Pas Nginjil Gunakna Wektu sing Ana kanggo Ngetrapké Cara Werna-Werna
Ing taun 2014 Seksi-Seksi Yéhuwah nggunakké 1.945.487.604 jam kanggo kagiyatan nginjil. Kuwi bukti nèk Seksi-Seksi Yéhuwah tenanan anggoné nginjil (Ms. 110:3; 1 Kr. 15:58) Apa awaké dhéwé isa nggunakké wektu sing ana kanggo martakké Injil marang sak akèh-akèhé wong, merga ”wektuné mung kari sedhéla”?—1 Kr. 7:29, Basa Jawi Padintenan.
Awaké dhéwé isa nggunakké wektu sing ana kanggo ngetrapké cara werna-werna pas nginjil. Contoné, nèk biyasané sak jam utawa luwih ora ketemu wong, apa isa ngupaya cara liyané bèn ketemu wong? Kahanan ing saben dhaérah ora padha. Ning, cara-cara iki mbokmenawa isa mbantu panjenengan nggunakké wektu sing ana.—1 Kr. 9:26.
Nginjil ing Omah-Omah: Wis pirang-pirang taun, para penginjil biasané nginjil ing omahé wong ésuk-ésuk. Ning, sok ora ketemu wong merga padha nyambut gawé. Mula, para penginjil isa nginjil soré utawa mbengi, pas wong-wong wis santai ing omah. Nèk awan, isa nginjil ing dhaérah bisnis utawa ing toko-toko bèn isa ketemu wong akèh.
Nginjil ing Panggonan Umum: Méja lan rak buku sing ana rodané kuduné didèlèh ing panggonan sing wongé mlaku sliwar-sliwer, ning kudu ing dhaérahé dhéwé-dhéwé. (Deloken Pelayanan Kerajaan Kita Juli 2013, kaca 5.) Panitya Wakilé Para Pinituwa (Panitia Dinas Sidang) isa nggolèk panggonan sing luwih ramé, nèk panggonan mau sepi sing liwat.
Mara Manèh (KK) lan Sinau Alkitab ing Omah (PAR): Awaké dhéwé isa nggawé rencana kanggo mara manèh lan sinau Alkitab ing omah nèk cara liyané kurang cocog. Contoné, nèk nginjil ing omah-omah cocogé Setu ésuk, sinau Alkitab ing omah isa soré utawa mbengi. Ing dhaérah sing ana program nginjil kelompok nganggo mobil, mendhing digawé kelompok-kelompok cilik waé bèn isa ketemu wong luwih akèh.
Senajan isa ngétung jam pas nginjil, awaké dhéwé isa luwih seneng nèk nginjilé ana asilé. Nèk panjenengan krasa ora isa nginjil nggunakké cara sijiné, panjenengan isa nganggo cara liyané. Panjenengan isa ndonga marang Yéhuwah, ”Kang Kagungan panèn” bèn isa nggunakké wektu sing ana kanggo ngetrapké cara werna-werna pas nginjil.—Mt. 9:38.