Saka ciptaané, kétok jelas nèk Yéhuwah bener-bener sayang karo awaké dhéwé. Dadi, Yéhuwah mesthi gelem mberkahi awaké dhéwé, sing wis nglayani Dhèwèké
URIPÉ WONG KRISTEN
Katresnané Yéhuwah Kétok saka Ciptaané
Saben dina, awaké dhéwé mungkin sibuk nganti ora nggatèkké ciptaané Yéhuwah. Padahal, saka ciptaané Yéhuwah kétok nèk Yéhuwah sayang karo awaké dhéwé. Mula, Yésus ngandhani bèn awaké dhéwé nggatèkké ciptaan karo mikirké soal Yéhuwah.—Mat 6:25, 26.
DELOKEN VIDÉO CIPTAAN NDUDUHKÉ KATRESNANÉ YÉHUWAH, TERUS JAWABEN PITAKONAN-PITAKONAN IKI:
Apa sing isa dipelajari soal katresnané Yéhuwah saka ciptaané Yéhuwah iki?
Unsur-unsur alam
Atmosfér bumi
Suket
Kéwan
Organ-organ indra
Otak