PELAJARAN 13
Yakub lan Ésau Rukun Manèh
Yéhuwah janji nèk bakal nglindhungi Yakub kaya Dhèwèké nglindhungi Abraham lan Ishak. Yakub manggon ing Haran. Ing kono, Yakub nikah, nduwé anak akèh, lan dadi sugih banget.
Bar kuwi, Yéhuwah ngongkon Yakub, ’Balia ing dhaèrah asalmu.’ Yakub lan keluargané manut. Ing perjalanan, ana pembantuné Yakub sing teka, terus ngomong, ’Kakangmu lagi perjalanan mréné. Dhèwèké mréné karo wong 400.’ Yakub wedi banget. Yakub mikir nèk Ésau bakal nyerang dhèwèké lan keluargané. Mula, Yakub ndonga, ’Yéhuwah, tulung slametké aku saka kakangku.’ Sésuké, Yakub ngirim hadiah domba, kambing, sapi, unta, lan keledai sing akèh banget kanggo Ésau.
Benginé, pas lagi dhèwèkan, Yakub ketemu karo malaékat. Yakub gelut karo malaékat kuwi nganti ésuk. Senajan awaké lara kabèh, Yakub ora nyerah. Malaékat kuwi ngomong, ’Eculna aku.’ Yakub njawab, ’Wegah. Kowé kudu mberkahi aku sik.’
Yakub akhiré diberkahi karo malaékat kuwi. Saiki Yakub yakin nèk Yéhuwah bakal nglindhungi dhèwèké saka Ésau.
Ésuké, saka kadohan Yakub ndelok Ésau teka karo wong 400. Yakub mlaku ndhisiki keluargané, terus marani Ésau lan sujud ing ngarepé Ésau nganti ping pitu. Ésau ya marani Yakub, terus meluk Yakub. Wong loro kuwi nangis, lan akhiré padha rukun manèh. Nurutmu, apa Yéhuwah seneng karo Yakub?
Bar kuwi, Ésau mulih ing omahé. Yakub ya nglanjutké perjalanané. Yakub nduwé anak lanang 12. Anaké jenengé Rubèn, Siméon, Lèwi, Yéhuda, Dan, Naftali, Gad, Asyèr, Isakhar, Zébulon, Yusuf, lan Bènyamin. Salah siji anaké Yakub sing jenengé Yusuf digunakké Yéhuwah kanggo nglindhungi umaté. Apa kowé ngerti piyé carané? Ayo diteruské critané.
”Kowé kudu terus nresnani mungsuh-mungsuhmu lan ndongakké wong-wong sing nganiaya kowé. Kuwi dadi bukti nèk kowé anak-anaké Bapakmu ing swarga.”—Matius 5:44, 45