PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • lmd pelajaran 5
  • Wicaksana

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Wicaksana
  • Sayang Kabèh Wong Kunci Ndadèkké Murid
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Conto saka Paulus
  • Sing Isa Dipelajari saka Paulus
  • Carané Niru Paulus
  • ”Nggolèki Gusti Allah” lan ”Nemokké Gusti Allah”
    ”Mènèhi Penjelasan sing Lengkap soal Kerajaané Gusti Allah”
  • Rendah Hati
    Sayang Kabèh Wong Kunci Ndadèkké Murid
  • Nduwé Pandhangan sing Bener Wektu Nginjil
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2020
  • Mikirké sing Diminati Wong Liya
    Sayang Kabèh Wong Kunci Ndadèkké Murid
Delok Kabèh
Sayang Kabèh Wong Kunci Ndadèkké Murid
lmd pelajaran 5

MULAI OMONG-OMONGAN

Wektu ngomong karo wong-wong Athéna, Rasul Paulus ngejak meréka mikir bèn isa nggawé kesimpulan sing bener.

Kis. 17:​22, 23

PELAJARAN 5

Wicaksana

Ayat: ”Omonganmu kudu nyenengké.”—Kol. 4:6.

Conto saka Paulus

Wektu ngomong karo wong-wong Athéna, Rasul Paulus ngejak meréka mikir bèn isa nggawé kesimpulan sing bener.

VIDÉO: Paulus Ngandhani Wong-Wong ing Athéna soal Kabar Apik

1. Setèlen VIDÉONÉ, utawa wacanen Kisah 17:​22, 23. Terus jawaben pertanyaan iki:

  1. Wektu ndelok penyembahan brahala ing Athéna, Paulus piyé?—Deloken Kisah 17:16.

  2. Paulus ora nyalahké wong Athéna, tapi kepercayaané wong-wong kuwi malah didadèkké dhasar kanggo nyampèkké kabar apik. Piyé carané Paulus nyampèkké kuwi?

Sing Isa Dipelajari saka Paulus

2. Biasané wong luwih gelem ngrungokké nèk awaké dhéwé mikirké tenanan kata-kata sing arep disampèkké, piyé carané nyampèkké, lan kapan wektu sing pas nyampèkké kuwi.

Carané Niru Paulus

3. Milih kata-kata sing cocog. Misalé pas ketemu karo wong sing dudu Kristen, nèk mèh nyebut Alkitab utawa Yésus, kata-katané isa disesuaikké.

4. Aja langsung dikorèksi. Bèn waé wongé leluasa nyritakké pandhangané. Nèk gelem ngrungokké, mengko isa ngerti ngapa kok dhèwèké nduwé pandhangan kaya ngono. (WB. 20:5) Nèk misalé omongané ora cocog karo ajaran ing Alkitab, aja kepancing kanggo debat.—Yak. 1:19.

5. Nèk misalé pendapaté ana sing bener, ya setuju waé lan isa dipuji. Wong kuwi mungkin nganggep nèk kepercayaané kuwi bener. Nèk ana pandhangané sing sesuai karo Alkitab, ya sing diomongké kuwi sik waé. Terus, alon-alon lagi ngrembug ajaran ing Alkitab.

DELOKEN AYAT LIYANÉ

WB. 25:15; 2 Tim. 2:​23-26; 1 Ptr. 3:15

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim