PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • lfb pelajaran 1 hlm. 8
  • Yéhuwah Nyiptakké Langit lan Bumi

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Yéhuwah Nyiptakké Langit lan Bumi
  • Ayo Sinau saka Crita Alkitab
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Carané Malaékat Mbantu Panjenengan
    Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2017
Ayo Sinau saka Crita Alkitab
lfb pelajaran 1 hlm. 8
Taman Èden

PELAJARAN 1

Yéhuwah Nyiptakké Langit lan Bumi

Yéhuwah kuwi Pencipta. Yéhuwah nggawé kabèh sing kétok lan sing ora kétok. Sakdurungé nggawé kabèh sing kétok, Yéhuwah nggawé akèh malaékat. Kowé ngerti ora malaékat kuwi apa? Malaékat kuwi ciptaané Yéhuwah sing digawé mirip kaya Yéhuwah. Kaya Yéhuwah, malaékat kuwi ora kétok. Malaékat pertama sing diciptakké Yéhuwah mbantu Yéhuwah nggawé bintang, planèt, lan liya-liyané. Salah siji planèt sing digawé yaiku Bumi. Bumi digawé kanggo dadi tempat tinggalé manungsa.

Terus, Yéhuwah nyiapké bumi bèn kéwan lan manungsa isa urip ing kono. Yéhuwah nggawé sinar matahari isa tekan bumi. Yéhuwah ya nggawé gunung, laut, lan kali.

Apa manèh sing digawé Yéhuwah? Yéhuwah ngomong, ’Aku arep nggawé suket, tanduran, lan wit-witan.’ Ana akèh jenis buah, sayuran, lan kembang sing digawé Yéhuwah. Terus, Yéhuwah nggawé kéwan-kéwan. Ana kéwan sing isa mabur, ana sing urip ing banyu, lan ana sing merayap. Yéhuwah nggawé kéwan sing cilik, contoné kelinci. Yéhuwah ya nggawé kéwan sing gedhé, contoné gajah. Kowé paling seneng kéwan apa?

Terus, Yéhuwah ngomong karo malaékat sing pertama, ”Ayo nggawé manungsa.” Manungsa kuwi béda karo kéwan. Manungsa isa nggawé barang, ngomong, ngguyu, lan ndonga. Manungsa bakal diwènèhi tugas kanggo ngurus bumi lan kéwan. Apa kowé ngerti sapa manungsa sing pertama? Ayo dilanjutké critané.

”Awalé, Gusti Allah nyiptakké langit lan bumi.”​—Kejadian 1:1

Pertanyaan: Yéhuwah kuwi sapa? Yéhuwah nggawé apa waé?

Purwaning Dumadi 1:1-26; Wulang Bebasan 8:30, 31; Yérémia 10:12; Kolose 1:15-17

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim