Carané Nggunakké Rekaman Audio
1. Sakliyané wacan, apa manèh sing disedhiyakké kanggo awaké dhéwé?
1 Akèh sing nggunakké jw.org kanggo maca katrangan sing bener lan cocog karo isiné Alkitab. (Ko. 12:10) Ning, apa panjenengan wis nggunakké rekaman audio? Merga anané rekaman iki, awaké dhéwé isa ngrungokké akèh berita saka situs wèbé Seksi Yéhuwah. Piyé carané nggunakké rekaman audio iki?
2. Piyé carané nggunakké rekaman audio kanggo sinau dhéwé lan keluarga?
2 Kanggo Sinau Dhéwé lan Keluarga: Nèk awaké dhéwé ngrungokké rekaman audio bab Alkitab, majalah, utawa liyané wektu mlaku-mlaku, utawa nyambut gawé, kuwi tegesé awaké dhéwé nggunakké wektu kang ana. (Éf. 5:15, 16) Wektu ibadah sak keluarga, awaké dhéwé isa ngrungokké rekaman audio sing padha karo bahan sing lagi diwaca. Nèk nggunakké rekaman audio wektu sinau dhéwé, kuwi utamané mbantu bèn isa maca luwih apik, utawa mbantu sinau basa liya.
3. Rekaman audio isa kanggo sapa waé ing dhaérahé awaké dhéwé?
3 Kanggo Nginjil: Wong-wong ing dhaérahé awaké dhéwé sing ora kober maca, mbokmenawa gelem ngrungokké rekaman audio. Mbokmenawa awaké dhéwé uga ketemu karo wong sing basané béda, sing luwih seneng ngrungokké berita saka Alkitab ”nganggo basané wong-wong mau”. (PR. 2:6-8) Ana dhaérah-dhaérah sing nganggep nèk ngrungokké kuwi bagéan saka budaya. Contoné, budayané wong Hmong. Wong tuwa biasané crita bab jaman mbiyèn karo anaké liwat omongan langsung. Wong-wong kuwi isa tetep kèlingan karo sing diomongké. Akèh wong Afrika seneng sinau nèk dicritani.
4. Pitakonan apa waé sing perlu dipikirké wektu mbantu wong liya ing dhaérahé awaké dhéwé?
4 Ing dhaérah panjenengan, apa ana gunané nyetèlké rekaman audio karo wong sing dikabari nganggo basané dhéwé? Apa ana sing éntuk paédah nèk rekaman kuwi dikirim liwat e-mail? Apa awaké dhéwé isa ngundhuh rekaman audio terus dilebokké CD banjur dikèkké karo wong sing gelem nampa, sisan karo wacan sing dicétak sing ngrembug bab sing padha? Saben buku, majalah, lan selebaran sing diundhuh saka situs jw.org lan dibagi karo wong sing dikabari isa ditulis ing laporan jam dinas. Rekaman audio digawé kanggo disinaoni dhéwé lan kanggo nginjil.—1 Kr. 3:6.