LAGU 61
Seksi-Seksi Yéhuwah Kudu Semangat
1. Umaté Yah ing akhir jaman iki
kudu t’rus kendel meskipun dimungsuhi,
Pancèn Sétan sing diadhepi,
Ning Huwah sing mbantu bèn tetep wani.
(REFREIN)
Seksi-Seksi Yéhuwah kudu semangat,
Siap nglakoni tugas saka Yéhuwah,
Terus martakké harapan masa depan
lan berkah nyenengké saka Huwah.
2. Merga ora péngin nyenengké Sétan,
Umaté Huwah bakalé dadi susah.
Tetep percaya karo Huwah,
Nèk setya mesthi bakal éntuk berkah.
(REFREIN)
Seksi-Seksi Yéhuwah kudu semangat,
Siap nglakoni tugas saka Yéhuwah,
Terus martakké harapan masa depan
lan berkah nyenengké saka Huwah.
3. Kerajaan diécé lan ditolak,
Allah Yéhuwah jenengé ya dirusak,
Mula kudu mbéla Yéhuwah,
Martakké sing bener soal Yéhuwah.
(REFREIN)
Seksi-Seksi Yéhuwah kudu semangat,
Siap nglakoni tugas saka Yéhuwah,
Terus martakké harapan masa depan
lan berkah nyenengké saka Huwah.
(Deloken Pa. 9:16; Flp. 1:7; 2 Tim. 2:3, 4; Yak. 1:27.)