Gunakna ”Mengenal Isi Firman Allah” kanggo Miwiti Rembugan
1. Pakumpulan nyedhiyakké apa kanggo mbantu gawéan nginjil?
1 Ing kebaktian gabungan wilayah 2014, awaké dhéwé nampa buku sing judhulé ”Mengenal Isi Firman Allah”. Piyé carané buku iki isa digunakké kanggo nyiapké bahan omong-omongan pas nginjil? Merga ayat-ayaté diklumpukké manut bab sing dirembug, mèh kaya buku Bertukar Pikiran, buku iki mbantu awaké dhéwé isa ngajak omongan pas nginjil.
2. Piyé carané nggunakké ”Mengenal Isi Firman Allah” pas nginjil?
2 Kanggo pitakonan 8 awaké dhéwé isa ngomong, ”Akèh wong takon, ’Apa bener Gusti Allah sing nyebabké kasusahané manungsa?’ [Gumantung dhaérahé, mbokmenawa luwih apik nduduhké pitakonan kuwi karo sing nduwé omah.] Piyé nurut panjenengan? [Gatèkna jawabané.] Alkitab njawab pitakonan kuwi.” Wacanen ayaté langsung saka Alkitab lan rembugen ayat kuwi, isa sak ayat utawa luwih. Nèk sing nduwé omah nanggepi, isa nduduhké 20 pitakonan sing ana ing kono. Banjur, dhèwèké dikon milih salah sijiné pitakonan mau, kanggo dirembug nèk mengko panjenengan teka manèh. Panjenengan uga isa nawani wacan sing isa dinggo sinau Alkitab, sing ana gandhèngané karo bab sing dirembug mau.
3. Piyé carané nggunakké ”Mengenal Isi Firman Allah” kanggo nginjil karo wong sing agamané dudu Kristen?
3 Nèk nginjil karo wong sing agamané dudu Kristen, isa nggunakképitakonan 4 lan 13-17. Contoné, nèk nganggo pitakonan 17 isa ngomong, ”Apa panjenengan ngrasakké nèk akèh kluarga saiki ngadhepi masalah? [Gatèkna jawabané.] Akèh wong rumangsa nèk wejangan iki maédahi banget, ”Para wong wadon padha ngajènana marang kang lanang.” [Ora usah nyebutké nèk kuwi saka Éfesus 5:33. Nèk omongan karo wong wédok, isa nganggo Éfesus 5:28.] Nèk nurut panjenengan, apa wejangan mau ana gunané kanggo urip bebojoan?”
4. Bar rampung rembugan, awaké dhéwé kudu ngapa?
4 Bar rampung rembugan, gawéa janji bèn isa neruské rembugan manèh liya dina. Mbokmenawa bakal ngrembug ayat liyané saka pitakonan sing dirembug mau. Sing nduwé omah kudu dikandhani nèk sing dirembug mau saka Alkitab, ning kudu nggolèk wektu sing pas. Gumantung karo bab sing dirembug mau lan tanggepané bab Alkitab, tawanana wacan sing mbokmenawa disenengi dhèwèké.—Deloken bagéan tengahé Pelayanan Kerajaan Kita Désèmber 2013.