PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • jy bab 50 hlm. 124-hlm. 125 par. 5
  • Disiapké kanggo Nginjil Senajan Ditentang

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Disiapké kanggo Nginjil Senajan Ditentang
  • Yésus—Dalan, Sing Bener, Sing Marahi Urip
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Yésus Nginjil ing Galiléa lan Nglatih Para Rasul
    Yésus—Dalan, Sing Bener, Sing Marahi Urip
  • Atusan Wong Ndelok Yésus Sakdurungé Péntakosta
    Yésus—Dalan, Sing Bener, Sing Marahi Urip
  • Yésus—Dalan, Sing Bener, Sing Marahi Urip
    Yésus—Dalan, Sing Bener, Sing Marahi Urip
  • Apa Sebabé Kita Kudu Terus ”Ngasilké Akèh Woh”
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2018
Delok Kabèh
Yésus—Dalan, Sing Bener, Sing Marahi Urip
jy bab 50 hlm. 124-hlm. 125 par. 5
Wedhus gèmbèl ing antarané serigala

BAB 50

Disiapké kanggo Nginjil Senajan Ditentang

MATIUS 10:16–11:1 MARKUS 6:12, 13 LUKAS 9:6

  • YÉSUS NGLATIH LAN NGUTUS PARA RASUL

Sakdurungé ngutus para rasul sak pasang-sak pasang, Yésus mènèhi arahan sing cetha bab carané nginjil. Sakliyané kuwi, kanthi apikan Yésus uga ngélikké murid-muridé bab para penentang, ”Padha gatèkna! Aku ngutus kowé kaya wedhus gèmbèl ing antarané serigala . . . Waspadaa, merga wong-wong bakal nggawa kowé menyang pengadilan lan mecuti kowé ing sinagogé-sinagogé. Kowé bakal digawa menyang ngarepé gubernur lan raja merga dadi muridku.”​—Matius 10:16-18.

Para pengikuté Yésus isa waé dianiaya kanthi kejem, nanging Yésus janji, ”Nèk kuwi kelakon, aja kuwatir bab apa sing kudu kok omongké utawa piyé carané ngomong. Merga ing wektu kuwi uga, kowé bakal ngerti apa sing kudu kok omongké. Merga sing ngomong dudu kowé, nanging kuwasa saka Bapakmu sing mbantu kowé ngomong.” Yésus kandha, ”Wong bakal masrahké seduluré kandhung utawa anaké dhéwé kanggo dipatèni. Anak bakal mbrontak marang wong tuwané lan masrahké wong tuwané kanggo dipatèni. Lan kowé bakal disengiti kabèh wong merga kowé muridku. Nanging wong sing tekun nganti pungkasan bakal dislametké.”​—Matius 10:19-22.

Merga gawéan nginjil iki penting banget, Yésus njelaské nèk para pengikuté kudu wicaksana supaya isa terus bébas nindakké gawéan iki. Yésus kandha, ”Nèk kowé dianiaya ing salah sijiné kutha, lungaa menyang kutha liyané. Saktenané aku kandha, kowé ora bakal rampung marani kabèh kutha ing Israèl nganti Putrané manungsa teka.”​—Matius 10:23.

Iki bener-bener arahan, pangéling-éling, lan omongan sing nguwatké saka Yésus kanggo 12 rasulé. Nanging, ora mung kanggo para rasul waé, kuwi uga kanggo kabèh wong sing martakké kabar apik bab Kratoné Allah. Kita isa ngerti merga Yésus kandha nèk murid-muridé bakal ”disengiti kabèh wong”, ora mung wong-wong ing jaman kuwi sing ditemoni para rasul wektu nginjil. Apa manèh, kita uga ora tau maca nèk para rasul digawa menyang ngarepé gubernur lan raja wektu nginjil ing Galiléa. Para rasul uga ora tau diserahké keluargané kanggo dipatèni.

Wektu ngomongké bab iki marang para rasulé, cetha nèk Yésus ngerti apa sing bakal kelakon sukmbèn. Wektu kandha nèk para rasulé ora bakal rampung marani kabèh kutha ”nganti Putrané manungsa teka”, Yésus nduduhké nèk para rasulé ora bakal rampung martakké bab Kratoné Allah sakdurungé Raja Yésus Kristus sing mulya teka dadi hakim sing dilantik Gusti Allah.

Wektu nindakké gawéan nginjil, para rasul kuduné ora kagèt wektu ditentang, merga Yésus kandha, ”Murid kuwi ora ngluwihi guruné, lan budhak ora ngluwihi majikané.” Yésus ditentang lan dianiaya merga martakké Kratoné Allah, mula kuwi uga sing bakal dialami para muridé. Nanging, Yésus ngélingké, ”Aja wedi marang wong sing isa matèni badan nanging ora isa matèni jiwa. Nanging, wedia marang Panjenengané sing isa nyirnakké jiwa lan badan ing Géhéna.”​—Matius 10:24, 28.

Ing bab iki, Yésus dadi tuladha. Yésus milih kélangan nyawané ketimbang ora setya marang Yéhuwah. Yéhuwah kuwi Gusti Allah sing Mahakuwasa sing isa nyirnakké ”jiwa” (pengarep-arep urip mbésuk) lan sing isa nguripké manèh wong mati kanggo urip saklawasé. Iki mesthiné nguwatké para rasul!

Yésus nggambarké katresnan lan sipat perduliné Gusti Allah kanthi kandha, ”Manuk emprit loro nèk diedol regané mung sak dhuwit rècèh cilik, ta? Nanging, ora ana manuk siji waé sing tiba ing lemah, tanpa dingertèni Bapakmu. . . . Mula aja wedi, kowé luwih aji ketimbang akèh manuk emprit.”​—Matius 10:29, 31.

Gawéan nginjil ing abad kapisan nggawé para murid dimungsuhi keluargané

Warta sing diwartakké para muridé Yésus bakal misahké anggota keluarga siji lan sijiné, merga ana sing nampa lan ana sing ora. Yésus nerangké, ”Aja padha ngira nèk aku teka nggawa rukun ing bumi.” Wong sing nampa wulangan bener saka Alkitab pancèn kudu kendel. Yésus kandha, ”Sapa waé sing luwih nresnani bapaké utawa ibuné ketimbang aku, wong kuwi ora pantes dadi muridku. Lan sapa waé sing luwih nresnani anaké lanang utawa wadon ketimbang aku, wong kuwi ora pantes dadi muridku.”​—Matius 10:34, 37.

Nanging, ana uga sing bakal nampa para muridé Yésus. Yésus kandha, ”Sapa waé sing mènèhi banyu adhem sak cangkir marang salah siji saka antarané wong-wong cilik iki, merga wong kuwi muridku, saktenané aku kandha marang kowé, dhèwèké ora bakal kélangan opahé.”​—Matius 10:42.

Merga wis disiapké nganggo arahan, pangéling-éling, lan omongan sing nguwatké, para rasul banjur padha mangkat ”menyang kabèh désa ing dhaérah kuwi, kanggo martakké kabar apik lan marèkké wong lara”.​—Lukas 9:6.

  • Yésus ngélikké murid-muridé bab apa?

  • Yésus ngomong apa bèn para muridé tetep kuwat lan wani nginjil?

  • Apa sebabé arahané Yésus kuwi uga kanggo kita saiki?

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim