PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • wp20 No. 1 hlm. 6-8
  • Alkitab Kuwi Sumber Keterangan sing Bener lan Isa Dipercaya

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Alkitab Kuwi Sumber Keterangan sing Bener lan Isa Dipercaya
  • Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2020
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • NGAPA KOK ISA PERCAYA ISINÉ ALKITAB?
  • Alkitab Kuwi Buku saka Gusti Allah
    Apa Wulangané Alkitab kanggo Panjenengan?
  • Ngapa Kok Percaya Nèk Isiné Alkitab Bener?
    Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
  • Ngapa Kok Percaya Nèk Isiné Alkitab Bener?
    Bahagia Saklawasé—Pelajaran Awal Sinau Alkitab
Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2020
wp20 No. 1 hlm. 6-8

Alkitab Kuwi Sumber Keterangan sing Bener lan Isa Dipercaya

Kèt mbiyèn, akèh wong nganggep Alkitab kuwi sumber keterangan sing bener lan isa dipercaya. Saiki, jutaan wong ya percaya karo ajarané. Tapi, sing liyané nganggep nèk Alkitab kuwi buku kuna utawa mung buku dongèng. Nèk menurut njenengan piyé? Apa isa éntuk keterangan sing bener saka Alkitab?

NGAPA KOK ISA PERCAYA ISINÉ ALKITAB?

Ngapa kok njenengan isa percaya karo isiné Alkitab? Bayangna njenengan nduwé kanca sing mesthi ngomong jujur. Njenengan mesthi percaya karo dhèwèké, ta? Kaya kanca sing isa dipercaya mau, Alkitab mesthi mènèhi keterangan sing bener. Gatèkna conto-conto iki.

Penulisé Jujur

Gambar tangané penulis

Penulisé Alkitab kuwi jujur. Malah, ana sing nulis kesalahané dhéwé. Contoné, Nabi Yunus. Dhèwèké nyritakké kesalahané. (Yunus 1:1-3) Ing bagéan akhir kitab Yunus, Nabi Yunus dinaséhati Gusti Allah. Tapi, Yunus ora nyathet soal piyé dhèwèké berubah bar nampa naséhaté Gusti Allah merga dhèwèké ora péngin dipuji. (Yunus 4:1, 4, 10, 11) Merga kabèh penulisé Alkitab jujur, kuwi mbuktèkké nèk kabèh penulisé péngin mènèhi keterangan sing bener.

Naséhaté Ana Manfaaté

Naséhat sing dicathet ing Alkitab mesthi ana manfaaté. Gatèkna sing disebutké ing Alkitab soal piyé carané njaga hubungan sing apik karo wong liya. Ing Alkitab ana naséhat iki, ”Apa sing mbok karepké supaya ditindakké wong liya marang kowé, kuwi ya kudu mbok tindakké marang wong kuwi.” (Matius 7:12) Terus ya ana naséhat iki, ”Jawaban sing alus nggawé wong dadi ora nesu manèh, ning omongan sing kasar nggawé wong dadi nesu.” (Wulang Bebasan 15:1) Dadi, keterangan saka Alkitab isih ana manfaaté nganti saiki.

Cocog karo Sejarah

Gambar sekop lan lemah sing digali

Akèh penemuan sejarah sing nduduhké nèk wong, panggonan, lan peristiwa sing dicathet ing Alkitab kuwi mémang ana. Gatèkna salah siji contoné. Ing Alkitab ana keterangan nèk ing jamané Néhémia, wong Tirus (wong Fénisia saka kutha Tirus) sing manggon ing Yérusalèm ”padha nggawa iwak lan macem-macem barang dagangan”.​—Néhémia 13:16.

Apa kuwi ana buktiné? Ya. Para peneliti nemokké barang-barangé wong Fénisia ing Israèl. Kuwi nduduhké nèk wong Fénisia lan wong Israèl kerja sama dagang. Sakliyané kuwi, ing Yérusalèm ditemokké fosil iwak saka Laut Tengah. Para peneliti yakin nèk iwak-iwak kuwi digawa saka dhaérah sing adoh karo para pedagang. Saka bukti-bukti kuwi, ana ahli sing ngomong, ”Kata-kata sing ana ing Néh[émia] 13:16 soal wong Tirus sing dodolan iwak ing Yérusalèm kuwi isa dipercaya.”

Cocog karo Ilmu Pengetahuan

Gambar bumi sing ora disangga apa-apa

Ing Alkitab ana keterangan soal Gusti Allah. Ing Alkitab ya ana kisah sejarah. Tapi, wektu ana keterangan soal ilmu pengetahuan, kuwi ya isa dipercaya. Gatèkna conto iki.

Kira-kira 3.500 taun mbiyèn, ing Alkitab disebutké nèk bumi kuwi ”nggantung . . . tanpa canthèlan”. (Ayub 26:7) Iki béda karo pendapaté wong-wong sing kandha nèk bumi kuwi ngapung ing banyu utawa disangga kura-kura sing gedhé. Kira-kira 1.100 taun sakwisé buku Ayub ditulis, wong-wong isih percaya nèk bumi kuwi mesthi ana sing nyangga. Ing taun 1687, Isaac Newton ngomongké penelitiané soal gravitasi lan njelaské nèk bumi isa tetep ana ing lintasané merga ana gaya gravitasi lan gaya séntrifugal. Penelitian kuwi mbuktèkké nèk keterangan ing Alkitab sing ditulis luwih saka 3.000 taun mbiyèn kuwi bener.

Ramalané Kelakon

Gambar témbok kutha Babilon lan gerbangé sing kebukak

Apa buktiné nèk ramalan ing Alkitab mesthi kelakon? Gatèkna ramalané Nabi Yésaya soal kutha Babilon.

Ramalané: Kira-kira taun 732 SM, Yésaya rampung nulis ramalané. Ing ramalan kuwi disebutké nèk Babilon, sing mengkoné bakal dadi kerajaan sing kuwat banget, bakal dihancurké lan ora dienggoni manèh. (Yésaya 13:17-20) Ing ramalané, Yésaya nyebutké jenengé wong sing bakal ngalahké Babilon, yaiku Korès. Yésaya njelaské cara sing bakal digunakké Korès, yaiku nggawé kaliné dadi asat. Dhèwèké ya ngramalké nèk gerbang kuthané dijarké kebukak.​—Yésaya 44:27–45:1.

Kelakoné: Rong atus taun sakwisé Yésaya ngramalké kuwi, raja Pèrsia nyerang kutha Babilon. Sapa jenengé? Korès. Babilon kuwi kutha sing kuwat banget. Mula, Korès nduwé rencana kanggo ngasatké Kali Éfrat sing ngliwati kutha Babilon bèn prajurité isa tekan gerbang kutha. Dhèwèké ngongkon anak buahé nggawé saluran anyar ing sumberé Kali Éfrat bèn banyuné kali kuwi isa dialirké ing rawa-rawa. Ndilalah, gerbangé kutha Babilon ya dijarké kebukak. Prajurité Korès dadi isa mlebu lan nyerang kutha kuwi.

Apa kutha Babilon dienggoni manèh? Saksuwéné atusan taun, isih ana wong-wong sing manggon ing kono. Tapi saiki, bekasé kutha Babilon sing ana ing cedhaké kutha Baghdad, Irak, dadi bukti nèk ora ana manèh sing manggon ing kono. Kuwi berarti ramalan soal kutha Babilon wis kelakon kabèh. Dadi, mesthi ramalan ing Alkitab soal masa depan isa dipercaya.

SUMBER KETERANGAN SING BENER LAN ISA DIPERCAYA

Conto-conto kuwi nduduhké nèk Alkitab ora mung isa dipercaya, tapi ”kuwi bener-bener omongané Gusti Allah”.​—1 Tésalonika 2:13.

Ing Alkitab ana keterangan sing bener soal apa waé? Apa manfaaté kanggo njenengan? Ing artikel-artikel berikuté bakal dirembug keterangan-keterangan sing bener saka Alkitab. Ayo dirembug sik soal Gusti Allah.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim