PELAJARAN 05
Alkitab Kuwi saka Gusti Allah
Yéhuwah mènèhi hadiah sing berharga, yaiku Alkitab. Isiné Alkitab ana 66 buku. Ning, mungkin ana sing mikir, ’Sapa sing ngarang Alkitab?’ Bèn ngerti soal kuwi, ayo dirembug piyé kok Alkitab isa ana nganti saiki.
1. Meskipun sing nulis manungsa, ngapa kok Alkitab disebut saka Gusti Allah?
Alkitab ditulis 1.600 taun, saka 1513 SM nganti kira-kira 98 M. Sing nulis Alkitab ana 40. Meskipun sing nulis béda-béda, tapi isiné tetep nyambung. Kok isa? Merga Gusti Allah sing ngarang Alkitab. (Wacanen 1 Tésalonika 2:13.) Sing nulis Alkitab ora nulis pendapaté dhéwé, tapi ”kuwi asalé saka Gusti Allah merga wong-wong kuwi dituntun roh suci”.a (2 Pétrus 1:21) Gusti Allah nuntun manungsa nganggo roh suciné bèn nulis pikiran lan perasaané Gusti Allah.—2 Timotius 3:16.
2. Sapa waé sing isa maca Alkitab?
”Kabèh suku, golongan, basa, lan bangsa” isa maca kabar apik ing Alkitab. (Wacanen Wahyu 14:6.) Alkitab kuwi buku sing paling akèh diterjemahké timbang buku-buku liyané. Mèh kabèh wong isa maca Alkitab. Kabèh wong saka endi waé utawa sing ngomong nganggo basa apa waé isa maca Alkitab.
3. Piyé Alkitab isih ana nganti saiki?
Mbiyèn Alkitab ditulis ing bahan sing ora awèt, ning ana wong-wong sing nyalin isiné Alkitab. Ana pemerintah lan pemimpin agama sing péngin Alkitab ora ana manèh, tapi ana wong-wong sing berjuang bèn Alkitab tetep ana. Yéhuwah terus berusaha bèn wong-wong isa maca Alkitab. Menurut Alkitab, ”Omongané Gusti Allah bakal ana sakterusé.”—Yésaya 40:8.
SINAU LUWIH AKÈH
Ana keterangan soal piyé Gusti Allah nuntun manungsa nulis Alkitab. Terus, ya ana keterangan piyé Gusti Allah berusaha bèn Alkitab isih tetep ana nganti saiki lan isa diwaca kabèh wong.
4. Sing ngarang Alkitab
Setèlen VIDÉONÉ. Wacanen 2 Timotius 3:16, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:
Meskipun sing nulis manungsa, ngapa kok Alkitab disebut saka Gusti Allah?
Apa njenengan percaya nèk Gusti Allah nuntun manungsa nulis pikiran lan perasaané Gusti Allah?
Manungsa dituntun Gusti Allah wektu nulis Alkitab, kaya sekretaris sing didhikté bosé wektu nulis surat
5. Alkitab isih tetep ana nganti saiki
Alkitab kuwi saka Gusti Allah, dadi Dhèwèké péngin kuwi tetep ana. Kèt mbiyèn, ana wong-wong sing berusaha bèn Alkitab ora ana manèh. Para pemimpin agama ya ora péngin wong-wong maca Alkitab. Ning, ana wong-wong sing nganti wani mati berusaha bèn Alkitab tetep ana. Nèk péngin ngerti contoné setèlen VIDÉONÉ, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:
Sakwisé ngerti perjuangané wong-wong sing péngin Alkitab tetep ana, apa njenengan dadi péngin maca Alkitab?
Wacanen Mazmur 119:97, terus rembugen pertanyaan iki:
Ngapa kok ana sing nganti wani mati nerjemahké lan nyétak Alkitab?
6. Buku kanggo kabèh wong
Alkitab kuwi buku sing paling akèh diterjemahké lan dicétak. Wacanen Kisah 10:34, 35, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:
Ngapa kok Gusti Allah péngin Alkitab diterjemahké lan dicétak sak akèh-akèhé?
Apa pendapaté njenengan soal Alkitab bar sinau pelajaran iki?
Mèh
kabèh
wong
isa maca Alkitab nganggo basané dhéwé
Diterjemahké luwih saka
3.000
basa
lengkap utawa sebagian
Kira-kira
5 milyar
sing dicétak,
paling akèh timbang buku liyané
NÈK ANA SING NGOMONG: ”Isiné Alkitab wis ora asli manèh.”
Nèk menurut njenengan piyé?
Apa buktiné nèk isiné Alkitab isih asli?
KESIMPULAN
Alkitab kuwi buku saka Gusti Allah. Dhèwèké berusaha bèn kabèh wong isa maca Alkitab.
Jawaben
Piyé Gusti Allah nuntun manungsa nulis Alkitab?
Sakwisé sinau pelajaran iki, apa kesané njenengan soal Alkitab?
Piyé perasaané njenengan sakwisé ngerti nèk Gusti Allah berusaha bèn njenengan isa terus maca Alkitab?
BAHAN TAMBAHAN
Wacanen piyé critané kok Alkitab isa tetep ana nganti saiki.
”Piyé Alkitab Isih Tetep Ana Nganti Saiki?” (Gatèkna! November 2007)
Critakna piyé carané bèn Alkitab ora rusak, ora disingkirké, lan isiné ora diubah.
Critakna pengalamané wong-wong sing berjuang nerjemahké Alkitab.
Meskipun wis bola-bali disalin lan diterjemahké, ngapa kok njenengan percaya nèk isiné Alkitab isih padha kaya asliné?
”Apa Isiné Alkitab Isih Padha Kaya Asliné?” (Artikel ing jw.org)
a Roh suci kuwi kekuwatané Gusti Allah. Kuwi bakal dirembug ing Pelajaran 07.