PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • wp16 No. 5 hlm. 4-5
  • Carané Gusti Allah Mènèhi Panglipur

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Carané Gusti Allah Mènèhi Panglipur
  • Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2016
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • PAMRÉNTAHANÉ YÉSUS NGLIPUR KABÈH SING SUSAH
  • ”Nangisa karo Wong sing Lagi Nangis”
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2017
  • Nguwatké Korban Pelècèhan Sèksual
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2019
  • Yéhuwah Nguwatké Wektu Kita Susah
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2017
  • Pambuka
    Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2016
Delok Kabèh
Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2016
wp16 No. 5 hlm. 4-5
Yésus nyekel tangané wong kusta sakdurungé nambani

SING UTAMA DIREMBUG | CARANÉ ÉNTUK PANGLIPUR

Carané Gusti Allah Mènèhi Panglipur

Rasul Paulus kandha nèk Yéhuwaha kuwi, ”sumbering panglipur, kang nglipur aku kabèh ing sajroning kasusahanku.” (2 Korinta 1:3, 4) Mula, Alkitab nggawé awaké dhéwé yakin nèk Gusti Allah isa nglipur kabèh wong senajan masalahé wong kuwi gedhé banget.

Apa isa dhokter nambani lara nèk awaké dhéwé durung janjian kanggo priksa? Nabi Amos takon, ”Apa ana wong loro kang mlaku bebarengan, manawa durung sarembug?” (Amos 3:3) Semono uga, awaké dhéwé kudu tumindak dhisik bèn isa éntuk panglipur saka Gusti Allah. Mula, Alkitab ngongkon awaké dhéwé ”padha nyedhakana marang Gusti Allah; Gusti Allah bakal nyelaki kowé”.​—Yakobus 4:8.

Apa buktiné nèk Gusti Allah gelem nyedhak karo awaké dhéwé? Bukti sing sepisanan, Gusti Allah kerep kandha nèk péngin mbantu awaké dhéwé. (Deloken kothak ing kaca 5.) Kepindho, ana pengalaman-pengalamané abdiné Gusti Allah jaman mbiyèn lan saiki sing wis tau éntuk panglipur saka Gusti Allah.

Kaya Raja Dawud, akèh wong saiki kerep ngadhepi masalah lan butuh bantuané Gusti Allah. Dawud nyuwun, ”Paduka mugi karsaa miyarsakaken swantening panyuwun kawula.” Apa Gusti Allah nanggepi? Ya. Dawud kandha, ”Aku wus kapitulungan, mulané atiku bungah-bungah.”​—Jabur 28:2, 7.

PAMRÉNTAHANÉ YÉSUS NGLIPUR KABÈH SING SUSAH

Yésus digunakké Gusti Allah kanggo nyedhiyakké panglipur. Yésus ditugasi Gusti Allah kanggo ”rumeksa marang wong-wong kang padha remuk atiné” lan ”nglipur sakèhing wong kang nandhang susah”. (Yésaya 61:1, 2) Kaya sing diramalké, Yésus nresnani wong-wong sing ”sayah merga mikul abot”.​—Matéus 11:28-30, Basa Jawi Padintenan [BJP].

Yésus nglipur wong-wong nganggo cara mènèhi wejangan sing wicaksana, tumindaké sing apikan, lan kadhang kala nambani larané wong-wong. Ana wong sing lara kusta kandha marang Yésus, ”Guru, menawi Panjenengan kersa, Panjenengan saged nyarasaken kula.” Merga nresnani, Yésus njawab, ”Aku kersa. Warasa!” (Markus 1:40, 41, BJP) Akhiré, wong sing lara kusta kuwi mari.

Senajan Yésus ora ana ing bumi manèh kanggo nglipur awaké dhéwé, ning, Yéhuwah, ”Gusti Allah kang dadi sumbering panglipur” terus nglipur awaké dhéwé. (2 Korinta 1:3) Gatèkna patang cara Gusti Allah nglipur awaké dhéwé.

  • Alkitab. ”Samubarang kang katulisan ing sadurungé, iku katulisan minangka piwulang kanggo kita, supaya kita ngandhemana ing pangarep-arep kalawan sabar mantep sarta kalawan gondhèlan panglipur kang saka ing Kitab Suci.”​—Rum 15:4.

  • Roh Suciné Gusti Allah. Ora let suwé sakwisé Yésus séda, jemaat ngalami kahanan ayem tentrem, merga Gusti Allah nyedhiyakké panglipur liwat roh suciné. (Para Rasul 9:31) Roh suci kuwi kuwasané Gusti Allah sing kuwat banget, lan kuwi isa digunakké kanggo nglipur sapa waé ing kahanan apa waé.

  • Donga. Alkitab mènèhi wejangan kanggo awaké dhéwé, ”Aja padha sumelang ing bab apa waé. Apa sing kokkarepaké aturna marang Gusti Allah. . . . Temahan Gusti Allah bakal maringi katentreman sing ngungkuli nalaré manungsa, sing bakal gawé teteging ati lan pengangen-angenmu.”​—Filipi 4:6, 7, BJP.

  • Sedulur Kristen isa dadi kanca sejati sing nglipur awaké dhéwé wektu ngadhepi kahanan susah. Rasul Paulus éntuk ”pitulungan gedhé” saka para sedulur Kristen wektu ngalami ”kasusahan lan kasangsaran”.​—Kolosé 4:11; 1 Tésalonika 3:7, BJP.

Seksi-Seksi Yéhuwah sing cacahé loro nglipur seduluré

Ning, mbokmenawa panjenengan bingung piyé cara-cara mau isa digunakké. Gatèkna pengalamané wong-wong sing disebutké ing kaca telu mau. Kaya wong-wong kuwi, panjenengan isa ngerti nèk Gusti Allah isih netepi janjiné sing nggedhèkké ati, ”Kayadéné wong kang dilipur déning biyungé, iya kaya mangkono anggoningSun iki bakal nglipur sira kabèh.”​—Yésaya 66:13.

a Yéhuwah iku asmané Gusti Allah sing ana ing Alkitab.

Buktiné Nèk Gusti Allah Péngin Nglipur Awaké Dhéwé

  • ”Paduka dhuh Yéhuwah, sampun paring pitulungan saha panglipur dhumateng kawula.”​—Jabur 86:17.

  • ”UmatingSun lipuren, iya lipuren, mangkono pangandikaning Allahira.”​—Yésaya 40:1.

  • ”Awit mangkéné pangandikané Pangéran Yéhuwah . . . Kayadéné wong kang dilipur déning biyungé, iya kaya mangkono anggoningSun iki bakal nglipur sira kabèh.”​—Yésaya 66:12, 13.

  • ”Rahayu wong kang prihatin, awit iku bakal padha kalipur.”​—Matéus 5:4.

  • ”Sakabèhing sumelangmu pasrahna marang Panjenengané, sabab Panjenengané kang ngopèni kowé kabèh.”​—1 Pétrus 5:7.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim