PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • mwb17 April hlm. 5
  • Nguwatké sing Ora Aktif

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Nguwatké sing Ora Aktif
  • Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2017
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Balia marang Yéhuwah
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2020
  • ’Wedhus-wedhusingSun Bakal Sunpadosi’
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2020
Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2017
mwb17 April hlm. 5

URIPÉ WONG KRISTEN

Nguwatké sing Ora Aktif

Wong angon arep nylametké wedhus ing ilang

Saben taun, akèh sedulur sing ora aktif teka ing acara Pèngetan. Brosur Kembalilah kepada Yehuwa njelaské nèk wong-wong kuwi wis dadi umaté Yéhuwah, ning ora aktif manèh merga alesan sing werna-werna. (Ib 12:1) Ning, para sedulur kuwi tetep aji kanggo Yéhuwah, merga wis dituku nganggo getihé Putrané. (PR 20:28; 1Pt 1:18, 19) Piyé carané mbantu para sedulur kuwi bèn bali manèh menyang jemaat?

Para pinituwa ing jemaat ngupaya nggolèki lan mbantu para sedulur sing ora aktif. Kuwi kaya wong angon sing tenanan nggolèki wedhusé sing ilang. (Lk 15:4-7) Kuwi nggambarké katresnané Yéhuwah. (Ym 23:3, 4) Ning, sing isa nguwatké sedulur sing ora aktif kuwi ora mung pinituwa thok. Kita kabèh uga isa nduduhké sipat apikan lan rasa tresna. Kuwi bakal nyenengké Yéhuwah lan diberkahi. (WB 19:17; PR 20:35) Mula, pikirna sapa sing isa panjenengan kuwatké, lan langsung tumindaka.

Laura ngalamun ing pinggir cendhéla, Abbey ndonga, Abbey lan Laura lagi rangkulan lan difoto

DELOKEN VIDHÉO MBANTU SING ORA AKTIF, LAN JAWABEN PITAKONAN-PITAKONAN IKI:

  • Apa sing ditindakké Abbey wektu ketemu karo Seksi Yéhuwah sing ora dikenal?

  • Apa sebabé kudu ngomong karo pinituwa dhisik nèk péngin mbantu sedulur sing ora aktif?

  • Piyé Abbey nggawé persiapan wektu arep marani Laura manèh?

  • Piyé Abbey nduduhké rasa tresna, sabar, lan upaya sing tenanan wektu nguwatké Laura?

  • Apa sing isa disinaoni saka perumpamaané Yésus ing Lukas 15:8-10?

  • Apa hasil saka upaya sing ditindakké kanggo mbantu Laura?

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim