PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • mwb18 April hlm. 8
  • Nginjil lan Mulang Kuwi Penting kanggo Ndadèkké Murid

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Nginjil lan Mulang Kuwi Penting kanggo Ndadèkké Murid
  • Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2018
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Tambah Trampil Nginjil—Mbantu Wong sing ”Nduwé Sikap sing Bener” kanggo Dadi Murid
    Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2018
  • Apa Njenengan Gelem Mbantu Wong Liya Dadi Muridé Yésus?
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2021
  • ”Padha Lungaa, Sakabèhing Bangsa Dadèkna SiswaKu”
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2016
Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2018
mwb18 April hlm. 8

URIP LAN NGINJILÉ WONG KRISTEN

Nginjil lan Mulang Kuwi Penting kanggo Ndadèkké Murid

Yésus mréntahké para muridé bèn ndadèkké murid. (Mat 28:19) Iki klebu nginjil lan mulang. Kita kudu terus mikirké pitakonan iki, ’Piyé bèn aku isa luwih trampil nginjil lan mulang?’

NGINJIL

Timbang ngentèni wong teka, kita kudu nggolèki wong-wong ”sing gelem nampa”. (Mat 10:11) Wektu nginjil, apa kita nggolèk kesempatan kanggo ngomong karo wong-wong sing kita temoni? (Kis 17:17) Lidia dadi murid merga Paulus sregep nginjil.​—Kis 16:13-15.

Heri ngekèki Andri majalah; Aji lan Reni nginjil marang Andri lan Putri

”Wijimu sebaren ing wanci ésuk, lan tanganmu aja koklèrènaké ing wanci soré” (Ko 11:6)

DELOKEN VIDEO TERUS NGINJIL ”TANPA MANDHEG”—ORA RESMI LAN ING OMAH-OMAH, LAN JAWABEN PITAKONAN-PITAKONAN IKI:

  • Piyé saben dina Heri nduduhké nèk dhèwèké terus nggolèk kesempatan kanggo nginjil?

  • Apa sebabé kita kudu nyoba kabèh cara-cara kanggo nginjil?

  • Ing saben dina, marang sapa waé panjenengan isa nginjil?

MULANG

Bèn isa ndadèkké murid, aja mung mènèhké wacan-wacan Alkitab. Kita kudu marani manèh wongé lan mulang Alkitab bèn wongé isa nggawé kemajuan. (1Kor 3:6-9) Terus, piyé nèk kita wis ngupaya mulang wong ning hasilé mung sithik? (Mat 13:19-22) Kita kudu terus nggolèki wong-wong sing atiné kaya ”lemah sing subur”.​—Mat 13:23; Kis 13:48.

Aji lan Reni sinau Alkitab karo Andri lan Putri; Andri lan Putri nginjil ing panggonan umum

”Aku sing nandur, Apolos sing nyirami, nanging Gusti Allah sing nukulké” (1Kor 3:6)

DELOKEN VIDEO TERUS NGINJIL ”TANPA MANDHEG”—ING PANGGONAN UMUM LAN NDADÈKKÉ MURID, LAN JAWABEN PITAKONAN-PITAKONAN IKI:

  • Piyé Aji lan Reni nyiram winih, yaiku wulangan sing bener, ing atiné Andri lan Putri?

  • Wektu nggunakké akèh cara nginjil, klebu nginjil ing panggonan umum, apa kuduné tujuan kita?

  • Piyé bèn kita luwih trampil mulang Alkitab marang wong-wong?

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim