PELAJARAN 48
Anaké Randha Urip Manèh
Wektu ana kekeringan, Yéhuwah ngomong karo Èlia, ’Lungaa ing Zaréfat. Salah siji randha ing kana bakal mènèhi kowé panganan.’ Ing gerbang kutha kuwi, Èlia ndelok ana randha miskin sing lagi ngumpulké kayu. Èlia njaluk ombé karo randha kuwi. Wektu randha kuwi arep njupukké ombé, Èlia ngomong manèh, ’Tulung, gawakké aku roti.’ Tapi, randha kuwi ngomong, ’Aku ora nduwé roti kanggo kowé. Aku mung nduwé tepung sithik lan minyak sithik kanggo nggawé panganan. Kuwi waé ya mung cukup kanggo aku lan anakku.’ Èlia ngomong, ’Yéhuwah wis janji nèk kowé nggawèkké roti kanggo aku, tepung karo minyakmu ora bakal entèk nganti ana udan manèh.’
Mula, randha kuwi mulih. Terus, dhèwèké nggawèkké roti kanggo nabiné Yéhuwah. Kaya janjiné Yéhuwah, tepung lan minyaké randha kuwi ora entèk-entèk. Randha kuwi lan anaké lanang tetep nduwé panganan wektu kekeringan.
Tapi, bar kuwi, anaké randha mau lara parah lan akhiré mati. Randha kuwi njaluk bantuané Èlia. Èlia njupuk bocah kuwi saka pelukané ibuné, terus digawa munggah ing ruangan ndhuwur. Bocah kuwi diturokké ing kasur. Terus, Èlia ndonga, ’Yéhuwah, tulung uripké manèh bocah iki.’ Nèk kelakon, kuwi mesthi luar biasa banget. Kowé ngerti ora kenapa? Merga durung tau ana wong mati sing diuripké manèh wektu kuwi. Apa manèh randha lan anaké lanang kuwi dudu wong Israèl.
Bocah kuwi akhiré isa urip lan ambegan manèh. Èlia ngomong karo randha kuwi, ’Deloken, anakmu urip manèh.’ Randha kuwi seneng banget. Terus, dhèwèké ngomong karo Èlia, ’Kowé pancèn nabiné Gusti Allah. Aku percaya merga apa sing njenengan omongké kuwi saka Gusti Allah, lan kuwi mesthi kelakon.’
”Coba pikirna soal manuk gagak. Manuk gagak ora nyebar benih utawa manèn lan ora nduwé lumbung utawa gudhang, ning Gusti Allah makani manuk-manuk kuwi. Kowé kan luwih berharga timbang manuk-manuk, ta?”—Lukas 12:24