URIPÉ WONG KRISTEN
Apa Njenengan Nganggep Alkitab Kuwi Berharga?
Yéhuwah kuwi sing ngarang Alkitab. Mula, isiné Alkitab kuwi pandhangan lan omongané Yéhuwah. (2Ptr 1:20, 21) Alkitab nduduhké nèk Kratoné Allah bakal nggawé manungsa urip luwih pénak ing masa depan. Kuwi bakal dadi bukti nèk mung Yéhuwah sing pantes mréntah manungsa. Alkitab ya nduduhké sipat-sipaté Yéhuwah sing nyenengké.—Ms 86:15.
Alesané awaké dhéwé nganggep Alkitab berharga kuwi isa béda-béda. Ning, apa awaké dhéwé nduduhké nèk nganggep hadiah iki berharga nganggo cara maca kuwi saben dina lan ngetrapké wulangané? Muga-muga awaké dhéwé ”tresna sanget dhateng angger-angger Paduka” kaya sing nulis Jabur.—Ms 119:97.
DELOKEN VIDÉO WONG-WONG SING NGANGGEP ALKITAB KUWI BERHARGA—CUPLIKAN (WILLIAM TYNDALE), TERUS JAWABEN PITAKONAN-PITAKONAN IKI:
Apa sebabé William Tyndale nerjemahké bagéan-bagéan Alkitab?
Apa sebabé upayané kanggo nerjemahké Alkitab kuwi luar biasa?
Piyé carané salinan Alkitabé Tyndale digawa tekan Inggris?
Piyé carané awaké dhéwé nduduhké nèk nganggep Alkitab berharga?