SINAU SAKA ALKITAB | PANGENTASAN 25-26
Barang Paling Penting ing Tabernakel
Pethi perjanjian kuwi barang sing paling penting ing tabernakel lan ing perkémahané wong Israèl. Méga sing ana ing antarané kerub loro ing ndhuwuré pethi perjanjian kuwi lambang nèk Gusti Allah ana ing kono. Setaun pisan pas Dina Pangapurané Dosa, Imam Agung mlebu ing Papan Mahasuci, terus nyipratké getihé sapi lan kambing ing ngarepé tutup pethi kuwi bèn dosané wong Israèl diampuni. (Km 16:14, 15) Kuwi nggambarké wektu Yésus, Imam Agung sing luwih unggul, nemoni Yéhuwah ing swarga bèn Yéhuwah nampa korban tebusané.—Ibr 9:24-26.
Cocogna ayat-ayat iki karo manfaaté tebusan kanggo awaké dhéwé:
AYAT
MANFAATÉ
urip saklawasé
diampuni dosané
nduwé hati nurani sing apik
Piyé bèn awaké dhéwé isa ngrasakké manfaaté tebusan?