PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • w19 Juli hlm. 25-29
  • Berkahé Yéhuwah Ngluwihi sing Tak Bayangké

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Berkahé Yéhuwah Ngluwihi sing Tak Bayangké
  • Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2019
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • NGUPAYA BÈN KENDEL LAN ORA RAGU-RAGU
  • SINAU PELAJARAN SING PENTING ING GILÉAD
  • PENGALAMAN PAS DADI UTUSAN INJIL
  • NGABDI ING KENYA
  • YÉHUWAH MBERKAHI GAWÉAN NGINJIL ING ETIOPIA
  • YÉHUWAH MBERKAHI GAWÉAN NGINJIL
  • Akèh Pelajaran lan Berkah sing Ora Tak Bayangké saka Yéhuwah
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2023
  • Ora Wedi Merga Ana Yéhuwah
    Pengalamané Sedulur-Sedulur sing Setya
  • Seumur Hidup Terus Belajar saka Guru sing Hébat
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2025
Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2019
w19 Juli hlm. 25-29
Manfred lan Gail Tonak wektu nikah

PENGALAMAN

Berkahé Yéhuwah Ngluwihi sing Tak Bayangké

Dicritakké karo Manfred Tonak

WEKTU isih enom, aku kerep mikir, ’Aku ngerti nèk kuduné aku dadi perintis. Ning, apa merintis kuwi bener-bener isa nyenengké?’ Aku seneng nyambut gawé ing Jerman, ing perusahaan sing ngirim bahan pangan menyang dhaérah-dhaérah ing Afrika, contoné Dar es Salaam, Elisabethville, lan Asmara. Aku ora ngira nèk akhiré aku bakal dadi pelayan sepenuh-waktu ing dhaérah-dhaérah kuwi lan dhaérah liyané ing Afrika.

Aku ora nyangka nèk uripku bakal berubah sakwisé aku mulai merintis. (Éf. 3:20) Ayo tak critani saka awalé.

Aku lair ing Berlin, Jerman, taun 1939, ora suwé sakwisé Perang Donya II dimulai. Pas perangé mèh rampung ing taun 1945, ana akèh pesawat tempur sing ngebom Berlin. Dadi, aku lan keluargaku ngungsi menyang panggonan sing aman. Bar kuwi, aku lan keluargaku ngungsi menyang Erfurt, dhaérah asalé ibuku.

Manfred Tonak karo keluargané ing Jerman, kira-kira taun 1950

Karo keluargaku ing Jerman, kira-kira taun 1950

Ibuku péngin banget ngerti wulangan sing bener. Dadi, dhèwèké maca buku-buku filsafat lan nyinaoni akèh agama, ning ora ngrasa puas. Kira-kira taun 1948, ana Seksi Yéhuwah loro sing teka ing omahku. Seksi-Seksi Yéhuwah kuwi dikongkon mlebu lan ibuku mulai nakonké akèh pitakonan. Ora nganti sak jam, ibuku kandha karo aku lan adhiku wédok, ”Aku wis nemokké wulangan sing bener!” Ora suwé sakwisé kuwi, aku, ibuku, lan adhiku wédok mulai teka berhimpun ing Erfurt.

Ing taun 1950, aku lan keluargaku bali menyang Berlin lan berhimpun ing jemaat Berlin-Kreuzberg. Wektu pindhah omah manèh, aku sak keluarga berhimpun ing jemaat Berlin-Tempelhof. Akhiré, ibuku dibaptis. Ning, aku isih durung gelem dibaptis. Kenapa?

NGUPAYA BÈN KENDEL LAN ORA RAGU-RAGU

Aku iki wongé isinan. Malah, nganti rong taun aku mèlu nginjil ning aku ora wani ngomong. Aku mulai berubah sakwisé bergaul karo para sedulur sing kendel lan setya karo Yéhuwah. Misalé, ana sedulur-sedulur sing tau dipenjara ing kamp konsèntrasi Nazi utawa ing Jerman Timur. Ana manèh sedulur-sedulur sing meneng-meneng ngirimké wacan Alkitab menyang Jerman Timur. Nèk nganti konangan, sedulur-sedulur kuwi isa ditangkep. Nèk para sedulur kuwi waé gelem ngetohké nyawané kanggo Yéhuwah lan sedulur-sedulur liyané, kuduné aku ya isa ngupaya bèn dadi kendel.

Aku mulai dadi kendel wektu mèlu program nginjil khusus ing taun 1955. Sedulur Nathan Knorr ngumumké liwat surat sing ditulis ing Informant,a nèk program iki dadi program sing paling gedhé sing diatur karo organisasi. Sedulur Knorr kandha nèk kabèh penginjil isa mèlu program iki bèn sasi kuwi isa dadi ”sasi sing paling nyenengké kanggo nginjil”. Kuwi pancèn bener. Ora suwé sakwisé kuwi, aku nggawé janji ngabdi lan dibaptis bareng karo bapakku lan adhiku wédok ing taun 1956. Ning, sakwisé kuwi aku kudu nggawé keputusan sing penting manèh.

Aku ora ndang cepet-cepet dadi perintis, senajan aku ngerti nèk kuduné aku merintis. Aku malah magang ing perusahaan ekspor-impor ing Berlin. Bar kuwi, aku péngin kerja bèn isa nduwé luwih akèh pengalaman sakdurungé mulai merintis. Dadi, ing taun 1961, aku éntuk gawéan ing Hamburg, kutha pelabuhan sing paling gedhé ing Jerman. Aku dadi seneng nyambut gawé, lan ora gèk ndang mulai merintis.

Ning, Yéhuwah nggunakké para sedulur sing apikan kanggo mbantu aku bèn tetep nduwé cita-cita rohani. Ana kanca-kancaku sing mulai merintis lan dadi conto kanggo aku. Terus, ana Sedulur Erich Mundt, sing terus nyemangati aku bèn percaya karo Yéhuwah. Dhèwèké nyritakké pengalamané wektu dipenjara ing kamp konsèntrasi. Dhèwèké kandha nèk para sedulur sing terus ngendelké Yéhuwah isa tetep setya lan digunakké ing organisasiné Yéhuwah.

Manfred Tonak ing taun 1963

Wektu mulai merintis, taun 1963

Sakliyané kuwi, ana Sedulur Martin Poetzinger, sing akhiré dadi anggota Pengurus Pusat, sing kerep nyemangati para sedulur lan kandha, ”Sipat kendel kuwi harta sing paling berharga.” Kata-kata kuwi tak pikirké tenanan. Akhiré, aku metu saka gawéan lan mulai merintis ing sasi Juni 1963. Aku ora gela karo keputusanku kuwi. Durung nganti éntuk gawéan sing anyar, aku malah diundang dadi perintis istiméwa sakwisé rong sasi merintis. Pirang-pirang taun sakwisé kuwi, aku diundang mèlu Sekolah Giléad kelas ke-44. Aku ora nyangka nèk Yéhuwah bakal mberkahi aku kaya ngono.

SINAU PELAJARAN SING PENTING ING GILÉAD

Salah siji pelajaran penting sing tak sinaoni, khususé saka Sedulur Nathan Knorr lan Lyman Swingle, yaiku, ”Aja gampang nyerah wektu nindakké tugas.” Para sedulur kuwi terus nyemangati bèn para siswa Giléad isa berhasil nindakké tugasé. Sedulur Knorr kandha, ”Apa sing mbok pikirké? Panggonan sing reged, serangga, lan wong-wong sing miskin? Utawa wit-witan, kembang-kembang, lan èsemé wong-wong? Ngupayaa bèn isa nresnani wong-wong ing kana.” Wektu nyritakké soal para sedulur sing gampang nyerah, Sedulur Swingle nganti mbrebes mili lan kotbahé kudu mandheg sedhéla. Sakwisé dadi luwih tenang, dhèwèké lagi isa nglanjutké kotbahé. Aku dadi trenyuh banget lan ora péngin nggawé gela Yésus lan para seduluré sing setya.​—Mat. 25:40.

Manfred Tonak, Claude Lindsay, lan Heinrich Dehnbostel wektu ditugaské ing Lubumbashi, Kongo, taun 1967

Aku, Claude, lan Heinrich wektu ditugaské ing Lubumbashi, Kongo, taun 1967

Para sedulur ing Bètel padha takon-takon lan ngomongké sing apik-apik soal dhaérah penugasané para siswa. Ning, wektu aku ngomong nèk aku ditugaské menyang Kongo (Kinshasa), para sedulur kuwi meneng sedhéla lan kandha, ”Oh, Kongo. Muga-muga Yéhuwah terus nguwatké kowé ya.” Wektu kuwi, ana akèh berita soal perang lan patèn-patènan ing Kongo (Kinshasa). Ning, aku terus ngéling-éling apa waé sing tak sinaoni ing Giléad. Ora suwé sakwisé wisuda ing sasi September 1967, aku, Heinrich Dehnbostel, lan Claude Lindsay mangkat menyang Kinshasa, ibukotané Kongo.

PENGALAMAN PAS DADI UTUSAN INJIL

Sakwisé tekan Kinshasa, aku lan para sedulur mau sinau basa Prancis nganti telung sasi. Terus, aku lan para sedulur numpak pesawat menyang Lubumbashi, sing mbiyèn disebut Elisabethville, ing cedhak perbatasan Zambia, ing Kongo sisih kidul. Aku, Heinrich, lan Claude manggon ing omah kanggo utusan injil sing ana ing tengah-tengah kutha kuwi.

Durung tau ana Seksi Yéhuwah sing nginjil ing Lubumbashi. Dadi, wong-wong ing kono durung tau krungu kabar apik. Ora let suwé, ana akèh wong sing gelem sinau Alkitab nganti aku lan para sedulur mau kewalahan. Aku lan para sedulur ya nginjil marang para pejabat pamréntah lan polisi. Akèh sing ngajèni Alkitab lan gawéan nginjil. Akèh-akèhé wong ing kono basané Swahili, dadi aku lan Claude Lindsay sinau basa kuwi. Bar kuwi, aku lan Claude Lindsay ditugaské menyang jemaat basa Swahili.

Ana akèh pengalaman sing nyenengké ing kono. Ning, tantangané ya akèh. Aku lan para sedulur kerep ketemu karo para tentara sing lagi mabuk lan nggawa senjata, utawa polisi sing golèk-golèk masalah. Wis tau ana sak kelompok polisi sing nggawa senjata nggrebeg panggonan sing dienggo berhimpun. Aku lan para sedulur digawa menyang kantor polisi lan dikongkon lungguh ing lemah nganti kira-kira jam sepuluh bengi. Bar kuwi, aku lan para sedulur lagi dibébaské.

Ing taun 1969, aku ditugaské dadi pengawas keliling. Aku nglayani ing dhaérah sing adoh-adoh ngliwati dalan sing kebak lumpur lan suket sing dhuwur-dhuwur. Ing salah siji dhaérah, ana pitik babon karo anak-anaké sing turu ing ngisor tempat tidurku. Aku isih kèlingan wektu pitik babon kuwi petok-petok banter banget nganti aku tangi, padahal isih subuh. Aku ya kèlingan wektu lungguh ing ngarepé api unggun lan omong-omongan soal Alkitab bareng karo para sedulur. Kuwi dadi kenangan sing nyenengké banget.

Tantangan sing paling abot yaiku kudu ngadhepi sedulur-sedulur palsu, yaiku wong-wong sing ndhukung gerakan Kitawala.b Wong-wong kuwi ana sing nganti dibaptis lan malah dadi pinituwa ing jemaat. Ning, para sedulur sing setya ora kapusan karo wong-wong sing kaya ”watu karang sing ora kétok” kuwi. (Yud. 12) Akhiré, wong-wong kuwi disingkirké saka jemaat lan jumlahé Seksi Yéhuwah ing kono dadi saya akèh.

Ing taun 1971, aku ditugaské menyang kantor cabang ing Kinshasa. Ing kono aku éntuk tugas sing béda-béda, misalé ngurusi surat-surat, pesenan wacan-wacan, lan apa waé sing ana hubungané karo gawéan nginjil. Ing Bètel, aku sinau carané ngatur gawéan nginjil ing negara sing gedhé lan saranané ora apik. Misalé, surat-surat kanggo jemaat biasané kudu dikirim nganggo pesawat lan bar kuwi diangkut nganggo prau ngliwati rawa sing kebak ècèng gondok. Kadhang kala, prauné kejebak ing rawa nganti pirang-pirang minggu. Dadi, butuh waktu pirang-pirang sasi nganti surat-surat kuwi tekan ing jemaat-jemaat. Ning, akhiré masalah-masalah kuwi isa diatasi.

Aku nggumun banget wektu ndelok para sedulur isa ngatur acara kebaktian sing gedhé, senajan ora nduwé akèh dhuwit. Para sedulur kuwi kréatif banget. Gundukan omah rayap isa digawé dadi panggung. Cagak-cagak bangunan digawé saka pring lan dindingé saka suket gajah. Suket gajah sing digulung ya isa didadèkké bantalan kanggo lungguh. Para sedulur ya nggunakké anyaman jerami kanggo nggawé atap lan nglapisi meja. Pakuné digawé saka kulit kayu sing dikethoki cilik-cilik lan digawé lancip. Aku nggumun ndelok hasil kerja kerasé para sedulur ing kono. Aku dadi sayang banget karo para sedulur kuwi lan ngrasa kélangan wektu kudu pindhah tugas menyang dhaérah liya.

NGABDI ING KENYA

Ing taun 1974, aku pindhah menyang kantor cabang Kenya ing Nairobi. Ana akèh gawéan ing kono merga kantor cabang Kenya ngurusi gawéan nginjil ing sepuluh negara. Saka sepuluh negara kuwi, ana sing pamréntahé nglarang gawéan nginjilé Seksi Yéhuwah. Aku kerep ditugaské kanggo marani negara-negara kuwi, khususé Etiopia. Akèh sedulur sing dianiaya, dipenjara, lan dipatèni ing Etiopia. Ning, para sedulur kuwi tetep setya merga cedhak karo Yéhuwah lan para sedulur liyané.

Ing taun 1980, aku nikah karo Gail Matheson, sing asalé saka Kanada. Aku lan Gail sak kelas pas sekolah Giléad. Gail dadi utusan injil ing Bolivia. Aku lan Gail surat-suratan lan ketemu manèh ing New York, 12 taun sakwisé sekolah Giléad. Bar kuwi, aku lan Gail nikah ing Kenya. Gail terus ngutamakké apa sing nyenengké Yéhuwah lan uripé sedherhana. Dhèwèké terus ndhukung lan ngancani aku. Aku sayang banget karo dhèwèké.

Ing taun 1986, aku ditugaské dadi pengawas keliling lan Panitia Cabang. Aku lan Gail nglayani akèh negara sing diawasi karo kantor cabang Kenya.

Manfred Tonak kotbah ing kebaktian ing Asmara (saiki Eritrea), taun 1992

Wektu kotbah ing kebaktian ing Asmara, taun 1992

Aku isih kèlingan wektu nyiapké kebaktian ing Asmara (ing Eritrea), ing taun 1992. Wektu kuwi gawéan nginjil ing kono ora dilarang karo pamréntah. Pas nggolèk-nggolèk panggonan kanggo kebaktian, mung ana gudhang pertanian sing isa dienggo. Gudhang kuwi èlèk banget njabané, apa manèh njeroné. Ning, pas dinané kebaktian, para sedulur isa ndandani panggonan kuwi dadi luwih pantes dienggo ngibadah. Akèh sing nggawa kain warna-warni kanggo nutupi bagéan-bagéan sing èlèk. Acara kebaktiané nyenengké banget lan ana 1.279 sing teka ing kono.

Dadi pengawas keliling kuwi ora gampang merga aku lan Gail kudu pindhah-pindhah panggonan kanggo nginep. Aku lan Gail tau nginep ing omah méwah ing cedhak pantai. Ning, aku lan Gail ya wis tau nginep ing bangunan sederhana saka sèng lan nèk arep menyang kamar mandi kudu mlaku kira-kira 100 mèter. Ning, pengalaman sing paling nyenengké yaiku wektu nginjil karo para perintis lan penginjil sing semangat. Wektu pindhah menyang penugasan sing anyar, aku lan Gail dadi kangen karo para sedulur kuwi.

YÉHUWAH MBERKAHI GAWÉAN NGINJIL ING ETIOPIA

Ing taun 1987 nganti 1992, gawéan nginjil wis ora dilarang manèh ing pirang-pirang negara sing diawasi karo kantor cabang Kenya. Dadi, mulai ana kantor-kantor cabang lan kantor negri sing anyar. Ing taun 1993, aku lan Gail ditugaské ing kantor negri ing Addis Ababa, Etiopia. Seksi-Seksi Yéhuwah ing kono wis bébas nindakké gawéan nginjil, sakwisé puluhan taun dilarang karo pamréntah.

Manfred lan Gail Tonak ing Etiopia, taun 1996

Wektu dadi pengawas keliling ing Etiopia, taun 1996

Yéhuwah mberkahi gawéan nginjil ing Etiopia. Akèh sedulur sing dadi perintis. Kèt taun 2012, ana luwih saka 20 persèn penginjil sing dadi perintis biasa saben taun. Ana sekolah-sekolah téokratis sing dianakké lan luwih saka 120 Balé Ibadah sing dibangun. Ing taun 2004, kantor cabangé pindhah menyang panggonan sing anyar lan ing kono ya dibangun Balé Kebaktian. Kuwi kabèh bener-bener berkah saka Yéhuwah.

Wis pirang-pirang taun aku lan Gail kekancan akrab karo para sedulur ing Etiopia. Para sedulur kuwi ramah lan apikan banget. Durung suwé iki, aku lan Gail lara, dadi kudu pindhah menyang kantor cabang Eropa Tengah. Aku lan Gail dadi kangen banget karo para sedulur ing Etiopia.

YÉHUWAH MBERKAHI GAWÉAN NGINJIL

Aku ngrasakké nèk Yéhuwah bener-bener mberkahi gawéan nginjil. (1 Kor. 3:6, 9) Contoné, mbiyèn aku nginjil marang wong-wong Rwanda sing teka ing Kongo kanggo nggolèk tembaga. Wektu kuwi, durung ana Seksi Yéhuwah ing Rwanda. Ning, saiki ana kira-kira 30.000 Seksi Yéhuwah ing Rwanda. Ing taun 1967, mung ana kira-kira 6.000 penginjil ing Kongo (Kinshasa). Ning, saiki ana kira-kira 230.000 penginjil ing kono lan sing teka ing acara Pèngetan taun 2018 ana luwih saka sak juta. Ing kabèh negara sing tau diawasi karo kantor cabang Kenya, jumlahé penginjil dadi tambah akèh nganti luwih saka 100.000.

Manfred lan Gail Tonak saiki

Mbiyèn, Yéhuwah wis nggunakké akèh sedulur kanggo mbantu aku bèn isa dadi pelayan sepenuh-waktu. Aku pancèn isih isinan, dadi aku perlu bener-bener ngendelké Yéhuwah. Pengalamanku ing Afrika mbantu aku bèn isa dadi luwih sabar lan nduwé rasa puas. Aku lan Gail kagum karo para sedulur sing apikan, ngendelké Yéhuwah, lan tetep setya senajan ngadhepi masalah sing abot. Aku bersyukur merga Yéhuwah wis apikan karo aku. Aku ora tau mbayangké nèk Yéhuwah bakal mberkahi aku nganti kaya ngono.​—Ms. 37:4.

a Tau diganti jeneng dadi Kagiyatané Abdiné Allah, lan saiki diganti dadi Urip lan Nginjilé Wong Kristen—Jadwal Kagiyatan.

b ”Kitawala” kuwi asalé saka basa Swahili sing artiné ”nguwasani, ngarahké, lan mréntah”. Tujuané gerakan Kitawala yaiku bèn isa merdéka saka Belgia. Wong-wong sing dadi bagéan saka gerakan kuwi padha sinau lan nyebarké wacan-wacané Seksi Yéhuwah. Wong-wong kuwi ya ngowahi ajarané Alkitab kanggo ndhukung pendhapaté soal politik, kebiasaané sing ana hubungané karo takhayul, lan tumindaké sing bejat.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim