PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • jy bab 13 hlm. 36-hlm. 37 par. 6
  • Sinau saka Carané Yésus Ngadhepi Godhaan

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Sinau saka Carané Yésus Ngadhepi Godhaan
  • Yésus—Dalan, Sing Bener, Sing Marahi Urip
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Sétan Nggodha Yésus
    Ayo Sinau saka Crita Alkitab
  • ”Mung Yéhuwah Gusti Allahmu sing Kudu Mbok Sembah”
    Ibadah marang Yéhuwah Akhiré Dadi Murni Manèh
  • Piyé Bèn Aku Isa Nolak Godhaan?
    Pitakonané Cah Enom
Yésus—Dalan, Sing Bener, Sing Marahi Urip
jy bab 13 hlm. 36-hlm. 37 par. 6
Yésus nolak godhané Iblis

BAB 13

Sinau saka Carané Yésus Ngadhepi Godhaan

MATIUS 4:1-11 MARKUS 1:12, 13 LUKAS 4:1-13

  • SÉTAN NGGODHA YÉSUS

Ora let suwé sakwisé dibaptis, Yésus dituntun roh suciné Gusti Allah menyang Padhang Belantara Yudéa. Ana akèh bab sing isa direnungké Yésus. Pas Yésus dibaptis, ”langit kebukak”. (Matius 3:16) Dadi, Yésus isa kèlingan manèh bab-bab sing wis ditindakké lan disinaoni Yésus wektu ing swarga. Kuwi mesthi ana akèh banget.

Yésus ana ing padhang belantara 40 dina, 40 wengi. Saksuwéné kuwi, Yésus ora mangan apa-apa. Banjur, wektu Yésus ngrasa luwé banget, Sétan si Iblis nggodha Yésus, kandhané, ”Nèk kowé pancèn putrané Gusti Allah, kongkonen watu-watu iki dadi roti.” (Matius 4:3) Yésus ngerti nèk dhèwèké ora éntuk nggunakké kuwasané kanggo kepentingané dhéwé. Mula, Yésus nolak godhané Iblis.

Iblis ora nyerah. Dhèwèké nggunakké cara liyané. Iblis nantang Yésus anjlog saka bagéan témbok sing paling dhuwur ing bait, bèn isa dislametké para malaékat. Nanging Yésus ora kegodha kanggo mamèrké kehébatané. Yésus nyuplik Kitab Suci kanggo nduduhké nèk kita ora éntuk nguji Gusti Allah nganggo cara kaya ngono.

Iblis nggodha Yésus manèh kanggo kaping teluné. Iblis nduduhké marang Yésus ”kabèh pamréntahan manungsa ing donya lan kamulyané”, banjur kandha, ”Kabèh iki bakal tak kèkké kowé nèk kowé sujud lan nyembah aku sepisan waé.” Sepisan manèh Yésus nolak, kandhané, ”Lungaa, Sétan!” (Matius 4:8-10) Yésus ora nyerah wektu digodha merga ngerti nèk pelayanan suci kuwi kudu diwènèhké mung marang Yéhuwah. Yésus milih kanggo tetep setya marang Gusti Allah.

Kita isa sinau saka godhaan-godhaan kuwi. Kita dadi ngerti nèk Iblis kuwi makhluk roh sing bener-bener ana, lan nguwasani pamréntahan ing donya. Nèk ora, apa mungkin Iblis nawakké kuwi kabèh kanggo nggodha Yésus? Sakliyané kuwi, kita uga isa sinau saka carané Yésus ngadhepi godhaan.

Iblis kandha nèk bakal mènèhi Yésus hadiah, malah nganti kabèh pamréntahan manungsa ing donya bakal diwènèhké nèk Yésus gelem nyembah Iblis sepisan waé. Saiki kita isa waé digodha Iblis nganggo cara sing padha. Contoné, kita ditawani kesempatan kanggo dadi wong penting, sugih, utawa nduwé kuwasa. Kita isa niru tuladhané Yésus sing tetep setya marang Gusti Allah senajan digodha. Nanging élinga, nèk sakwisé ninggalké Yésus, Iblis nunggu ”nganti ana kesempatan liya sing cocog”. (Lukas 4:13) Iblis uga ora bakal nyerah kanggo nggodha kita, mula kita kudu terus waspada.

  • Apa sing mungkin direnungké Yésus saksuwéné 40 dina ing padhang belantara?

  • Iblis nggodha Yésus nganggo cara apa waé?

  • Saka godhaan lan carané Yésus ngadhepi, kita isa sinau apa?

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim