PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • mwb18 Mei hlm. 8
  • ”Sing Wis Didadèkké Siji karo Gusti Allah . . . ”

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • ”Sing Wis Didadèkké Siji karo Gusti Allah . . . ”
  • Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2018
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Nganggep Berharga ”Apa sing Wis Didadèkké Siji karo Gusti Allah”
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2018
  • Pitakonané Sing Maca
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2022
Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2018
mwb18 Mei hlm. 8
Wong lanang lan wédok cekelan tangan

URIPÉ WONG KRISTEN

”Sing Wis Didadèkké Siji karo Gusti Allah . . . ”

Hukum Musa mréntahké wong lanang sing arep megat bojoné bèn nyiapké surat pegatan resmi. Kuwi nyegah bèn wong lanang ora kesusu megat bojoné. Ning ing jamané Yésus, para pemimpin agama nggampangké pegatan. Wong lanang isa megat bojoné merga alesan apa waé. (”surat pegatan resmi” katrangan kanggo sinau Mrk 10:4, nwtsty; ”megat bojoné,” ”laku jina lan ora setya marang bojoné” katrangan kanggo sinau Mrk 10:4, 11, nwtsty) Yésus kandha nèk perkawinan kuwi disahké lan diwiwiti karo Yéhuwah. (Mrk 10:2-12) Wong lanang lan wédok sing wis nikah bakal ”dadi siji”. Miturut katrangan sing padha ing buku Matius, wong isa pegatan mung nèk bojoné nindakké ”hubungan sèks sing ora sah”.—Mat 19:9.

Jaman saiki wong nganggep perkawinan kaya wong-wong Farisi lan ora kaya Yésus. Nèk ana masalah, wong-wong biasané gampang pegatan. Wong Kristen sing wis nikah nganggep nèk pernikahan kuwi serius lan ngupaya ngrampungké masalah nganggo pathokané Alkitab. Sakwisé ndelok video Kudu Nresnani lan Ngajèni Bèn Keluarga Rukun jawaben pitakonan-pitakonan iki:

  • Maca Alkitab; sing lanang ngrungokké bojoné; foto pernikahan sing suwèk

    Piyé panjenengan ngetrapké ayat ing Wulang Bebasan 15:1 ing urip bebojoan, lan apa sebabé kuwi penting?

  • Piyé panjenengan isa ngrampungi masalah nggunakké pathokan ing Wulang Bebasan 19:11?

  • Nèk urip bebojoané panjenengan ana masalah, aja mikir, ’Apa aku pegatan waé ya?’ Ning, pitakonan apa sing kudu dipikirké?

  • Piyé panjenengan isa dadi bojo sing luwih apik nèk ngetrapké pathokan ing Matius 7:12?

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim