PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • wp20 No. 3 hlm. 12
  • Carané Nresnani Wong Liya

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Carané Nresnani Wong Liya
  • Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2020
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • KANDHANÉ KITAB SUCI SOAL KATRESNAN
  • MAKSUDÉ NDUDUHKÉ KATRESNAN MARANG WONG LIYA
  • Katresnan—Sipat sing Aji
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2017
  • Piyé Bèn Isa Terus Sayang karo Para Sedulur?
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2023
  • ’Tresna Iku Dikanthènana Panggawé lan ing Sajroning Kayektèn’
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2017
  • Aja Nganti Dadi Suda Katresnané
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2017
Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2020
wp20 No. 3 hlm. 12
Wong lanang Samaria ing perumpamaané Yésus lagi nambani wong sing dirampok.

Katresnan nggawé awaké dhéwé luwih ngutamakké kepentingané wong liya ketimbang kepentingané awaké dhéwé

Carané Nresnani Wong Liya

Awaké dhéwé kabèh kuwi sedulur merga dadi keturunané Adam, manungsa sing pertama. Mula, awaké dhéwé ngupaya kanggo nresnani lan ngajèni kabèh wong kaya sing dipéngini Gusti Allah. Ning, saiki jarang ana wong sing nduduhké kuwi.

KANDHANÉ KITAB SUCI SOAL KATRESNAN

”Sira tresnaa marang pepadhanira dikaya marang awakira dhéwé.”​—KAIMAMAN 19:18.

”Terus tresnaa marang mungsuh-mungsuhmu.”​—MATIUS 5:44.

MAKSUDÉ NDUDUHKÉ KATRESNAN MARANG WONG LIYA

Gatèkna kandhané Gusti Allah soal katresnan sing dijelaské ing 1 Korintus 13:4-7:

”Katresnan kuwi sabar lan apikan.”

Pikirna: Piyé perasaané njenengan wektu ana wong sing sabar lan ora nesu wektu njenengan nggawé kesalahan?

Katresnan kuwi ”ora seneng iri”.

Pikirna: Piyé perasaané njenengan wektu ana wong sing senengané curiga lan iri karo njenengan?

Katresnan kuwi ”ora mung mikirké kepentingané dhéwé”.

Pikirna: Piyé perasaané njenengan wektu ana wong sing ngajèni keputusané njenengan lan ora mikirké kepentingané dhéwé?

Katresnan kuwi ”ora ngéling-éling salahé wong liya”.

Pikirna: Gusti Allah gelem ngapurani wong dosa sing mertobat. Gusti Allah ”ora tansah ndedukani, anggoné duka ora ing salawasé”. (Jabur 103:9) Awaké dhéwé mesthi seneng wektu wong liya ngapurani awaké dhéwé. Dadi, awaké dhéwé ya kudu gelem ngapurani wong liya.​—Jabur 86:5.

Katresnan kuwi ”ora bungah merga apa sing ora bener”.

Pikirna: Awaké dhéwé mesthi ora péngin ana wong sing seneng wektu awaké dhéwé susah. Dadi awaké dhéwé ya aja kaya ngono, senajan mungkin wong kuwi tau nglarani awaké dhéwé.

Bèn isa ngrasakké berkah saka Gusti Allah, awaké dhéwé kudu nresnani wong liya ora masalah saka endi asalé. Awaké dhéwé isa nduduhké katresnan nèk mbantu wong liya sing mbutuhké bantuan.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim