PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • jy bab 10 hlm. 28-hlm. 29 par. 7
  • Keluargané Yésus menyang Yérusalèm

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Keluargané Yésus menyang Yérusalèm
  • Yésus—Dalan, Sing Bener, Sing Marahi Urip
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Wektu Yésus Umur 12 Taun
    Ayo Sinau saka Crita Alkitab
  • Yésus Mesthi Manut
    Wulangen Anakmu
  • Dhèwèké Nglindhungi, Ngopèni, lan Ora Gampang Nyerah
    Tirunen Imané
  • Pitakonané Sing Maca
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2023
Delok Kabèh
Yésus—Dalan, Sing Bener, Sing Marahi Urip
jy bab 10 hlm. 28-hlm. 29 par. 7
Yésus sing umuré 12 taun lagi tukar pikiran karo para guru agama Yahudi

BAB 10

Keluargané Yésus menyang Yérusalèm

Lukas 2:40-52

  • YÉSUS SING UMURÉ ROLAS TAUN TUKAR PIKIRAN KARO PARA GURU AGAMA

  • YÉSUS NYEBUT YÉHUWAH KUWI ”BAPAKKU”

Saiki musim semi. Iki wektuné kanggo keluargané Yusuf bareng karo kanca-kanca lan sanak seduluré nglakoni perjalanan saben taun menyang Yérusalèm, sing adohé kira-kira 120 kilomèter saka Nazarèt. Wong-wong kuwi arep ngrayakké Paskah, kaya sing dipréntahké hukum Taurat. (Pangandharing Torèt 16:16) Kabèh wong padha sibuk lan bungah. Yésus sing saiki umuré 12 taun, uga ngarep-arep perayaan iki lan ora sabar kanggo mara menyang bait.

Yésus lan keluargané ora mung ngrayakké Paskah sedina thok. Sakwisé Paskah rampung, Riyaya Roti Tanpa Ragi sing suwéné pitung dina diwiwiti. (Markus 14:1) Riyaya kuwi uga dianggep dadi bagéan saka Paskah. Kanggo lunga saka Nazarèt menyang Yérusalèm, terus nginep ing Yérusalèm, lan bali manèh menyang Nazarèt, butuh wektu kira-kira rong minggu. Nanging wektu bali saka Yérusalèm ana masalah, sing nyebabké Yusuf lan Maria luwih suwé ana ing Yérusalèm.

PERJALANAN SING NYENENGKÉ

Yésus lan keluargané lunga menyang Yérusalèm

Perjalanan menyang Yérusalèm kanggo ngrayakké riyaya taunan setaun ping telu kuwi nyenengké banget. (Pangandharing Torèt 16:15) Saksuwéné perjalanan, Yésus isa ndelok akèh dhaérah ing negara kuwi, sinau bab keadaan alamé, lan ketemu karo para penyembahé Yéhuwah saka panggonan liya. Iki mesthi perjalanan sing ora bakal dilalèkké.

Wektu perjalanan bali menyang Nazarèt, Yusuf lan Maria ngira nèk Yésus ana ing antarané rombongan sanak sedulur lan kanca-kancané sing mulih bareng. Nanging pas wenginé, wektu mandheg arep istirahat, jebulé Yésus ora ana ing rombongan kuwi. Maria lan Yusuf nggolèki Yésus, nanging tetep ora ketemu. Mula wong loro kuwi bali manèh menyang Yérusalèm kanggo nggolèki Yésus.

Yusuf lan Maria nggolèki Yésus saksuwéné rong dina, nanging tetep ora ketemu. Akiré ing dina katelu, Yusuf lan Maria nemokké anaké lanang kuwi ing salah siji ruangan ing bait. Yésus lagi lungguh ing tengah-tengahé para guru agama Yahudi. Yésus ngrungokké lan ngejokké akèh pitakonan. Guru-guru kuwi nggumun banget karo pangertèn-pangertèné.

Yusuf lan Maria nemokké Yésus

Maria takon, ”Lé, ngapa kok kowé nggawé aku lan bapakmu kuwatir? Aku lan bapakmu nganti bingung nggolèki kowé.”​—Lukas 2:48.

Karo nggumun, Yésus njawab, ”Ngapa Bapak lan Ibu nggolèki aku? Apa Bapak lan Ibu ora ngerti nèk aku kudu ana ing omahé Bapakku?”​—Lukas 2:49.

Sakwisé kuwi, Yésus bali menyang Nazarèt bareng karo Yusuf lan Maria, lan Yésus terus manut karo wong tuwané. Yésus uga terus mundhak gedhé lan saya wicaksana. Senajan isih enom, Yésus saya ditresnani Gusti Allah lan manungsa. Wiwit cilik, Yésus dadi conto sing apik ora mung bab ngutamakké perkara-perkara rohani nanging uga bab ngajèni wong tuwané.

  • Saben musim semi, Yésus lan keluargané ajeg lunga menyang ngendi, lan apa sebabé?

  • Wektu perjalanan bali menyang Nazarèt, ana kedadéan apa? Apa sing kelakon sakbanjuré?

  • Yésus mènèhi conto sing apik apa kanggo cah enom saiki?

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim