PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • CO-pgm19 hlm. 7-8
  • Katrangan kanggo sing Teka

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Katrangan kanggo sing Teka
  • Daftar Acara Pertemuan Gabungan Wilayah 2019
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • PERTEMUAN KHUSUS
  • Katrangan kanggo sing Teka
    Daftar Acara Pertemuan Gabungan Wilayah 2018
  • Katrangan kanggo sing Teka Kebaktian
    Daftar Acara Pertemuan Gabungan Wilayah 2020
  • Keterangan kanggo Sing Mèlu
    Daftar Acara Pertemuan Gabungan Wilayah 2023
  • Keterangan kanggo sing Mèlu
    Daftar Acara Pertemuan Gabungan Wilayah 2021
Delok Kabèh
Daftar Acara Pertemuan Gabungan Wilayah 2019
CO-pgm19 hlm. 7-8

KATRANGAN KANGGO SING TEKA KEBAKTIAN

PETUGAS TATA TERTIB Petugas tata tertib ditugasi kanggo mbantu panjenengan. Manuta arahané bab parkir, mlebu metu saka panggonan kebaktian, nyisihké kursi, lan liya-liyané.

ACARA BAPTISAN Nèk ora ana perubahan, kursi kanggo calon baptis disedhiakké nèng ngarep panggung. Para calon baptis kudu wis lungguh nèng kono sakdurungé ceramah baptisan dina Setu ésuk. Aja lali nggawa andhuk lan klambi ganti sing pantes.

SUMBANGAN Akèh biaya sing dibutuhké kanggo nyéwa kursi, tata suara, peralatan video, lan kebutuhan liyané bèn acara kebaktian iki dadi nyenengké lan nggawé awaké dhéwé saya cedhak karo Yéhuwah. Sumbangan saka lilané ati panjenengan dibutuhké kanggo nutupi biaya kuwi lan ndhukung gawéan nginjil sakdonya. Supaya luwih gampang, ana kothak-kothak sumbangan sing didèlèhké nèng akèh panggonan ing kebaktian iki. Pira waé sumbangané panjenengan mesthi diajèni. Pengurus Pusat maturnuwun merga panjenengan lila ndhukung gawéan Kratoné Allah

P3K Kudu diéling-éling, bagéan iki mung kanggo SITUASI DARURAT.

BARANG SING ILANG LAN DITEMOKKÉ Kabèh barang sing ilang lan ditemokké isa digawa nèng Bagéan Barang sing Ilang lan Ditemokké. Nèk panjenengan kélangan barang, maraa menyang bagéan iki lan sebutna barang apa sing ilang. Bocah-bocah sing ilang lan kesasar isa digawa menyang bagéan iki. Ning, bagéan iki dudu kanggo nitipké bocah-bocah. Wong tuwa kudu terus ngawasi lan njaga anak-anaké.

LUNGGUHAN Nduwéa tepa slira karo sedulur liyané. Kursi isa disisihké kanggo sing sak kendaraan, sak omah, utawa kanggo sing sinau Alkitab karo panjenengan. Tulung aja ndèlèh barang- barang nèng kursi sing ora panjenengan lungguhi.

DINAS SUKARELA Nèk panjenengan péngin mbantu gawéan sing ana kaitané karo acara kebaktian, kandhanana Bagéan Informasi lan Bagéan Dinas Sukarela.

PERTEMUAN KHUSUS

SEKOLAH KANGGO PENGINJILÉ KRATONÉ ALLAH Perintis sing umuré 23 nganti 65 taun sing péngin digunakké luwih akèh ing gawéan nginjil isa teka ing pertemuan kanggo sing nglamar Sekolah kanggo Penginjilé Kratoné Allah ing dina Minggu awan. Bakal ana pengumuman bab panggonan lan wektuné.

Dianakké déning Pengurus Pusaté Seksi-Seksi Yéhuwah

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim