PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • jy bab 47 hlm. 118-hlm. 119 par. 6
  • Bocah Wadon sing Urip Manèh

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Bocah Wadon sing Urip Manèh
  • Yésus—Dalan, Sing Bener, Sing Marahi Urip
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Yésus Nggawé Akèh Mukjijat
    Ayo Sinau saka Crita Alkitab
  • Larané Mari Merga Ndemèk Klambi Njabané Yésus
    Yésus—Dalan, Sing Bener, Sing Marahi Urip
  • Yésus Nggawé Mukjijat, Nanging Akèh sing Nolak
    Yésus—Dalan, Sing Bener, Sing Marahi Urip
Yésus—Dalan, Sing Bener, Sing Marahi Urip
jy bab 47 hlm. 118-hlm. 119 par. 6
Yésus nguripké manèh anaké wadon Yairus

BAB 47

Bocah Wadon sing Urip Manèh

MATIUS 9:18, 23-26 MARKUS 5:22-24, 35-43 LUKAS 8:40-42, 49-56

  • YÉSUS NGURIPKÉ MANÈH ANAK WADONÉ YAIRUS

Yairus ndelok dhéwé nèk wong wadon sing lara pendarahan mau dimarèkké Yésus. Yairus yakin nèk Yésus uga isa mbantu anaké, senajan Yairus ngrasa nèk ’anaké wadon saiki mesthi wis mati’. (Matius 9:18) Apa Yésus pancèn isa mbantu?

Wektu Yésus isih ngomong karo wong wadon sing dimarèkké mau, ana wong-wong lanang saka omahé Yairus teka lan ngandhani Yairus, ”Anakmu wadon wis mati. Kanggo apa ngrépoti Guru manèh?”​—Markus 5:35.

Yairus mesthi sedhih banget krungu kabar iki. Yairus kuwi wong sing diajèni, nanging saiki dhèwèké tanpa daya. Anaké siji-sijiné wis mati. Nanging Yésus nglipur Yairus, ”Aja kuwatir, kowé mung kudu nduwé iman.”​—Markus 5:36.

Wong-wong sing nangis lan sambat ing sampingé anaké Yairus sing wis mati

Yésus banjur ngancani Yairus bali menyang omahé. Pas tekan omahé Yairus, kahanané wis ramé banget. Wong-wong sing ngumpul padha nangis, sambat, lan nggebugi awaké merga sedhih. Sakwisé mlebu, Yésus kandha marang wong-wong kuwi, ”Bocah iki ora mati, nanging lagi turu.” (Markus 5:39) Wong-wong kuwi mulai nggeguyu Yésus. Wong-wong kuwi ngerti nèk bocah kuwi wis mati. Nanging, nganggo kuwasané Gusti Allah, Yésus bakal nduduhké nèk wong mati isa diuripké manèh kaya nggugah wong sing turu angler.

Yésus banjur ngongkon wong-wong kuwi metu kejaba Pétrus, Yakobus, Yohanes, lan wong tuwané bocah wadon kuwi. Banjur, Yésus lan wong lima kuwi mlebu ing panggonan bocah kuwi diturokké. Yésus banjur nyekel tangané bocah kuwi lan kandha, ”’Talita kumi,’ sing nèk diterjemahké tegesé: ’Ndhuk, kowé tak kandhani, tangia!’” (Markus 5:41) Ing wektu kuwi uga, bocah wadon kuwi tangi lan mulai mlaku. Bayangna, Yairus lan bojoné mesthi seneng banget. Yésus banjur ngongkon supaya bocah kuwi diwènèhi maem.

Iki sing kaping pindhoné Yésus nguripké manèh wong mati. Kaya biasané, Yésus uga ngongkon wong tuwané bocah wadon kuwi supaya ora ngandhani sapa-sapa bab kedadéan kuwi. Nanging warta iki ”nyebar ing kabèh dhaérah kuwi”. (Matius 9:26) Wektu wong sing panjenengan tresnani diuripké manèh, panjenengan mesthi uga bakal ngandhani wong-wong bab kedadéan kuwi, ta?

  • Yairus éntuk kabar apa, lan piyé Yésus nglipur Yairus?

  • Piyé kahanané pas Yésus lan Yairus tekan omahé Yairus?

  • Apa sebabé Yésus kandha nèk anaké Yairus kuwi lagi turu?

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim