PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • wp20 No. 3 hlm. 4-5
  • Gusti Allah Perduli karo Awaké Dhéwé

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Gusti Allah Perduli karo Awaké Dhéwé
  • Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2020
  • Subjudhul
  • Bahan sing Mèh Padha
  • 1. GUSTI ALLAH NYIPTAKKÉ MATAHARI
  • 2. GUSTI ALLAH NYIPTAKKÉ UDAN
  • 3. GUSTI ALLAH MÈNÈHI PANGANAN LAN PAKAIAN
  • Utamakna Kratoné Gusti Allah, Dudu Bandha
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2016
  • Manfaaté Ngerti soal Kuwi
    Gatèkna!—2021
Warta Penting Bab Kratone Yehuwah (Umum)—2020
wp20 No. 3 hlm. 4-5
Matahari terbit.

Gusti Allah Perduli karo Awaké Dhéwé

1. GUSTI ALLAH NYIPTAKKÉ MATAHARI

Awaké dhéwé ora isa urip nèk ora ana matahari. Matahari dadi sumber tenaga kanggo wit-witan. Kuwi sing nggawé godhong, kembang, buah, lan biji isa thukul. Kuwi ya nggawé wit-witan isa nggawa banyu saka akar munggah ing godhong lan akhiré dadi uap air.

Pemandhangan kebon tèh.

2. GUSTI ALLAH NYIPTAKKÉ UDAN

Gusti Allah mènèhi udan sing nggawé bumi isa ngasilké panganan kanggo awaké dhéwé. Gusti Allah mènèhi udan, musim panèn, lan panganan bèn awaké dhéwé ngrasa puas lan seneng.

Manuk sing arep mangan buah berry.

3. GUSTI ALLAH MÈNÈHI PANGANAN LAN PAKAIAN

Akèh kepala keluarga kuwatir nèk ora isa nyukupi kebutuhan pangan lan pakaian keluargané. Ning, Alkitab kandha, ”Coba delengen manuk-manuk ing langit. Manuk-manuk kuwi ora nyebar winih utawa manèn utawa nyimpen panganan, nanging Bapakmu ing swarga maringi pangan manuk-manuk kuwi. Kowé kan luwih aji ketimbang manuk-manuk kuwi, ta?”​—Matius 6:25, 26.

”Sinaua saka kembang lili sing thukul ing kebon . . . , nanging aku kandha marang kowé, senajan Salomo sugih banget, sandhangané ora luwih apik ketimbang kembang-kembang kuwi. Nèk tanduran ing kebon waé, . . . diparingi sandhangan sing éndah karo Gusti Allah, . . . . wis mesthi Gusti Allah bakal maringi kowé sandhangan.”​—Matius 6:28-30.

Gusti Allah wis nyediakké panganan lan pakaian kanggo awaké dhéwé.Dadi, awaké dhéwé ya isa yakin nèk Gusti Allah bakal mbantu nyukupi kebutuhan uripé awaké dhéwé. Nèk awaké dhéwé manut karo Gusti Allah, Dhèwèké bakal mberkahi upayané awaké dhéwé kanggo nyukupi kebutuhan pangan. Gusti Allah ya isa mbantu awaké dhéwé éntuk gawéan bèn isa tuku kebutuhan sing awaké dhéwé butuhké.​—Matius 6:32, 33.

Awaké dhéwé isa nresnani Gusti Allah wektu ndelok ciptaané. Contoné, matahari, udan, manuk, lan kembang. Piyé Gusti Allah komunikasi karo manungsa? Artikel sakbanjuré bakal ngrembug soal kuwi.

Gusti Allah ”nggawé srengéngé mlethèk . . . uga nggawé udan.”​—MATIUS 5:45

Gusti Allah perduli lan nresnani awaké dhéwé. Kaya bapak sing nresnani keluargané. Saka Alkitab awaké dhéwé isa ngerti nèk Gusti Allah kuwi apikan lan ”ngerti apa sing kok butuhké, malah sakdurungé kowé nyuwun.”​—Matius 6:8.

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim