PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • lfb pelajaran 42 hlm. 102-hlm. 103 par. 3
  • Yonatan Kuwi Wong sing Kendel lan Setya

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Yonatan Kuwi Wong sing Kendel lan Setya
  • Ayo Sinau saka Crita Alkitab
  • Bahan sing Mèh Padha
  • ”Gusti Allah Bisa Maringi Kemenangan”
    Tirunen Imané
  • Buktèkna Kowé Setya marang Yéhuwah
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2016
  • Terus Sayang karo Para Sedulur
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2021
  • Pitakonané Sing Maca
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2022
Ayo Sinau saka Crita Alkitab
lfb pelajaran 42 hlm. 102-hlm. 103 par. 3
Yonatan lan pembantu sing nggawa senjatané

PELAJARAN 42

Yonatan Kuwi Wong sing Kendel lan Setya

Yonatan kuwi anaké Raja Saul sing pertama. Yonatan kuwi pejuang sing kendel. Daud ngomong nèk Yonatan kuwi luwih cepet ketimbang elang lan luwih kuwat ketimbang singa. Wektu kuwi, Yonatan ndelok ana 20 prajurit Filistin ing bukit. Yonatan ngomong karo pembantu sing nggawa senjatané, ’Awaké dhéwé bakal nyerang wong Filistin nèk Yéhuwah mènèhi tandha. Nèk wong Filistin ngongkon awaké dhéwé munggah, kuwi berarti awaké dhéwé kudu nyerang.’ Bar kuwi, wong Filistin mbengok, ’Munggaha! Lawanen aku!’ Akhiré, wong loro kuwi munggah ing bukit lan ngalahké prajurit Filistin.

Yonatan mènèhi Daud barang-barang pribadiné

Merga dadi anak pertamané Saul, Yonatan sing kuduné dadi raja sakwisé Saul. Tapi, Yonatan ora iri wektu ngerti nèk Daud sing dipilih Yéhuwah dadi raja Israèl sing anyar. Yonatan lan Daud malah isa dadi sahabat. Yonatan janji nèk bakal nglindhungi Daud. Daud ya janji kaya ngono. Yonatan mènèhi Daud jubah, pedhang, busur panah, lan sabuké. Kuwi dadi tandha nèk Daud kuwi sahabaté.

Wektu Daud mlayu saka Saul, Yonatan nemoni Daud. Yonatan ngomong, ’Kowé kudu kuwat lan kendel. Yéhuwah wis milih kowé dadi raja. Bapakku ya ngerti soal kuwi.’ Apa kowé péngin nduwé sahabat kaya Yonatan?

Senajan bahaya, Yonatan terus mbantu Daud. Dhèwèké ngerti nèk Raja Saul péngin matèni Daud. Dadi, Yonatan ngomong karo Saul, ’Pak, Daud kuwi ora salah. Nèk Bapak matèni Daud, Bapak bakal dosa.’ Saul nesu banget karo Yonatan. Pirang-pirang taun sakwisé kuwi, Saul lan Yonatan mati wektu perang.

Sakwisé Yonatan mati, Daud nggolèki anaké Yonatan sing jenengé Méfibosyèt. Wektu ketemu Méfibosyèt, Daud ngomong, ’Aku bakal terus ngopèni kowé merga Bapakmu kuwi sahabatku. Manggona ing istanaku. Kowé ya bakal mangan bareng aku.’ Daud ora lali karo Yonatan.

”Kowé padha-padha nresnani kaya aku wis nresnani kowé. Wong sing gelem ngorbanké uripé kanggo sahabat-sahabaté kuwi nduwé katresnan sing gedhé banget, lan ora ana sing isa ngungkuli katresnan sing kaya ngono kuwi.”​—Yohanes 15:12, 13

Pertanyaan: Apa buktiné nèk Yonatan kendel? Apa buktiné nèk Yonatan setya?

1 Samuèl 14:1-23; 18:1-4; 19:1-6; 20:32-42; 23:16-18; 31:1-7; 2 Samuèl 1:23; 9:1-13

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim