LAGU 133
Nglayani Yéhuwah Kèt Enom
Vèrsi Tercétak
1. Cah-cah enom disayang Yéhuwah
lan diundang bèn nglayani Huwah.
Nèk terus manut karo Yéhuwah,
Huwah bakalé mènèhi berkah.
2. Huwah péngin bèn padha ngajèni
wong tuwané sing terus perduli.
Kuwi nggawé Huwah seneng ati,
Dadi tambah cedhak karo Gusti.
3. Cah-cah enom, élinga Yéhuwah,
Ayo padha nglayani Yéhuwah,
Tambah sayang karo Gusti Allah,
Kowé mesthi bakal bahagia.
(Deloken Mzm. 71:17; KP. 3:27; Éf. 6:1-3.)