LAGU 120
Niru Yésus sing Rendah Hati
Vèrsi Tercétak
1. Yésus kuwi pinter lan wicaksana.
Yéhuwah mènèhi Yésus kuwasa.
Tapi Yésus rendah hati sifaté,
Ora nggolèk kepentingané dhéwé.
2. Yésus mbantu wong sing susah atiné
bèn ora terus sengsara uripé.
Wong-wong sing setya lan semangat ngabdi
mesthi bakal t’rus disayangi Gusti.
3. Aja sombong, kudu t’rus rendah hati.
Para sedulur kabèh disayangi.
Nèk t’rus manut lan setya karo Gusti,
Saklawasé bakal urip ing bumi.