PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • lff pelajaran 46
  • Ngapa Kok Kudu Nglayani Yéhuwah lan Dibaptis?

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Ngapa Kok Kudu Nglayani Yéhuwah lan Dibaptis?
  • Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • SINAU LUWIH AKÈH
  • KESIMPULAN
  • BAHAN TAMBAHAN
  • Apa Njenengan Siap Nggawé Janji Ngabdi karo Yéhuwah?
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2024
  • Apa Aku Kudu Ngabdi marang Gusti Allah lan Dibaptis?
    Apa Wulangané Alkitab kanggo Panjenengan?
  • Apa Aku Wis Siap kanggo Dibaptis?
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2020
  • Piyé Bèn Isa Dibaptis?
    Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
Delok Kabèh
Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
lff pelajaran 46
Pelajaran 46. Wong lanang ndonga.

PELAJARAN 46

Ngapa Kok Kudu Nglayani Yéhuwah lan Dibaptis?

Vèrsi Tercétak
Vèrsi Tercétak
Vèrsi Tercétak

Wektu ndonga lan ngomong nèk mung arep nyembah Yéhuwah lan ngutamakké Dhèwèké, kuwi berarti lagi nggawé janji ngabdi. (Mazmur 40:8) Pas dibaptis, wong-wong dadi ngerti nèk awaké dhéwé wis janji arep nglayani Yéhuwah. Iki keputusan sing kudu dipikirké tenanan, tapi berkahé ya akèh. Mulané, nèk njenengan arep nggawé keputusan kuwi, kuduné merga apa?

1. Nèk péngin nglayani Yéhuwah kuwi kuduné merga apa?

Péngin nglayani Yéhuwah kuwi kuduné merga sayang karo Dhèwèké. (1 Yohanes 4:​10, 19) Ing Alkitab disebutké, ”Kowé kudu nresnani Yéhuwah Gusti Allahmu saktulusé atimu, sepenuh jiwamu, nggunakké kabèh pikiranmu, lan nggunakké kabèh kekuwatanmu.” (Markus 12:30) Awaké dhéwé ora mung ngomong nèk sayang Yéhuwah, tapi ya mbuktèkké kuwi liwat perbuatan. Kaya wong lanang lan wong wédok nikah merga sayang, awaké dhéwé ya gelem nglayani Yéhuwah lan dibaptis merga sayang Yéhuwah.

2. Apa waé berkahé nèk dibaptis?

Nèk dibaptis, njenengan isa dadi luwih akrab karo Yéhuwah. Yéhuwah isa dadi kaya Bapaké njenengan. Njenengan ya isa ngrasakké luwih akèh berkah saka Dhèwèké. (Wacanen Maléakhi 3:​16-​18.) Terus, njenengan ya bakal éntuk sedulur seiman sak donya sing dadi kaya keluarga, sing sayang karo njenengan lan sayang karo Yéhuwah. (Wacanen Markus 10:​29, 30.) Bèn isa dibaptis, njenengan kudu sinau soal Yéhuwah, sayang karo Yéhuwah, lan nduwé iman karo Yésus. Bar kuwi, nggawé janji nèk mèh nglayani Yéhuwah, terus dibaptis. Hasilé, njenengan isa bahagia saklawasé. Menurut Alkitab, ”Baptisan . . . saiki nylametké kowé.”​—1 Pétrus 3:​21.

SINAU LUWIH AKÈH

Ayo ngrembug ngapa kok kudu nglayani Yéhuwah lan dibaptis.

3. Kudu milih arep nglayani sapa

Wong Israèl mbiyèn ngira nèk isa nyembah Yéhuwah, tapi ya nyembah Déwa Baal. Liwat Èlia, Yéhuwah ngomong nèk kuwi ora bener. Wacanen 1 Para Raja 18:​21, terus rembugen pertanyaan iki:

  • Wong Israèl dikon milih apa?

Kaya wong Israèl, awaké dhéwé ya kudu milih arep nglayani sapa. Wacanen Lukas 16:​13, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:

  • Ngapa kok ora isa nyembah Yéhuwah tapi ya nyembah liyané?

  • Apa buktiné nèk milih nyembah Yéhuwah?

4. Mikirké kabèh berkah saka Yéhuwah kanggo njenengan

Gambar: Wong lagi mikirké berkah saka Yéhuwah. 1. Rasa sayang; gambar ibu nggéndhong bayiné. 2. Panganan sing énak; buah lan sayuran macem-macem. 3. Alkitab. 4. Tebusané Yésus.

Yéhuwah wis ngekèki akèh berkah. Nah, awaké dhéwé isa ngekèki apa? Setèlen VIDÉONÉ.

VIDÉO: Mènèhi Hadiah marang Gusti Allah (3:​04)

Apa waé buktiné nèk Yéhuwah sayang karo njenengan? Wacanen Mazmur 104:​14, 15 lan 1 Yohanes 4:​9, 10, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:

  • Njenengan paling bersyukur merga dikèki apa karo Yéhuwah?

  • Merga wis dikèki kuwi, njenengan dadi piyé karo Yéhuwah?

Nèk dikèki hadiah sing njenengan senengi, mesthiné njenengan péngin banget maturnuwun karo sing ngekèki. Wacanen Pangandharing Torèt 16:​17, terus rembugen pertanyaan iki:

  • Nèk mikirké kabèh berkah saka Yéhuwah kanggo njenengan, njenengan dadi péngin ngekèki apa kanggo Yéhuwah?

5. Ana luwih akèh berkah nèk nglayani Yéhuwah

Jaréné wong-wong, bahagia kuwi nèk terkenal, nduwé jabatan, utawa sugih. Apa kuwi bener? Setèlen VIDÉONÉ, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:

VIDÉO: Sepak Bola Dadi sing Paling Penting ing Uripku (5:​45)

Gambar: Gambar saka vidéo ’Sepak Bola Dadi sing Paling Penting ing Uripku’. 1. Andrey sinau Alkitab manèh. 2. Andrey nginjil karo anaké wédok.
  • Meskipun seneng banget karo sépak bola, ngapa kok dhèwèké réla ora dadi pemain sépak bola manèh?

  • Dhèwèké milih ngutamakké Yéhuwah, dudu sépak bola. Menurut njenengan, apa keputusané kuwi bener? Lha ngapa?

Paulus mbiyèn ya sakjané nduwé kesempatan bèn isa dadi suksès. Dhèwèké kuwi muridé guru sing terkenal lan sekolah hukum Yahudi. Tapi, kuwi kabèh ditinggal bèn isa dadi pengikuté Yésus. Apa Paulus dadi gela? Wacanen Filipi 3:​8, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:

  • Ngapa kok Paulus nganggep kabèh sing ditinggalké kuwi kaya ”sampah”?

  • Paulus éntuk berkah apa?

  • Endi sing luwih marahi bahagia, urip kanggo Yéhuwah utawa kanggo liyané?

Gambar: 1. Paulus mbiyèn. Jenengé Saul, wong Farisi sing rumangsa paling bener. 2. Rasul Paulus bar dadi pengikuté Yésus nulis surat kanggo wong Kristen liyané.

Bar dadi pengikuté Yésus, Paulus ngrasakké luwih akèh berkah timbang apa sing ditinggalké

NÈK ANA SING NGOMONG: ”Aku ngerti nèk iki ajaran sing bener, tapi aku durung isa nèk dikon dadi Seksi Yéhuwah.”

  • Apa njenengan setuju nèk kudu nglayani Yéhuwah? Lha ngapa njenengan njawab ngono?

KESIMPULAN

Awaké dhéwé péngin nglayani Yéhuwah lan dibaptis kuwi merga sayang.

Jawaben

  • Ngapa kok Yéhuwah sing kuduné disembah?

  • Apa waé berkahé nèk dibaptis dadi Seksi Yéhuwah?

  • Apa njenengan gelem nglayani Yéhuwah?

Rencana

BAHAN TAMBAHAN

Ana penyanyi lan atlét sing akhiré milih nglayani Yéhuwah. Deloken vidéoné.

Pitakonané Cah Enom​—Apa Cita-citaku?​—Mikirké Manèh (6:​52)

Apa waé alesané kudu nglayani Yéhuwah?

”Ngapa Kok Kudu Nglayani Yéhuwah?” (Warta Penting 15 Januari 2010)

Ing vidéo musik iki, akèh sing bahagia merga dibaptis.

Uripku Kanggo-Mu (4:​30)

Ana wong wédok sing akhiré milih ngutamakké Yéhuwah timbang sekolahé. Wacanen pengalamané ing crita sing judhulé ”Aku Penasaran, ’Ngapa Kok Manungsa Urip?’”

”Kuwasané Alkitab” (Warta Penting 1 November 2012)

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim