PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • bhs bab 14 hlm. 145-153
  • Keluarga Panjenengan Isa Ayem Tentrem

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Keluarga Panjenengan Isa Ayem Tentrem
  • Apa Wulangané Alkitab kanggo Panjenengan?
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • KERSANÉ YÉHUWAH KANGGO WONG LANANG
  • KERSANÉ YÉHUWAH KANGGO WONG WADON
  • KERSANÉ YÉHUWAH KANGGO WONG TUWA
  • KERSANÉ YÉHUWAH KANGGO BOCAH-BOCAH
  • KELUARGA PANJENENGAN ISA AYEM TENTREM
  • Carané Bèn Keluarga Isa Bahagia
    Gatèkna!—2021
  • Piyé Bèn Keluarga Isa Bahagia?
    Rungokna Gusti Allah Bèn Urip Saklawasé
Apa Wulangané Alkitab kanggo Panjenengan?
bhs bab 14 hlm. 145-153

BAB PATBELAS

Keluarga Panjenengan Isa Ayem Tentrem

1, 2. Apa kersané Yéhuwah kanggo saben keluarga?

YÉHUWAH sing sepisanan nggawé keluarga. Alkitab kandha, nèk Yéhuwah nggawé wong wadon sing sepisanan ”banjur diajokaké ing ngarepé manungsa”. Adam seneng banget terus kandha, ”Yaiki balung saka balungku lan daging saka dagingku.” (Purwaning Dumadi 2:22, 23) Saka ayat kuwi awaké dhéwé ngerti, nèk Yéhuwah péngin kabèh keluarga urip seneng lan ayem tentrem.

2 Akèh wong durung tau ngrasakké urip ing keluarga sing ayem tentrem. Ning, ing Alkitab ana akèh pathokan sing isa mbantu saben anggota keluarga bèn keluargané urip seneng lan ayem tentrem.​—Lukas 11:28.

KERSANÉ YÉHUWAH KANGGO WONG LANANG

3, 4. (a) Piyé kuduné tumindaké wong lanang karo bojoné? (b) Apa sebabé ngapurani siji lan sijiné kuwi penting kanggo wong bebojoan?

3 Alkitab kandha nèk wong lanang kudu nresnani lan ngajèni bojoné. Wacanen Éfesus 5:25-29. Tumindaké wong lanang kudu nduduhké nèk dhèwèké tenanan nresnani bojoné. Dhèwèké uga kudu ngayomi, ngopèni, lan ora tumindak apa waé sing isa nglarani bojoné.

4 Apa sing kudu ditindakké wong lanang nèk bojoné nggawé salah? Alkitab ngandhani wong lanang kudu terus nresnani lan ora tumindak kasar karo bojoné. (Kolosé 3:19) Para wong lanang kudu ngéling-éling nèk dhèwèké isa waé nggawé salah. Dadi, nèk wong lanang kepéngin éntuk pangapura saka Gusti Allah, dhèwèké kudu ngapurani dhisik salahé bojoné. (Matéus 6:12, 14, 15) Nèk wong sing bebojoan ngapurani siji lan sijiné, urip bebojoané dadi ayem tentrem.

5. Apa sebabé wong lanang kudu ngajèni bojoné?

5 Yéhuwah péngin wong lanang ngajèni bojoné. Wong lanang kudu mikirké tenanan apa kebutuhané bojoné. Iki bab sing penting, merga nèk wong lanang ora ngajèni lan ora nggatèkké bojoné, dongané wong lanang kuwi ora bakal dimirengké Yéhuwah. (1 Pétrus 3:7) Sing nggawé wong kuwi aji kanggo Yéhuwah dudu merga dhèwèké wong lanang utawa wong wadon, ning merga dhèwèké tresna karo Yéhuwah.

6. Apa tegesé wong bebojoan kuwi ”wis ora loro maneh, nanging mung siji”?

6 Yésus ngendika nèk wong bebojoan ”wis ora loro manèh, nanging mung siji”. (Matéus 19:6, BJP) Wong bebojoan setya karo siji lan sijiné lan ora slingkuh. (Wulang Bebasan 5:15-21; Ibrani 13:4) Wong sing bebojoan ora éntuk mentingké awaké dhéwé wektu hubungan sèks, ning kudu tetep mikirké kebutuhané bojoné. (1 Korinta 7:3-5) Wong lanang kudu ngéling-éling nèk ”ora tau ana wong nggethingi awaké dhéwé, malah diingoni lan diupakara”. Dadi, wong lanang kudu nresnani lan nggatèkké bojoné. Sing luwih penting, wong wadon kepéngin bojoné dadi wong sing apikan lan nresnani dhèwèké.—Éfesus 5:29.

KERSANÉ YÉHUWAH KANGGO WONG WADON

7. Apa alesané ing saben keluarga butuh pemimpin?

7 Saben keluarga butuh pemimpin, yaiku wong sing nuntun bèn keluarga kuwi isa dadi rukun lan ayem tentrem. Alkitab kandha ing 1 Korinta 11:3, ”Sesirahé saben wong lanang iku Sang Kristus, déné sesirahé wong wadon iku kang lanang, sarta Sesirahé Sang Kristus iku Gusti Allah.”

8. Piyé carané wong wadon nduduhké nèk dhèwèké ngajèni bojoné?

8 Saben wong lanang uga isa nggawé salah. Ning, nèk wong wadon ndhukung keputusané bojoné lan lila nindakké apa sing wis diputuské bebarengan, sak keluarga isa éntuk paédahé. (1 Pétrus 3:1-6) Alkitab kandha, ”Para wong wadon padha ngajènana marang kang lanang.” (Éfesus 5:33) Ning, piyé nèk bojoné panjenengan ora seiman? Alkitab kandha, ”Para wong wadon, padha sumuyuda marang bojomu, supaya manawa ana wong lanang kang padha ora mituhu ing pangandika, padha kagèndhènga déning tingkah-lakuné kang wadon tanpa tetembungan, manawa padha nyawang ing tindakmu kang murni sarta mursid iku.” Dadi, wong wadon kudu tetep ngajèni bojoné. (1 Pétrus 3:1, 2) Tuladhané wong wadon sing apik kuwi isa mbantu bojoné dadi ngerti lan ngajèni wulangan sing bener saka Alkitab.

9. (a) Apa sing kudu ditindakké wong wadon nèk ora setuju karo keputusané bojoné? (b) Apa piwulang kanggo wong wadon saka Titus 2:4, 5?

9 Apa sing isa ditindakké wong wadon nèk dhèwèké ora setuju karo keputusané bojoné? Wong wadon kudu kandha karo bojoné bab apa sing sakjané dipéngini lan carané ngomong kudu tetep ngajèni bojoné. Contoné, Sara kandha bab sing ora disenengi Abraham, ning Yéhuwah ngendika karo Abraham, ”Apa sapanjaluké Sara marang sira iku turutana”. (Purwaning Dumadi 21:9-12) Kabèh wong lanang sing manut karo pathokané Alkitab, biyasané nggawé keputusan sing wis cocog karo Alkitab, mula wong wadon kudu ndhukung keputusané bojoné. (Lelakoné Para Rasul 5:29; Éfesus 5:24) Wong wadon sing apik kudu nggatèkké keluargané. (Wacanen Titus 2:4, 5.) Nèk wong wadon kuwi sregep lan mempeng nggatèkké keluargané, mesthi bojoné lan anak-anaké dadi luwih tresna lan ngajèni dhèwèké.​—Wulang Bebasan 31:10, 28.

Abraham ngrungokké Sara

Apa sebabé Sara dadi conto sing apik kanggo wong wadon?

10. Apa sing dikandhakké Alkitab bab pisahan lan pegatan?

10 Kadhang kala, wong bebojoan cepet-cepet mutuské arep pisah utawa pegatan. Ning Alkitab kandha, ”wong wadon aja lunga saka bojoné” lan ”wong lanang ora éntuk ninggalké bojoné”. (1 Korinta 7:10, 11, NW) Senajan ana kahanan sing isa nyebabké wong bebojoan kuwi mutuské kanggo pisah, ning iki kudu dipikirké tenanan. Piyé nèk bab pegatan? Alkitab nduduhké nèk mung ana siji alesan sing sah kanggo pegatan, yaiku nèk salah sijiné nindakké laku jina.​—Matéus 19:9.

KERSANÉ YÉHUWAH KANGGO WONG TUWA

1. Yésus nyedhiyakké wektu kanggo bocah-bocah; 2. Bapak mulang anaké nganggo buku Belajarlah dari sang Guru Agung

Yésus dadi tuladha sing apik kanggo saben anggota keluarga

11. Apa sing paling dibutuhké anak-anak?

11 Wong tuwa, gunakna akèh wektu kanggo anak-anakmu. Anak-anak butuh wong tuwané, ning sing paling dibutuhké anak-anak, wong tuwa kudu mulang anak-anaké bab Yéhuwah.​—Pangandharing Torèt 6:4-9.

12. Apa sing kudu ditindakké wong tuwa kanggo ngayomi anak-anaké?

12 Donya sing dikuwasani Iblis saya suwé saya jahat, lan ana wong-wong sing péngin nyilakani utawa tumindak saru karo anaké panjenengan. Ana wong tuwa sing ngrasa angèl utawa ora lumrah nèk ngrembug bab sèks karo anaké. Ning wong tuwa kudu ngélingké anak-anaké nèk ana wong sing isa waé arep tumindak saru, lan ngajari anak-anak bèn ora cedhak-cedhak karo wong kuwi. Wong tuwa kudu njaga lan ngayomi anak-anaké.a—1 Pétrus 5:8.

13. Piyé carané wong tuwa ndhidhik anak-anaké?

13 Wong tuwa nduwé tanggung jawab ndhidhik anaké bèn tumindaké apik. Piyé carané ndhidhik anaké panjenengan? Anaké panjenengan kudu dilatih, ning carané aja kasar lan kejem. (Yérémia 30:11) Aja mènèhi disiplin pas lagi nesu. Aja nganti omongané panjenengan kaya ”panyuduking pedhang” sing isa nggawé lara ati. (Wulang Bebasan 12:18) Panjenengan kudu ndhidhik anaké panjenengan bèn ngerti apa gunané manut karo wong tuwa.—Éfesus 6:4; Ibrani 12:9-11; deloken Cathetan 30.

KERSANÉ YÉHUWAH KANGGO BOCAH-BOCAH

14, 15. Apa sebabé bocah-bocah kudu manut karo wong tuwané?

14 Yésus mesthi manut karo Bapaké senajan kuwi ora gampang. (Lukas 22:42; Yokanan 8:28, 29) Yéhuwah uga péngin bocah-bocah manut karo wong tuwané.—Éfesus 6:1-3.

15 Senajan ora gampang kanggo bocah-bocah manut karo wong tuwané, ning bocah-bocah kudu éling nèk manut karo wong tuwa isa nggawé atiné Yéhuwah lan wong tuwa dadi seneng.b—Wulang Bebasan 1:8; 6:20; 23:22-25.

Bocah lanang sing ora gelem dijak ngrokok karo kanca-kancané

Piyé carané cah enom isa tetep setya marang Gusti Allah wektu digodha nindakké sing salah?

16. (a) Piyé carané Iblis nggodha bocah-bocah bèn nindakké sing salah? (b) Apa sebabé milih kanca sing nresnani Yéhuwah penting banget?

16 Iblis isa nggunakké kanca-kancamu, utawa wong liya bèn kowé nindakké sing salah. Iblis ngerti nèk cara iki bakal angèl ditolak. Contoné, anak wadoné Yakub sing jenengé Dina, nduwé kanca sing ora nresnani Yéhuwah. Iki nyebabké akèh masalah kanggo Dina lan keluargané. (Purwaning Dumadi 34:1, 2) Nèk kancamu ora nresnani Yéhuwah, kancamu kuwi isa meksa kowé nindakké apa sing disengiti Yéhuwah. Iki isa nyebabké masalah kanggo kowé lan keluargamu, lan uga nglarani atiné Yéhuwah. (Wulang Bebasan 17:21, 25) Mula, nggolèk kanca sing nresnani Yéhuwah penting banget.​—1 Korinta 15:33.

KELUARGA PANJENENGAN ISA AYEM TENTREM

17. Apa tanggung jawabé saben anggota keluarga?

17 Keluarga ora perlu ngadhepi akèh masalah lan kasusahan, nèk saben anggota keluarga manut karo préntahé Gusti Allah. Dadi, nèk panjenengan wong lanang, panjenengan kudu nresnani lan nggatèkké bojoné panjenengan. Nèk panjenengan wong wadon, panjenengan kudu ngajèni lan manut karo bojoné panjenengan, uga nirua tuladhané wong wadon sing dicathet ing Wulang Bebasan 31:10-31. Nèk panjenengan wong tuwa, panjenengan kudu ndhidhik anak-anak bèn tresna karo Gusti Allah. (Wulang Bebasan 22:6) Nèk panjenengan dadi ’kepalaning brayat’, tuntunen keluarga panjenengan nganggo cara ”kang becik”. (1 Timotéus 3:4, 5; 5:8) Anak-anak kudu manut karo wong tuwa. (Kolosé 3:20) Élinga nèk saben anggota keluarga isa waé nggawé salah, mula panjenengan kudu andhap asor lan gelem ngapurani siji lan sijiné. Dadi, mung Alkitab sing isa nuntun saben anggota keluarga, merga isiné pathokan-pathokan saka Yéhuwah.

a Panjenengan isa éntuk katrangan luwih akèh bab carané ngayomi anaké panjenengan saka bebaya, ing bab 32 buku Belajarlah dari sang Guru Agung, sing diwetokké déning Seksi-Seksi Yéhuwah.

b Nèk préntahé wong tuwa nglanggar pathokané Alkitab, bocah-bocah isa ora manut karo wong tuwané.​—Lelakoné Para Rasul 5:29.

RINGKESAN

WULANGAN 1: YÉHUWAH SING NGGAWÉ KELUARGA

”Iya iku mulané aku jèngkèng sujud ana ing ngarsané Sang Rama, kang dadi asalé sebutané kabèh turun kang ana ing swarga lan ing bumi.”—Éfesus 3:14, 15

Piyé keluargané panjenengan isa ayem tentrem?

  • Purwaning Dumadi 1:26-28

    Yéhuwah sing sepisanan nggawé keluarga.

  • Éfesus 5:1, 2

    Bèn keluarga isa ayem tentrem, kudu niru Yéhuwah lan Yésus.

WULANGAN 2: PIYÉ CARANÉ DADI BOJO SING APIK

”Padha tresnaa marang bojomu . . . déné para wong wadon padha ngajènana marang kang lanang.” —Éfesus 5:33

Apa sing kudu ditindakké siji lan sijiné?

  • Éfesus 5:22-29

    Wong lanang kudu tanggung jawab karo keluargané. Dhèwèké kudu nresnani bojoné, lan sing wadon kudu ndhukung keputusané bojoné.

  • Kolosé 3:19; 1 Pétrus 3:4

    Wong bebojoan kudu apikan lan nggatèkké siji lan sijiné.

  • 1 Pétrus 3:1, 2, 7

    Wong lanang lan wong wadon kudu ngajèni siji lan sijiné.

  • 1 Timotéus 5:8; Titus 2:4, 5

    Wong lanang kudu nyedhiyakké kebutuhan keluargané. Wong wadon kudu ngopèni keluargané.

WULANGAN 3: PIYÉ CARANÉ DADI WONG TUWA SING APIK

”Aja padha gawé seriking atiné anak-anakmu, nanging gulawenthahen ing bab piwulang lan pepéling kang saka ing Gusti.”—Éfesus 6:4

Apa tanggung jawabé wong tuwa kanggo anak-anaké?

  • Pangandharing Torèt 6:4-9; Wulang Bebasan 22:6

    Panjenengan kudu nduwé wektu kanggo mulang anak-anaké panjenengan bab Yéhuwah. Wiwit anak-anak isih cilik, panjenengan kudu sabar mulang anak-anak bèn isa dadi kancané Yéhuwah.

  • 1 Pétrus 5:8

    Panjenengan kudu mulang anak-anak, bèn wani nolak nèk ana wong sing arep tumindak saru karo dhèwèké lan bebaya liyané.

  • Yérémia 30:11; Ibrani 12:9-11

    Aja mènèhi disiplin wektu lagi nesu lan carané aja kasar.

WULANGAN 4: KERSANÉ YÉHUWAH KANGGO BOCAH-BOCAH

”Hé bocah-bocah, manut-mituruta marang wong tuwamu.”—Éfesus 6:1

Apa sebabé bocah-bocah kudu manut karo wong tuwa?

  • Wulang Bebasan 23:22-25; Kolosé 3:20

    Nèk kowé manut karo wong tuwa, isa nggawé atiné Yéhuwah lan wong tuwamu dadi seneng.

  • 1 Korinta 15:33

    Golèka kanca sing nresnani Yéhuwah. Bèn isa mbantu kowé nindakké apa sing bener.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim