PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • wp18 No. 1 hlm. 12-13
  • 3 Mbantu Ngadhepi Masalah

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • 3 Mbantu Ngadhepi Masalah
  • Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2018
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • PENYAKIT SING PARAH
  • WEKTU SING DITRESNANI MATI
  • Manfaaté Donga kanggo Njenengan
    Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2021
  • Yéhuwah Nguwatké Wektu Kita Susah
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2017
  • Donga—Gunané kanggo Panjenengan
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2015
  • Nduduhké Rasa Sayang Liwat Omongan
    Pengalaman
Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2018
wp18 No. 1 hlm. 12-13
Wong wédok nangis ing kuburan; wong wédok ing kursi roda lagi ngrungokké warta saka Alkitab

3 3 Mbantu Ngadhepi Masalah

Ana masalah sing ora isa dirampungi ning kudu diadhepi. Contoné, nèk panjenengan ditinggal mati wong sing ditresnani utawa ngalami penyakit sing parah. Panjenengan isa waé ora nduwé pilihan liya ning kudu ngadhepi kuwi. Apa Alkitab isa mbantu ing kahanan kaya ngono?

PENYAKIT SING PARAH

Rose kandha, ”Aku ngalami kelainan genetis sing marahi aku dadi kerep ngrasakké lara sing nemen. Uripku dadi susah.” Tantangan sing paling gedhé yaiku ora isa fokus wektu sinau Alkitab lan nindakké bab-bab rohani liyané. Matéus 19:26 mbantu Rose ngadhepi masalahé, isiné ayat kuwi, ”Mungguhing Allah samubarang kabèh bisa kalakon.” Rose ngerti nèk ana cara liya kanggo sinau. Dhèwèké ngrungokké rekaman Alkitab lan wacan-wacan Alkitab.a Rose kandha, ”Tanpa sarana kuwi, aku ora isa njaga hubunganku karo Yéhuwah tetep cedhak.”

Wektu Rose sedhih merga ora isa nindakké bab-bab sing mbiyèn isa ditindakké, dhèwèké éling ayat sing nentremké ati ing 2 Korinta 8:12, isiné ayat kuwi, ”Nèk wong mènèhi kanthi tulus, Gusti Allah bakal bungah, merga Panjenengané péngin supaya wong mènèhi miturut apa sing diduwèni, dudu miturut apa sing ora diduwèni.” (Terjemahan Dunia Baru) Saka ayat kuwi Rose ngerti nèk Gusti Allah seneng karo apa sing ditindakké, merga Rose nindakké sak isa-isané senajan nduwé kelainan genetis.

WEKTU SING DITRESNANI MATI

Sophia sing disebutké sakdurungé kandha, ”Sakwisé anakku sing umuré 18 taun mati, aku sedhih banget nganti rasané arep mati waé merga kahanané ora isa kaya mbiyèn manèh.” Jabur 94:19 nentremké atiné Sophia, isiné ayat kuwi, ”Manawi ing batos kawula saya mindhak kathah ingkang kawula manah; panglipur Paduka ingkang ngayemaken manah kawula.” Sophia kandha, ”Aku ndonga marang Yéhuwah kanggo mbantu aku nemokké bab-bab sing isa ngurangi rasa sedhihku.”

Sophia dadi sukarélawan. Dhèwèké madhakké kahanané kaya krayon sing dinggo bocah-bocah nggambar. Senajan tugel, krayoné isih isa digunakké kanggo nggambar. Semono uga, senajan Sophia ngrasa nglokro dhèwèké tetep isa mbantu sing liyané. Dhèwèké kandha, ”Aku mbantu sing sinau Alkitab karo aku nganggo ayat-ayat sing isa nentremké atiné lan aku sadhar jebulé iki carané Yéhuwah nglipur lan nentremké atiku.” Sophia nggawé daftar wong-wong ing Alkitab sing tau ngrasakké ditinggal mati wong sing ditresnani. Dhèwèké kandha, ”Kabèh wong sing ana ing daftar kuwi padha ndonga.” Mula, Sophia isa ngadhepi masalahé merga sinau Alkitab.

Sinau Alkitab mbantu Sophia terus mikirké masa depan. Pengarep-arep ing Para Rasul 24:15 nglipur Sophia, isiné ayat kuwi, ”Badhé wonten patangènipun tiyang pejah, tiyang ingkang mursid utawi tiyang mursal.” Apa Sophia yakin tenan nèk anaké bakal diuripké manèh karo Yéhuwah? Sophia kandha, ”Aku mbayangké ketemu manèh karo anakku, kaya-kaya wis janjian ing wektu sing wis ditemtokké karo Gusti Allah. Aku lan anakku isa bareng-bareng ing taman, kuwi kétok nyata banget kanggoku.”

a Ana rekaman Alkitab lan wacan-wacan Alkitab ing situs jw.org.

Alkitab isa mbantu lan nglipur panjenengan wektu ngalami masalah sing abot

PIYÉ GUSTI ALLAH MBANTU KITA?

Alkitab kandha, ”Pangéran Yéhuwah celak karo saben wong kang nyebut marang asmané, lan karo wong kang sesambat marang Panjenengané kalawan setya. Para wong kang ngabekti marang Gusti Allah padha dijurungi kekarepané, dipiyarsakaké pasambaté banjur padha diluwari.” (Jabur 145:18, 19) Ayat kuwi isa nentremké ati kita. Ning, piyé carané Gusti Allah njawab dongané wong-wong sing butuh tuntunané?

MÈNÈHI KEKUWATAN:

Masalah isa nggawé kita nglokro, kesel awaké, kesel pikirané, lan dadi lemah rohaniné. (Wulang Bebasan 24:10) Ning, Yéhuwah ”paring kakuwatan marang kang sayah lan paring tambahing karosan marang kang tanpa daya”. (Yésaya 40:29) Rasul Paulus sing tau ngalami masalah sing abot kandha, ”Sakèhing prakara bisa daksangga ana ing Panjenengané kang paring kakuwatan marang aku.” (Filipi 4:13) Roh suciné Yéhuwah nguwatké Paulus. Panjenengan uga isa nyuwun roh suciné Yéhuwah.—Lukas 11:13.

MÈNÈHI KAWICAKSANAN:

Nèk panjenengan butuh bantuan bèn isa ngerti lan ngetrapké tuntunané Alkitab, rasul Yakobus nyaranké, ’Déné manawa ana kang kekurangan kawicaksanan, nyuwuna marang Gusti Allah, sing maringi sakabèhing wong kanthi éklas, sarta iku bakal kaparingaké marang dhèwèké.’ (Yakobus 1:5) Panjenengan isa tumindak cocog kaya dongané panjenengan nèk maca lan ngetrapké tuntunan saka Alkitab. (Yakobus 1:23-25) Wektu nindakké kuwi, panjenengan bakal ngrasakké paédah saka tuntunané Alkitab.

MÈNÈHI RASA AYEM TENTREM:

Wektu panjenengan ngrasa strès banget, Yéhuwah isa mbantu panjenengan nduwé rasa ayem tentrem. Alkitab kandha, ”Aja padha nyumelangaké bab apa baé, nanging padha lairna sakèhing pepénginanmu marang Gusti Allah ing pandonga lan panyuwun kalawan caos sokur. Temahan tentrem-rahayu kang saka ing Gusti Allah, kang ngungkuli saliring budi, bakal rumeksa marang ati lan pangangen-angenmu ana ing Sang Kristus.” (Filipi 4:6, 7) Mula, nyuwuna marang Yéhuwah bèn maringi rasa ayem tentrem.

Ning, piyé nèk masalahé ora isa cepet dirampungi? Aja mikir nèk Gusti Allah ninggalké panjenengan. Senajan masalahé tetep ana, Gusti Allah isa maringi kekuwatan sing dibutuhké. (1 Korinta 10:13) Alkitab uga janji nèk kabèh masalah kita bakal dirampungi kanthi tuntas ing wektuné.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim