PELAJARAN 20
Bagéan Penutup sing Cocog
Kohèlèt 12:13, 14
RINGKESAN: Ing bagéan penutup, awaké dhéwé isa nyemangati wong sing ngrungokké bèn gelem ngetrapké topik sing wis dirembug.
CARANÉ:
Kudu cocog karo topiké. Ing bagéan penutup, awaké dhéwé isa mbalèni manèh topik lan gagasan utama sing wis dirembug.
Nyemangati sing ngrungokké. Terangna apa waé sing kudu ditrapké lan alesané. Awaké dhéwé kudu yakin wektu nerangké.
Nggunakké kalimat sing singkat lan sederhana. Senajan isih ana hubungané karo topiké, aja ngrembug gagasan sing anyar manèh. Gunakna kalimat singkat sing isa nyemangati wong liya bèn gelem ngetrapké.