PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • rr hlm. 25
  • Ramalané Yèhèzkièl

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Ramalané Yèhèzkièl
  • Ibadah marang Yéhuwah Akhiré Dadi Murni Manèh
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Surat saka Pengurus Pusat
    Ibadah marang Yéhuwah Akhiré Dadi Murni Manèh
  • Keterangan Buku Yèhèzkièl
    Ibadah marang Yéhuwah Akhiré Dadi Murni Manèh
  • ”Akhirmu Wis Tekan”
    Ibadah marang Yéhuwah Akhiré Dadi Murni Manèh
  • Yéhuwah Bakal Ndhukung Njenengan Bèn Semangat Nginjil
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2022
Delok Kabèh
Ibadah marang Yéhuwah Akhiré Dadi Murni Manèh
rr hlm. 25
Gambar: Ramalané Yèhèzkièl. 1. Wahyu: wong lanang sing mengkilap kaya tembaga nggawa tali linèn lan tongkat kanggo ngukur. 2. Perumpamaan: panci sing didèlèh ing geni. 3. Peragaan: Yèhèzkièl mbangun témbok pengepungan ing sak ubengé bata.

KOTHAK INFORMASI 2A

Ramalané Yèhèzkièl

RAMALAN KUWI APA?

Ing Alkitab, kata kerja Ibrani nava, diterjemahké dadi ”ngramal”. Kata kuwi maksudé nyampèkké berita, hukuman, ajaran, utawa préntah saka Gusti Allah. Kata kuwi ya berarti nyampèkké berita saka Gusti Allah soal apa sing bakal kelakon. Kabèh kuwi ana ing ramalané Yèhèzkièl.​—Yèh. 3:10, 11; 11:4-8; 14:6, 7; 37:9, 10; 38:1-4.

CARANÉ RAMALAN KUWI DISAMPÈKKÉ

  • Wong lanang sing mengkilap kaya tembaga nggawa tali linèn lan tongkat kanggo ngukur.

    WAHYU

  • Panci sing didèlèh ing geni.

    PERUMPAMAAN

  • Yèhèzkièl mbangun témbok pengepungan ing sak ubengé bata.

    PERAGAAN

Ing buku Yèhèzkièl, ana ramalan sing disampèkké liwat wahyu, perumpamaan, crita, lan peragaan.

PIYÉ RAMALAN KUWI KELAKON?

Ana ramalané Yèhèzkièl sing kelakon luwih saka ping pisan. Misalé, ramalan-ramalan sing nyritakké nèk umaté Gusti Allah bakal dibébaské kelakon wektu bangsa Israèl bali ing Tanah Perjanjian. Tapi, kaya sing dibahas ing Bab 9, ramalan-ramalan kuwi ya kelakon ing jaman saiki lan bakal kelakon ing masa depan.

Mbiyèn, awaké dhéwé kerep nggolèki gambaran lan persamaan saka ramalané Yèhèzkièl. Tapi, buku iki ora bakal nyebutké nèk wong, barang, panggonan, utawa peristiwa tertentu kuwi gambaran sing ana persamaané, kecuali Alkitab dhéwé sing njelaské.a Buku iki njelaské nèk ramalané Yèhèzkièl ora mung kelakon ing jaman mbiyèn, tapi ya kelakon ing jaman saiki lan ing masa depan. Saka buku iki, awaké dhéwé ya bakal ngerti apa sing isa disinaoni saka berita sing disampèkké Yèhèzkièl, termasuk saka wong-wong, panggonan, lan peristiwa sing dicritakké.

Balik ing bab 2, paragraf 30

a Bèn isa ngerti keterangan soal gambaran lan persamaan [padanan], deloken Menara Pengawal 15 Maret 2015 halaman 9-10 paragraf 7-12 lan bagéan ”Pertanyaan Pembaca” halaman 17-18.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim