Nèk baptisan diumpamakké kaya dalan, njenengan wis tekan endi?
URIPÉ WONG KRISTEN
Apa Njenengan Gelem Nglayani Yéhuwah?
Apa njenengan péngin dibaptis? Mungkin njenengan isih sinau Alkitab, utawa wis dadi penginjil ning durung dibaptis lan isih enom. Apa sebabé dibaptis kuwi penting? Wong sing wis janji ngabdi lan dibaptis isa bener-bener cedhak karo Yéhuwah. (Ms 91:1) Wong sing wis dibaptis ya isa dislametké. (1Ptr 3:21) Piyé carané bèn njenengan siap dibaptis?
Njenengan kudu yakin nèk sing dipelajari iki bener. Nèk ana sing nggawé ragu, nggolèka katrangan luwih akèh soal kuwi. (Rm 12:2) Coba pikirna apa waé sing isih kudu diupayakké bèn isa nyenengké Yéhuwah. (WB 27:11; Éf 4:23, 24) Terusa ndonga karo Yéhuwah. Dhèwèké mesthi gelem mbantu lan nguwatké njenengan nganggo roh suciné. (1 Ptr 5:10, 11) Njenengan ora bakal gela, merga nglayani Yéhuwah kuwi pilihan sing paling apik.—Ms 16:11.
DELOKEN VIDÉO NGGAWÉ KEMAJUAN NGANTI DIBAPTIS, TERUS JAWABEN PITAKONAN-PITAKONAN IKI:
Apa waé sing wis diupayakké para sedulur sakdurungé dibaptis?
Njenengan kudu piyé bèn isa cedhak karo Yéhuwah lan siap dibaptis?
Para sedulur kuwi kok gelem dibaptis alesané apa waé?
Berkah apa waé sing dirasakké wong-wong sing nglayani Yéhuwah?
Janji ngabdi lan dibaptis kuwi apa?