SINAU SAKA ALKITAB | WULANG BEBASAN 7-11
”Atimu Aja Nganti Kagèndèng”
Pathokan-pathokané Yéhuwah isa njaga awaké dhéwé, nèk kuwi ana ing atiné awaké dhéwé. (WB 7:3) Wektu abdiné Yéhuwah kepéngin nindakké sing salah, dhèwèké gampang diserang karo Sétan. Wulang Bebasan bab 7 nyebutké nèk ana wong lanang enom sing kaya ngono. Saka kesalahané wong lanang kuwi, awaké dhéwé kudu ngati-ati ing bab apa waé?
Sétan nggunakké apa sing awaké dhéwé delok, demèk, rasakké, ambu, lan rungokké bèn awaké dhéwé ora cedhak manèh karo Yéhuwah lan nindakké sing salah
Kawicaksanan lan pangertèn isa mbantu awaké dhéwé ngerti akibaté tumindak salah lan ngedohi bab-bab sing isa ngrusak hubungané awaké dhéwé karo Yéhuwah