PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • lff pelajaran 29
  • Nèk Mati Kuwi Piyé?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Nèk Mati Kuwi Piyé?
  • Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • SINAU LUWIH AKÈH
  • KESIMPULAN
  • BAHAN TAMBAHAN
  • Apa Wong Mati Bisa Urip Manèh?
    Kabar Apik saka Gusti Allah!
  • Piyé Kahanané Wong Mati?
    Apa Wulangané Alkitab kanggo Panjenengan?
  • Kaya Apa Wong Mati Kuwi?
    Panjenengan Isa Dadi Kancané Gusti Allah
  • Terus Manut karo Wulangan sing Bener soal Kematian
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2019
Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
lff pelajaran 29
Pelajaran 29. Wong lanang karo bojoné ndonga ing ngarep nisan.

PELAJARAN 29

Nèk Mati Kuwi Piyé?

Vèrsi Tercétak
Vèrsi Tercétak
Vèrsi Tercétak

Nèk ditinggal mati wong sing disayangi, mesthi rasané sedhih banget. Mungkin njenengan mikir, ’Wong mati kuwi piyé? Apa isa mengko ketemu manèh?’ Kuwi bakal dirembug ing pelajaran 29 lan 30.

1. Wong mati kuwi kaya apa?

Yésus ngomong nèk wong mati kuwi padha kaya wong sing lagi turu angler. Sing padha apané? Wong sing lagi turu angler ora ngerti ing sekitaré ana apa. Wong sing wis mati ya ora ngrasa lara lan ora ngrasa kesepian. Menurut Alkitab, ”Wong mati ora ngerti apa-apa.”​—Wacanen Pengkhotbah 9:5.

2. Apa waé manfaaté nèk ngerti ajaran sing bener soal wong mati?

Akèh wong wedi mati lan wedi karo wong mati. Tapi nèk wis ngerti ajaran sing bener saka Alkitab, isa ora wedi manèh. Yésus ngomong, ”Apa sing bener kuwi bakal mbébaské kowé.” (Yohanes 8:​32) Ing Alkitab ora ana keterangan nèk arwahé wong mati isih gentayangan, nèk wong mati kuwi disiksa, utawa isa nyilakani awaké dhéwé, meskipun kuwi sing diajarké para pemimpin agama. Merga wong mati ora ngerti apa-apa, dadi ora perlu disajèni utawa didongakké.

Awaké dhéwé ora isa omong-omongan karo wong mati soalé ”wong mati ora ngerti apa-apa”. Hantu-hantu isa éthok-éthok dadi wong sing wis mati. Dadi nèk ana sing ngira isa omong-omongan karo wong mati, kuwi isa waé sakjané lagi omong-omongan karo hantu-hantu. Yéhuwah péngin nglindhungi awaké dhéwé bèn ora dicilakani hantu-hantu. Makané Yéhuwah nglarang awaké dhéwé omong-omongan karo wong mati.​—Wacanen Pangandharing Torèt 18:​10-​12.

SINAU LUWIH AKÈH

Ayo ngrembug ajaran ing Alkitab soal wong mati lan keterangan nèk Gusti Allah ora nyiksa wong mati.

Wong lanang karo anaké wédok loro sing sedhih merga ditinggal mati bojoné. Keluarga lan kanca-kancané padha nglayat.

3. Ajaran sing bener soal wong mati

Ana akèh kepercayaan sing béda-béda soal wong mati, tapi ora kabèh bener.

  • Wong-wong ing dhaérahé njenengan percayané wong mati kuwi piyé?

Menurut Alkitab piyé? Setèlen VIDÉONÉ.

VIDÉO: Piyé Keadaané Wong Mati?​—Cuplikan (1:​19)

Gambar: Gambar saka vidéo ’Piyé Keadaané Wong Mati?​—Cuplikan’. 1. Mayat ing tempat tidur. 2. Wong lanang turu pas numpak kréta.

Wacanen Pengkhotbah 3:​20, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:

  • Menurut ayat iki, wong sing wis mati bakal dadi apa?

  • Apa arwahé isih gentayangan?

Ing Alkitab ana kisah soal Lazarus, kancané Yésus. Bèn ngerti Lazarus pas mati kuwi piyé, wacanen Yohanes 11:​11-​14, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:

  • Menurut Yésus, wong mati kuwi kaya apa?

  • Berarti wong mati kuwi piyé?

  • Piyé pendapaté njenengan bar ngerti ajaran ing Alkitab soal wong mati?

4. Ora wedi manèh karo wong mati

Nèk ngerti ajaran sing bener soal wong mati, awaké dhéwé dadi ora wedi karo wong mati. Wacanen Pengkhotbah 9:​10, terus rembugen pertanyaan iki:

  • Apa wong mati isa nyilakani awaké dhéwé?

Nèk ngerti ajaran sing bener soal wong mati, awaké dhéwé dadi ngerti nèk wong mati ora perlu disajèni. Wacanen Yésaya 8:​19 lan Wahyu 4:​11, terus rembugen pertanyaan iki:

  • Menurut njenengan, piyé perasaané Yéhuwah nèk ana sing njaluk bantuané wong mati utawa nggawé acara kanggo menghormati wong mati?

Gambar: Tradhisi menghormati wong mati. 1. Ndonga lan ngekèki sajèn ing kuburan. 2. Tarian suku kanggo nyembah leluhur. 3. Arak-arakan nganggo topèng tengkorak lan nggawa patung tengkorak pas Hari Orang Mati.

Nèk ngerti ajaran sing bener, awaké dhéwé ora bakal mèlu perayaan kanggo wong mati merga Yéhuwah ora seneng

5. Ngrasa tenang

Akèh sing nganggep nèk wong mati bakal dihukum sesuai salahé pas isih urip. Tapi menurut Alkitab, wong mati ora disiksa meskipun pas urip jahat banget. Wacanen Roma 6:​7, terus rembugen pertanyaan iki:

  • Menurut Gusti Allah, wong nèk wis mati kuwi wis ora dosa manèh. Dadi, apa wong mati bakal dihukum merga dosané?

Nèk ngerti sifat-sifaté Yéhuwah, awaké dhéwé isa dadi tambah yakin nèk Yéhuwah ora mungkin nyiksa wong mati. Wacanen Pangandharing Torèt 32:4 lan 1 Yohanes 4:​8, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:

  • Mosok Gusti Allah sing sifat-sifaté kaya ngono nyiksa wong mati?

  • Piyé perasaané njenengan saiki bar ngerti ajaran sing bener soal wong mati?

NÈK ANA SING NGOMONG: ”Aku wedi disiksa pas aku mati.”

  • Ayat Alkitab apa sing isa njenengan wacakké?

KESIMPULAN

Wong sing wis mati ora ngerti apa-apa, ora disiksa, lan ora isa nyilakani wong sing isih urip.

Jawaben

  • Wong mati kuwi kaya apa?

  • Ngapa kok awaké dhéwé ora wedi manèh karo wong mati nèk ngerti ajaran sing bener?

  • Ngapa kok awaké dhéwé isa dadi tenang nèk ngerti ajaran sing bener?

Rencana

BAHAN TAMBAHAN

Apa sing dimaksud ”jiwa” menurut Alkitab?

”Jiwa Kuwi Apa?” (Artikel ing jw.org)

Apa Gusti Allah nyiksa wong jahat ing neraka?

Apa Wong Jahat Disiksa ing Neraka? (3:07)

Ngapa kok ora perlu wedi karo wong mati?

Apa Wong Mati Isa Mbantu utawa Nyilakani? Apa Arwahé Isih Gentayangan? (buku)

Wacanen pengalamané wong lanang sing akhiré dadi nduwé harapan bar sinau ajaran sing bener soal wong mati.

”Aku Seneng Banget Bar Ngerti Keterangan sing Bener saka Alkitab” (Warta Penting 1 Februari 2015)

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim