PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • lfb hlm. 2-3
  • Surat saka Pengurus Pusat

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Surat saka Pengurus Pusat
  • Ayo Sinau saka Crita Alkitab
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Ringkesan Bagian 2
    Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
  • Carané Nggunakké Brosur Sapa sing Nindakaké Kersané Yéhuwah ing Jaman Saiki?
    Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2017
  • Ringkesan Bagian 3
    Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
  • Ringkesan Bagian 1
    Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
Delok Kabèh
Ayo Sinau saka Crita Alkitab
lfb hlm. 2-3
Keluarga sing lagi mbukak Alkitab wektu sinau buku Ayo Sinau saka Crita Alkitab bareng-bareng

Surat saka Pengurus Pusat

Pembaca sing Kami Sayangi:

Awaké dhéwé umaté Yéhuwah seneng maca Alkitab. Awaké dhéwé yakin nèk sejarah sing ditulis ing Alkitab isa dipercaya. Alkitab ya isa dadi tuntunan kanggo urip lan dadi bukti nèk Yéhuwah sayang karo kabèh manungsa. (Mazmur 119:105; Lukas 1:3; 1 Yohanes 4:19) Awaké dhéwé péngin mbantu wong liya sinau wulangan sing bener saka Alkitab. Mula, kami seneng banget isa nyedhiakké buku ”Ayo Sinau saka Crita Alkitab”. Kami arep nyritakké sithik soal buku iki.

Buku iki khususé dirancang kanggo bocah-bocah. Tapi, buku iki ya isa mbantu wong déwasa sing péngin ngerti luwih akèh soal Alkitab. Alkitab kuwi buku kanggo kabèh wong. Mula, awaké dhéwé bakal éntuk manfaat lan isa bener-bener bahagia nèk sinau Alkitab.

Buku iki nyritakké soal manungsa kèt pertama diciptakké. Kabèh crita kuwi dhasaré saka Alkitab. Buku iki nyritakké peristiwa-peristiwa ing Alkitab nganggo cara sing jelas lan sederhana. Critané ya diupayakké urut kaya peristiwa asliné.

Tapi, isiné buku iki ora mung crita. Kata-kata lan gambaré digawé bèn awaké dhéwé isa mbayangké apa sing kelakon lan ngrasakké apa sing dialami tokoh-tokohé.

Buku iki mbantu awaké dhéwé ngerti nèk Alkitab nyritakké soal wong-wong sing manut Yéhuwah lan sing ora. Awaké dhéwé isa sinau saka pengalamané wong-wong kuwi. (Roma 15:4; 1 Korintus 10:6) Buku iki isiné ana 14 bagian. Ing saben awal bagian, ana ringkesan soal apa sing isa dipelajari ing bagian kuwi.

Nèk nduwé anak, njenengan isa maca salah siji pelajaran karo anaké njenengan, terus rembugen gambaré. Bar kuwi, wacanen ayat-ayat sing dadi dhasaré pelajaran kuwi. Bantunen anaké njenengan ngerti nèk sing dipelajari kuwi dhasaré saka Alkitab. Cara kuwi ya isa digunakké wektu mbantu wong déwasa sinau Alkitab.

Kami péngin bèn buku iki isa mbantu kabèh wong, ora soal enom utawa tuwa, kanggo sinau Alkitab lan ngetrapké pelajarané. Hasilé, wong-wong kuwi ya isa nyembah Yéhuwah lan dadi bagian saka keluargané Yéhuwah.

Sedulur-sedulurmu,

Pengurus Pusat Seksi-Seksi Yéhuwah

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim