PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • w15 1/12 hlm. 6-7
  • Bantuan Bèn Ngerti Alkitab

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Bantuan Bèn Ngerti Alkitab
  • Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2015
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • BANTUAN ING JAMAN MBIYÈN
  • BANTUAN ING JAMAN SAIKI
  • Apa Paédahé Alkitab kanggo Urip Kita?
    Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2017
  • Saran-Saran kanggo Keluarga
    Gatèkna!—2018
  • Tambah Trampil Nginjil—Nggunakké JW.ORG
    Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2018
  • Naséhaté Sapa sing Isa Dipercaya?
    Naséhaté Sapa sing Isa Dipercaya?
Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2015
w15 1/12 hlm. 6-7

SING UTAMA DIREMBUG | PANJENENGAN ISA NGERTI ALKITAB

Bantuan Bèn Ngerti Alkitab

Bayangna, nèk panjenengan lagi sepisanan teka ing panggonan sing anyar. Wongé, kebiasaané, panganané, lan dhuwité béda. Mbokmenawa kuwi isa nggawé panjenengan bingung.

Wektu sepisanan maca Alkitab, mbokmenawa panjenengan uga ngrasakké sing padha. Kuwi kaya urip ing donya jaman mbiyèn sing durung tau dingertèni. Panjenengan isa ngerti bab wong Filisti, bab kebiasaan ’nyuwèk panganggon’, bab panganan sing jenengé manna, lan dhuwit sing diarani drakhma. (Pangentasan 16:31; Yusak 13:2; 2 Samuèl 3:31; Lukas 15:9) Kuwi kabèh marahi bingung. Nèk lagi teka ing panggonan sing anyar, mesthiné panjenengan bakal ngajèni wong sing mbantu nerangké kabèh karo panjenengan, ta?

BANTUAN ING JAMAN MBIYÈN

Kèt Alkitab mulai ditulis ing abad 16 SM, wis ana bantuan kanggo ngertèni isiné. Contoné, Musa, sing dadi pemimpin bangsa Israèl, ”nggelaraké” utawa nerangké kitab kuwi.—Pangandharing Torèt 1:5.

Guru Alkitab sing dipilih, isih ana nganti kira-kira sepuluh abad sakwisé kuwi. Taun 455 SM, wong-wong Yahudi, klebu bocah-bocah, padha kumpul ing alun-alun kutha Yérusalèm. Torèté Gusti Allah ”kawacakaké kalawan cetha” karo guru Alkitab kuwi. Banjur, ”diterangaké, satemah wong-wong padha ngreti surasané”.—Néhémya 8:2-9.

Limang abad sakbanjuré, Yésus Kristus uga nindakké bab sing padha. Malah, wong-wong nganggep Yésus kuwi guru. (Yokanan 13:13) Kadhang kala, Yésus mulang langsung wong akèh, ning kadhang kala mulang siji-siji. Yésus wis tau mulang wong-wong, lan mènèhi ceramah sing terkenal ing gunung lan ”wong kabèh padha gumun banget marang piwulangé”. (Matéus 5:1, 2; 7:28) Ing taun 33 M, Yésus ”nerangaké Kitab Suci” karo muridé sing cacahé loro, wektu padha mlaku menyang Yérusalèm.—Lukas 24:13-15, 27, 32.

Murid-muridé Yésus uga mulang Alkitab. Wis tau ana wong penting saka Étiopia lagi maca kitab nabi Yésaya. Banjur, muridé Yésus sing jenengé Filipus, nyedhak lan takon, ”Panjenengan punapa mangretos ingkang panjenengan waos punika?” Wong Étiopia mau njawab, ”Kadospundi anggèn kula saged mangretos, manawi boten wonten ingkang nuntun?” Filipus banjur nerangké tegesé ayat kuwi.—Lelakoné Para Rasul 8:27-35

BANTUAN ING JAMAN SAIKI

Kaya guru Alkitab jaman mbiyèn, saiki Seksi-Seksi Yéhuwah uga nindakké gawéan sing padha ing 239 negara. (Matéus 28:19, 20) Saben minggu, para Seksi mbantu luwih saka wong sangang yuta sinau Alkitab. Akèh wong sing sinau Alkitab, agamané dudu Kristen. Sinau Alkitabé ora mbayar, lan isa sinau ing omah utawa panggonan liya. Uga, ana sing sinau liwat tilpun utawa vidhéo sing ditonton liwat komputer utawa HP.

Njaluka bantuané Seksi-Seksi Yéhuwah bèn isa ngerti Alkitab. Panjenengan bakal ngerti nèk Alkitab kuwi ora angèl dingertèni, ning ”migunani kanggo memulang, kanggo melèhaké, kanggo mbangun wewatekan tuwin kanggo nggulawenthah ing sajroning kayektèn,” bèn isa ”nindakaké samubarang kang becik”.—2 Timotéus 3:16, 17.

Deloken vidhéo Apa Sebabé Perlu Sinau Alkitab? ing www.jw.org/jv

Deloken vidhéo Sinau Alkitab karo Seksi-Seksi Yéhuwah Iku Kaya Apa? ing www.jw.org/jv

Bantuan ing Situs Wèb

Wong wédok ndelok jw.org ing warung

Apa panjenengan péngin mriksa isiné Alkitab dhéwé? Kanggo mulai, bukaken situs jw.org/id. Situs iki nawakké katrangan saka Alkitab ora mbayar, nganggo luwih saka 700 basa. Panjenengan isa sinau bab iki:

Pitakonan sing kerep ditakokké wong

  • Apa tujuané urip?

  • Apa sebabé wong mati?

  • Kaya apa wong mati kuwi?

(Deloken AJARAN ALKITAB > PERTANYAAN ALKITAB DIJAWAB

Masalah urip saben dina

  • Ngadhepi strès

  • Ngadhepi penyakit sing parah

  • Ngadhepi masalah bab dhuwit lan utang

(Deloken AJARAN ALKITAB > PERTANYAAN ALKITAB DIJAWAB)

Bantuan kanggo keluarga

  • Carané bèn ora terus padu

  • Ndhidhik anak bèn tanggung jawab

  • Mbantu bèn anak-anak dadi wong sing nggenah

(Deloken AJARAN ALKITAB > SUAMI ISTRI & ORANG TUA)

Bantuan kanggo bocah-bocah enom

  • Carané bèn aja nganti digrayangi utawa diajak tumindak saru

  • Sing isa ditindakké wektu dinakali utawa dijahati

  • Carané bèn ora rumangsa dhèwèkan

(Deloken AJARAN ALKITAB > ANAK MUDA)

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim