhuwah ngerti nèk kuwi ora gampang. Ning, percayaa nèk kuwi isa ngluhurké asmané Yéhuwah lan panjenengan bakal seneng banget.​—Wulang Bebasan 23:24.

COBA DIPIKIR . . .

  • Piyé carané bèn anakku gelem crita apa waé karo aku?

  • Apa sing isa tak sinaoni saka carané wong tuwa liya ngopèni lan nggedhèkké anaké?

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim