Pambuka
APA GUSTI ALLAH PERDULI KARO AKU?
Wektu ana sing kena bencana, musibah, utawa mati, mbokmenawa kita mikir apa Gusti Allah perduli. Alkitab kandha:
”Paningalé Yéhuwah nggatèkké wong sing bener, lan talingané mirengké panyuwuné wong-wong kuwi. Nanging Yéhuwah sengit marang wong sing nindakké apa sing ala.”—1 Pétrus 3:12.
Majalah Warta Penting iki nerangké bab carané Gusti Allah mbantu kita lan apa sing Gusti Allah tindakké kanggo nyingkirké kabèh kasusahan.