URIPÉ WONG KRISTEN
Yéhuwah Nglindhungi Umaté
Paskah sing pertama kuwi penting banget. Bengi kuwi, sakwisé ngerti nèk anak pertamané mati, Firaun ngongkon Musa, ”Sira padha mangkata, metua saka antarané bangsaningsun, iya sira, iya wong Israèl kabèh, wis padha lungaa, saosa pangabekti marang Pangéran Yéhuwah, kaya kang wus dadi panyuwunira.” (Pa 12:31) Yéhuwah mbuktèkké nèk terus nglindhungi umaté.
Nèk ndelok sejarah umaté Yéhuwah jaman saiki, awaké dhéwé isa ngerti nèk Yéhuwah ya terus nuntun lan nglindhungi umaté. Kuwi sing dadi témané muséum ”Suatu Umat bagi Nama Yehuwa” ing kantor pusat.
DELOKEN VIDÉO TUR ING MUSEUM WARWICK: ”SUATU UMAT BAGI NAMA YEHUWA,” TERUS JAWABEN PITAKONAN-PITAKONAN IKI:
Taun 1914 Siswa-Siswa Alkitab mulai nggunakké apa kanggo martakké kabar apik, lan apa hasilé?
Ing taun 1916 lan 1918 ana masalah apa, lan apa buktiné nèk Yéhuwah terus ngarahké organisasiné?
Piyé umaté Yéhuwah tetep setya senajan ana masalah?
Ing taun 1935, umaté Yéhuwah nampa pemahaman anyar apa, lan apa pengaruhé?
Nèk njenengan wis tau tur ing muséum iki, apa sing nggawé njenengan luwih percaya nèk Yéhuwah nuntun lan nglindhungi umaté?