URIPÉ WONG KRISTEN
Mènèhi Wektu lan Tenaga kanggo Yéhuwah
Kaya ramalané Yésaya, organisasiné Yéhuwah ing bumi tambah gedhé. (Yé 54:2) Mula, dibutuhké luwih akèh Balé Ibadah, Balé Kebaktian, lan kantor cabang sing dibangun. Bangunan-bangunan kuwi perlu dirawat lan didandani. Awaké dhéwé isa mènèhi wektu lan tenaga kanggo Yéhuwah. Piyé carané?
Mèlu ngresiki Balé Ibadah bareng karo kelompok nginjilé dhéwé-dhéwé
Mèlu pelatihan ngopèni Balé Ibadah
Ngisi Permohonan Sukarelawan Rancang/Bangun Setempat (DC-50) bèn isa mbantu mbangun lan ngopèni bangunan kanggo ngibadah sing cedhak omah
Ngisi Permohonan untuk Program Sukarelawan (A-19) bèn isa mbantu ing Bètel utawa bangunan Bètel liyane seminggu utawa luwih
DELOKEN VIDÉO RENCANA PROYÈK PEMBANGUNAN SING ANYAR—CUPLIKAN, TERUS JAWABEN PITAKONAN-PITAKONAN IKI:
Kèt taun 2014, ana perkembangan apa soal vidéo sing digawé organisasiné Yéhuwah?
Bèn isa nggawé luwih akèh vidéo, ana rencana mbangun apa? Kapan kuwi dimulai lan kapan rampungé?
Piyé bèn para sedulur isa mbantu proyèk iki?
Nèk péngin mèlu proyèk pembangunan ing Ramapo, apa sebabé awaké dhéwé kudu ngisi formulir (DC-50) lan mèlu proyèk Rancang/Bangun Setempat sing cedhak omah?
Apa buktiné nèk Yéhuwah ndhukung proyèk iki?
Nèk awaké dhéwé ora isa mèlu proyèk pembangunan, awaké dhéwé isa mbantu apa?