SINAU SAKA ALKITAB | GALATIA 4-6
”Gambaran” lan Artiné kanggo Awaké Dhéwé
Rasul Paulus nggunakké ”gambaran” iki kanggo nduduhké nèk perjanjian anyar luwih unggul ketimbang perjanjian Hukum Musa. Ing pamréntahané Yésus lan 144.000, manungsa bakal dadi sampurna lan isa bébas saka dosa, kesusahan, lan kematian.—Yé 25:8, 9.
HAGAR—BUDHAK WÉDOK Bangsa Israèl ing jaman mbiyèn sing kudu manut perjanjian Hukum Musa, lan ibukotané ing Yérusalèm |
SARA—WONG WADON MERDÉKA Yérusalèm sing ana ing ndhuwur, yaiku bagéan saka organisasiné Yéhuwah sing ana ing swarga |
”ANAK-ANAKÉ” HAGAR Wong Yahudi sing kuduné manut perjanjian Hukum Musa, ning malah nolak lan nganiaya Yésus |
”ANAK-ANAKÉ” SARA Yésus lan 144.000 wong Kristen terurap |
BUDHAK PERJANJIAN HUKUM MUSA Hukum Musa ngélingké bangsa Israèl nèk wong-wong kuwi budhaké dosa |
PERJANJIAN ANYAR MÈNÈHI KEBÉBASAN Nèk nduwé iman karo tebusané Yésus, bangsa Israèl isa bébas saka dosa |