PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • jy bab 38 hlm. 96-hlm. 97 par. 7
  • Yohanes Péngin Krungu Langsung saka Yésus

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Yohanes Péngin Krungu Langsung saka Yésus
  • Yésus—Dalan, Sing Bener, Sing Marahi Urip
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Yohanes Pembaptis Kuwi Sapa?
    Pertanyaan sing Dijawab ing Alkitab
  • Tugasé Yésus Saya Akèh, Tugasé Yohanes Saya Sithik
    Yésus—Dalan, Sing Bener, Sing Marahi Urip
  • Yohanes Pembaptis—Tetep Seneng Wektu Ngadhepi Situasi Apa Waé
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2019
  • Yohanes 14:6—”Aku Iki Dalané, sarta Jatiné Kayektèn lan Kauripan”
    Penjelasan Ayat Alkitab
Delok Kabèh
Yésus—Dalan, Sing Bener, Sing Marahi Urip
jy bab 38 hlm. 96-hlm. 97 par. 7
Yohanes Pembaptis lungguh dhèwèkan ing penjara

BAB 38

Yohanes Péngin Krungu Langsung saka Yésus

MATIUS 11:2-15 LUKAS 7:18-30

  • YOHANES PEMBAPTIS TAKON BAB TUGASÉ YÉSUS

  • YÉSUS NGALEM YOHANES

Kira-kira wis setaun Yohanes Pembaptis dipenjara. Ing penjara, Yohanes krungu bab akèh mukjijat sing ditindakké Yésus. Bayangna perasaané Yohanes wektu dikandhani nèk Yésus nguripké manèh anaké randha ing kutha Nain. Nanging, Yohanes péngin krungu langsung saka Yésus apa Yésus kuwi Mèsias. Mula, Yohanes ngongkon loro muridé kanggo takon marang Yésus, ”Apa panjenengan wong sing bakal teka, utawa aku kudu nunggu wong liyané?”​—Lukas 7:19.

Iki kayané pitakonan sing anèh merga Yohanes kuwi wong sing nduwé iman. Wektu mbaptis Yésus mèh rong taun sakdurungé, Yohanes ndelok roh suci mudhun ing ndhuwuré Yésus lan dhèwèké ya krungu swarané Gusti Allah sing ngendika nèk Yésus wis nyenengké Panjenengané. Mula, pitakonan kuwi ora nduduhké nèk imané Yohanes lemah. Sakliyané kuwi, ing kisah iki Yésus uga ngalem Yohanes. Nanging, apa sebabé Yohanes takon kaya ngono?

Yohanes mungkin mung péngin krungu pengakuan langsung saka Yésus nèk Yésus kuwi Mèsias. Iki bakal nguwatké Yohanes saksuwéné dhèwèké sengsara ing penjara. Sakliyané kuwi, kayané Yohanes nduwé maksud liya takon kaya ngono. Dhèwèké ngerti akèh ramalan ing Alkitab sing kandha nèk Pribadi sing Dilantik Gusti Allah bakal dadi raja lan wong sing mbébaské. Nanging, pirang-pirang sasi sakwisé Yésus dibaptis, Yohanes malah dipenjara. Mula, Yohanes péngin ngerti apa ana wong liya sing bakal teka, sing nggantèni Yésus, lan netepi kabèh ramalan bab Mèsias.

Wong lanang sing lumpuh lan wong wadon sing wuta padha seneng banget sakwisé dimarèkké Yésus

Ketimbang ngandhani langsung murid-muridé Yohanes nèk Yésus kuwi wong sing bakal teka, Yésus mènèhi bukti sing nduduhké nèk dhèwèké diutus Gusti Allah. Buktiné yaiku Yésus marèkké akèh wong lara saka kabèh penyakit. Yésus banjur ngandhani murid-muridé Yohanes, ”Balia lan critakna marang Yohanes apa sing kok rungokké lan kok deleng: Wong wuta isa ndelok, wong lumpuh isa mlaku, wong lara kusta dimarèkké, wong budheg isa krungu, wong mati diuripké manèh, lan wong miskin dikandhani kabar apik.”​—Matius 11:4, 5.

Pitakonané Yohanes mungkin nduduhké nèk Yohanes ngarep-arep Yésus bakal tumindak luwih akèh, malah nèk isa mbébaské Yohanes saka penjara. Nanging, Yésus ngandhani Yohanes supaya ora ngarep-arep luwih akèh mukjijat manèh.

Wektu para muridé Yohanes lunga, Yésus ngandhani wong akèh nèk Yohanes kuwi dudu nabi biasa. Dhèwèké kuwi ’utusan’ sing diramalké Yéhuwah ing Maléakhi 3:1. Yésus uga kandha nèk Yohanes kuwi Nabi Élia sing diramalké ing Maléakhi 4:5, 6. Yésus nerangké, ”Saktenané aku kandha marang kowé, nèk ing antarané kabèh wong sing tau urip, ora tau ana sing ngungkuli Yohanes Pembaptis, nanging sing cilik dhéwé ing Kraton swarga ngungkuli Yohanes Pembaptis.”​—Matius 11:11.

Kanthi kandha nèk sing cilik dhéwé ing Kraton swarga ngungkuli Yohanes Pembaptis, Yésus nduduhké nèk Yohanes ora nduwé pengarep-arep ing swarga. Yohanes nyiapké dalan kanggo Yésus, nanging dhèwèké mati sakdurungé Yésus mbukak dalan menyang swarga. (Ibrani 10:19, 20) Senajan ngono, Yohanes kuwi nabi sing setya lan bakal urip ing bumi dadi rakyat Kratoné Allah.

  • Ngapa Yohanes takon apa Yésus kuwi wong sing bakal teka utawa kudu nunggu wong liyané?

  • Miturut Yésus, Yohanes Pembaptis kuwi nggenepi ramalan-ramalan endi?

  • Apa sebabé Yohanes Pembaptis ora nduwé pengarep-arep ing swarga?

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim