SINAU SAKA ALKITAB | JABUR 135-141
Carané Awaké Dhéwé Digawé Nggumunké Tenan
Dawud mikirké tenanan sipat-sipaté Yéhuwah sing kétok saka sing digawé. Dawud mantep nggunakké uripé kanggo ngabdi marang Yéhuwah.
Wektu mikirké tenanan sing digawé Yéhuwah, Dawud péngin ngluhurké Yéhuwah:
”Kawula ngucap sokur dhumateng Paduka margi élok ngébat-ébati kadadosan kawula”
”Paduka boten kasamaran dhateng balung-balung kawula, nalika kawula katitahaken wonten ing pasingidan, saha kawangun wonten ing telenging bumi”
”Tingal Paduka nguningani dhateng kawula, nalika kawula taksih dhapur gatra, sadaya punika sampun sami kaserat wonten ing kitab Paduka”