URIPÉ WONG KRISTEN
Apa sing Isa Dipelajari saka Lagu-Lagu ing JW Broadcasting?
Saka lagu-lagu sing ana ing JW Broadcasting, apa ana lagu favorité njenengan? Apa sebabé njenengan seneng lagu kuwi? Apa njenengan ngrasa nèk vidéoné cocog? Merga téma lan gaya musiké ana macem-macem, mesthi ana sing njenengan senengi. Ning, sakjané lagu-lagu lan vidéo musiké kuwi ora mung dadi hiburan.
Saben lagu kuwi mulangké pelajaran sing isa ditrapké saben dina, termasuk wektu nginjil. Ana lagu-lagu sing ngrembug soal sikap ramah, persatuan, kanca, sipat kendel, katresnan, utawa soal iman. Ana manèh sing ngrembug soal ngapura wong liya, ngupaya terus setya, lan nggolèk cara liya kanggo nglayani Yéhuwah. Terus, ya ana lagu soal wong sing akhiré nglayani Yéhuwah manèh. Malah, ana lagu sing ngrembug soal nggunakké HP. Apa ana pelajaran liyané sing njenengan temokké ing lagu-lagu kuwi?
DELOKEN VIDÉO LAGU DONYA ANYAR WIS CEDHAK, TERUS JAWABEN PITAKONAN-PITAKONAN IKI: