PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • lff pelajaran 36
  • Terus Jujur

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Terus Jujur
  • Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • SINAU LUWIH AKÈH
  • KESIMPULAN
  • BAHAN TAMBAHAN
  • ”Jujur ing Kabèh Perkara”
    Carané Bèn Tetep Ditresnani Gusti Allah
  • Paédahé Nèk Jujur
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2016
  • Sipat sing Luwih Aji Timbang Berlian
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2016
Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
lff pelajaran 36
Pelajaran 36. Nandhatangani dhokumèn.

PELAJARAN 36

Terus Jujur

Vèrsi Tercétak
Vèrsi Tercétak
Vèrsi Tercétak

Njenengan mesthi seneng nèk nduwé kanca sing jujur. Yéhuwah ya kaya ngono. Tapi jujur kuwi ora gampang soalé akèh wong saiki ora jujur. Nèk berusaha jujur, apa waé manfaaté?

1. Ngapa kok kudu jujur?

Jujur kuwi bukti nèk awaké dhéwé sayang lan ora péngin nggawé Yéhuwah sedhih. Yéhuwah ngerti pikiran lan perbuatané awaké dhéwé. (Ibrani 4:​13) Dhèwèké ngerti lan seneng nèk awaké dhéwé berusaha jujur. Menurut Alkitab, ”Yéhuwah sengit karo wong sing licik, ning Dhèwèké akrab karo wong sing bener.”​—Wulang Bebasan 3:​32.

2. Apa waé buktiné nèk jujur?

Yéhuwah péngin awaké dhéwé ”jujur wektu ngomong karo wong liya”. (Zakharia 8:​16, 17) Kuwi berarti ora ngapusi keluarga, kanca kerja, sedulur seiman, utawa pemerintah, lan ora ngekèki keterangan sing isa marahi wong liya salah paham. Wong sing jujur ya ora bakal nyolong lan ora curang. (Wacanen Wulang Bebasan 24:28 lan Éfésus 4:​28.) Wong sing jujur ya mbayar pajeg. (Roma 13:​5-7) Dadi, awaké dhéwé kudu ”jujur wektu nindakké apa waé”.​—Ibrani 13:18.

3. Apa waé manfaaté nèk jujur?

Nèk jujur, bakal dipercaya karo wong liya. Para sedulur ing jemaat ya mesthi ngrasa tenang lan ora kuwatir. Hati nurani ya isa ngrasa pénak. Terus ya isa ”ngluhurké ajarané Gusti Allah” lan nggawé wong-wong péngin dadi umaté Yéhuwah.​—Titus 2:​10.

SINAU LUWIH AKÈH

Ayo ngrembug piyé perasaané Yéhuwah nèk awaké dhéwé jujur, apa manfaaté nèk jujur, lan piyé bèn isa terus jujur.

4. Yéhuwah seneng nèk umaté jujur

Wacanen Mazmur 44:21 lan Maléakhi 3:​16, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:

  • Ngapa kok aja nganti mikir nèk ora ana sing ngerti pas awaké dhéwé ngapusi?

  • Menurut njenengan, piyé perasaané Yéhuwah nèk awaké dhéwé ngomong jujur meskipun kuwi ora gampang?

Cah cilik crita karo bapaké, bapaké ngrungokké tenanan. Ana jus wutah ing méja.

Nèk anaké ngomong jujur, wong tuwa mesthi seneng. Nèk awaké dhéwé ngomong jujur, Yéhuwah mesthi seneng

5. Terus jujur

Akèh sing nganggep nèk kadhang-kadhang ora jujur kuwi ora apa-apa. Tapi, ngapa kok kudu terus jujur? Setèlen VIDÉONÉ.

VIDÉO: Apa sing Isa Nggawé Bungah?​—Hati Nurani sing Resik (2:​32)

Gambar saka vidéo ’Apa sing Isa Nggawé Bungah?​—Hati Nurani sing Resik’. Bar Ben ngakoni kesalahané, dhèwèké karo bosé salaman.

Wacanen Ibrani 13:​18, terus rembugen apa buktiné nèk jujur . . .

  • karo keluarga.

  • pas kerja utawa sekolah.

  • pas urusan liyané.

6. Manfaaté nèk jujur

Isa waé awalé awaké dhéwé dadi susah merga jujur. Tapi, kuwi akhiré mesthi ana manfaaté. Wacanen Mazmur 34:​12-​16, terus rembugen pertanyaan iki:

  • Apa waé manfaaté nèk jujur?

A. Wong lanang lan bojoné ngobrol karo ngopi.. B. Karyawan bèngkèl dipuji bosé. C. Wong lanang ing njero mobil nduduhké pasporé karo polisi.
  1. Nèk jujur, wong sing nikah isa bahagia

  2. Nèk jujur, karyawan isa dipercaya karo majikané

  3. Nèk jujur, awaké dhéwé bakal dianggep dadi warga negara sing apik

NÈK ANA SING NGOMONG: ”Nèk mung ngapusi sithik kuwi ora apa-apa.”

  • Menurut njenengan, apa buktiné nèk Yéhuwah ora seneng nèk ana wong sing ngapusi embuh kuwi sithik utawa akèh?

KESIMPULAN

Yéhuwah péngin nduwé kanca sing perbuatan lan omongané jujur.

Jawaben

  • Apa waé buktiné nèk jujur?

  • Ngapa kok aja nganti mikir nèk ora ana sing ngerti pas awaké dhéwé ngapusi?

  • Ngapa kok njenengan péngin terus jujur?

Rencana

BAHAN TAMBAHAN

Piyé wong tuwa ngajari anaké bèn jujur?

Ngomong sing Sabeneré (1:​44)

Apa manfaaté nèk nepati janji?

Yéhuwah Mberkahi Wong sing Nepati Janji (9:​09)

Ngapa kok kudu mbayar pajeg?

”Apa Kudu Mbayar Pajeg?” (Warta Penting 1 September 2011)

Ana pengalamané wong sing senengané ora jujur, tapi saiki dadi wong sing jujur.

”Aku Ngerti Nèk Yéhuwah Apikan lan Seneng Ngampuni” (Warta Penting 1 Mei 2015)

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim