PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • lff pelajaran 41
  • Pandhangané Gusti Allah soal Sèks

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Pandhangané Gusti Allah soal Sèks
  • Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • SINAU LUWIH AKÈH
  • KESIMPULAN
  • BAHAN TAMBAHAN
  • Aja Nindakké Hubungan Sèks sing Ora Sah
    Carané Bèn Tetep Ditresnani Gusti Allah
  • Apa Sèks Oral Kuwi Salah?
    Pitakonané Cah Enom
  • Piyé Carané Bèn Aku Ora Mikirké sing Saru-Saru?
    Pitakonané Cah Enom
Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
lff pelajaran 41
Lesson 41. A man and a woman hold hands.

PELAJARAN 41

Pandhangané Gusti Allah soal Sèks

Vèrsi Tercétak
Vèrsi Tercétak
Vèrsi Tercétak

Akèh sing risi nèk ngomongké soal sèks. Tapi ing Alkitab, carané Yéhuwah njelaské soal sèks kuwi bermartabat, lan keterangan kuwi mesthi ana manfaaté. Yéhuwah kuwi sing nyiptakké manungsa. Mulané, Dhèwèké ngerti sing paling apik kanggo awaké dhéwé. Yéhuwah ya ngandhani piyé bèn isa nggawé Dhèwèké seneng lan apa sing isa nggawé awaké dhéwé bahagia saklawasé.

1. Piyé pandhangané Yéhuwah soal sèks?

Hubungan sèks kuwi anugrah saka Yéhuwah sing isa nggawé wong sing wis nikah bahagia. Tujuané ora mung bèn nduwé anak, tapi ya bèn bener-bener ngrasa disayang. Mulané Gusti Allah ngomong, ”Muga-muga kowé seneng-seneng karo bojomu sing nikah karo kowé wektu kowé isih enom.” (Wulang Bebasan 5:​18, 19) Yéhuwah péngin wong sing wis nikah tetep setya karo bojoné lan ora laku jina.​—Wacanen Ibrani 13:4.

2. Apa maksudé hubungan sèks sing ora pantes?

Menurut Alkitab, ”Wong sing nindakké hubungan sèks sing ora pantes . . . ora bakal nampa warisan Kerajaané Gusti Allah.” (1 Korintus 6:​9, 10) Istilah ”hubungan sèks sing ora pantes” iki saka kata Yunani por·neiʹa. Kuwi termasuk (1) hubungan sèksa sing dilakoni wong-wong sing ora nikah sah, (2) hubungan sèks karo wong sing padha lanangé utawa padha wédoké (homosèks), lan (3) hubungan sèks karo kéwan. Nèk ”ora nindakké hubungan sèks sing ora pantes”, awaké dhéwé isa bahagia lan nggawé Yéhuwah seneng.​—1 Tésalonika 4:3.

SINAU LUWIH AKÈH

Ayo ngrembug piyé bèn isa nolak hubungan sèks sing ora pantes, lan apa waé manfaaté nèk terus berusaha bèn tingkah lakuné sesuai karo sing dikarepké Yéhuwah.

Joseph fleeing from Potiphar’s wife. She holds Joseph’s garment in her hand.

3. Cepet-cepet nolak hubungan sèks sing ora pantes

Yusuf ora gelem wektu dijak hubungan sèks. Wacanen Purwaning Dumadi 39:​1-​12, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:

  • Ngapa kok Yusuf ora gelem dijak hubungan sèks?​—Deloken ayat 9.

  • Menurut njenengan, keputusané Yusuf kuwi bener apa ora? Lha ngapa?

Piyé cah-cah enom saiki isa niru Yusuf? Setèlen VIDÉONÉ.

VIDÉO: Nyingkira saka Amoralitas Sèksual (5:​06)

Yéhuwah péngin bèn tingkah lakuné awaké dhéwé tetep bener. Wacanen 1 Korintus 6:​18, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:

  • Biasané, keadaan apa waé sing marahi wong dadi kegodha kanggo hubungan sèks sing ora pantes?

  • Piyé carané cepet-cepet nolak kuwi?

4. Njenengan isa nolak godhaan

Apa sing isa marahi wong dadi gampang kegodha kanggo hubungan sèks sing ora pantes? Setèlen VIDÉONÉ, terus rembugen pertanyaan iki:

VIDÉO: Wani Nolak Godhaan Merga Maca Alkitab (3:​02)

  • Bar ngerti nèk sing dipikirké kuwi isa marahi dhèwèké dadi ora setya karo bojoné, sedulur lanang kuwi terus piyé?

Wong Kristen sing setya ya isih kudu berjuang bèn ora mikirké sing saru-saru. Piyé carané? Wacanen Filipi 4:​8, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:

  • Apa waé sing kuduné awaké dhéwé pikirké?

  • Ngapa kok maca Alkitab lan sibuk nglayani Yéhuwah isa nggawé awaké dhéwé nolak godhaan?

5. Manfaaté ngetrapké pathokané Yéhuwah

Yéhuwah ngerti sing paling apik kanggo awaké dhéwé. Yéhuwah ngandhani piyé carané bèn tingkah lakuné awaké dhéwé bener lan apa manfaaté. Wacanen Wulang Bebasan 7:​7-​27 utawa setèlen VIDÉONÉ, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:

VIDÉO: Kudu Ngati-ati (9:​31)

  • Apa buktiné nèk cah lanang kuwi ora nolak godhaan?​—Deloken Wulang Bebasan 7:​8, 9.

  • Menurut Wulang Bebasan 7:​23, 26, hubungan sèks sing ora pantes isa marahi cilaka. Nèk tingkah lakuné bener, awaké dhéwé ora bakal ngalami apa?

  • Nèk tingkah lakuné bener, awaké dhéwé isa bahagia. Kok isa?

Ana sing nganggep nèk larangan ing Alkitab soal homosèks kuwi kejem. Tapi, Yéhuwah péngin bèn awaké dhéwé bahagia merga Dhèwèké sayang karo awaké dhéwé. Bèn isa bahagia, kudu ngetrapké pathokané. Wacanen 1 Korintus 6:​9-​11, terus rembugen pertanyaan iki:

  • Menurut Alkitab, apa sing ora disenengi Gusti Allah kuwi mung homosèks thok?

Bèn isa nggawé Gusti Allah seneng, kudu terus berusaha manut pathokané. Apa kuwi ana manfaaté? Wacanen Mazmur 19:​8, 11, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:

  • Menurut njenengan, pathokané Yéhuwah soal tingkah laku kuwi isa ditrapké apa ora? Lha ngapa?

Gambar: 1. Wong wédok ngombé-ngombé lan ngrokok karo pacaré lan kanca-kancané ing diskotik, tapi kétok ora bahagia. 2. Wong wédok kuwi mèlu pertemuan ibadah. Dhèwèké saiki bahagia.

Yéhuwah wis mbantu akèh wong bèn manut pathokané. Dhèwèké ya isa mbantu njenengan

NÈK ANA SING NGOMONG: ”Hubungan sèks kuwi ora apa-apa, sing penting padha senengé.”

  • Njenengan arep njelaské piyé?

KESIMPULAN

Hubungan sèks kuwi anugrah saka Yéhuwah kanggo wong lanang karo bojoné.

Jawaben

  • Apa maksudé hubungan sèks sing ora pantes?

  • Piyé carané bèn isa nolak hubungan sèks sing ora pantes?

  • Apa manfaaté nèk manut pathokané Yéhuwah soal tingkah laku?

Rencana

BAHAN TAMBAHAN

Ngapa kok Gusti Allah péngin wong lanang lan wong wédok nikah dhisik sakdurungé manggon bareng?

”Apa Pandhangané Alkitab soal Kumpul Kebo?” (Artikel ing jw.org)

Meskipun ing Alkitab ana larangan soal homosèks, tapi kuwi ora berarti sengit karo wongé. Lha ngapa?

”Apa Homosèks Kuwi Salah?” (Artikel ing jw.org)

Apa manfaaté pathokané Gusti Allah soal sèks?

”Apa Sèks Oral Kuwi Salah?” (Artikel ing jw.org)

Ana wong sing mauné homosèks, tapi akhiré bahagia merga nglayani Gusti Allah. Wacanen pengalamané ing crita sing judhulé ”Wong-Wong Kuwi Nganggep Aku Berharga”.

”Kuwasané Alkitab” (Warta Penting 1 April 2011)

a Iki termasuk hubungan badan, hubungan sèks liwat cangkem (sèks oral), hubungan sèks liwat anus (sèks anal), lan ndemèk-ndemèk alat kelaminé wong liya.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim