PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • mwb21 September hlm. 3-16
  • Carané Nggunakké Brosur lan Buku Bahagia Saklawasé

Ora ana video ing bagéan iki.

Ana sing error.

  • Carané Nggunakké Brosur lan Buku Bahagia Saklawasé
  • Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2021
  • Bahan sing Mèh Padha
  • Mandhu Pelajaran Alkitab Nganggo Buku ”Bahagia Saklawasé”
    Sayang Kabèh Wong Kunci Ndadèkké Murid
  • Mbantu Sing Sinau Alkitab Bèn Isa Dibaptis
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2021
  • Carané Mbantu Wong sing Sinau Alkitab Bèn Isa Dibaptis—Bagéan Siji
    Warta Penting bab Kratone Yehuwah (Wulangan)—2020
  • Carané Nggunakké Brosur Rungokna Gusti Allah
    Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2017
Delok Kabèh
Jadwal Kagiyatan Urip lan Nginjilé—Jadwal Kagiyatan—2021
mwb21 September hlm. 3-16
Pasangan suami istri lagi nduduhké brosur ”Bahagia Saklawasé” karo wong lanang ing halte bis.

URIPÉ WONG KRISTEN

Carané Nggunakké Brosur lan Buku Bahagia Saklawasé

Awaké dhéwé mesthi seneng banget merga ana brosur lan buku sing anyar kanggo mandhu sinau Alkitab. Awaké dhéwé isa ndonga njaluk bantuané Yéhuwah bèn isa mbantu wong akèh dadi muridé Yésus. (Mat 28:18-20; 1Kor 3:6-9) Piyé carané nggunakké brosur lan buku iki?

Brosur lan buku Bahagia Saklawasé dirancang bèn sing sinau lan sing mandhu diskusiné isa luwih nyenengké. Pas persiapan lan pas mandhu, njenengan isa ngikuti cara-cara iki.a

  • Bahané diwaca dhisik, terus pertanyaané dibahas

  • Ayat sing ana tulisané ”wacanen” diwaca, terus sing sinau dibantu bèn ngerti maksudé ayat kuwi

  • Vidéoné disetèl, terus dibahas nganggo pertanyaan sing wis ana ing kono

  • Nèk isa, saben sinau ngrampungké sak pelajaran

Pas nginjil, njenengan isa nawakké brosur Bahagia Saklawasé bèn ngerti wongé kuwi gelem sinau Alkitab apa ora. (Deloken kothak ”Carané Nawakké Brosur Bahagia Saklawasé—Pelajaran Awal Sinau Alkitab Pas Ngabar”.) Nèk brosuré wis rampung dibahas, terus wongé isih gelem sinau, njenengan isa nawakké buku Bahagia Saklawasé, lan sinauné isa dilanjutké mulai pelajaran 04. Nèk njenengan lagi mandhu sinau Alkitab nganggo buku Wulangan Alkitab utawa buku Tetep Ditresnani Gusti Allah, njenengan isa ganti nganggo buku Bahagia Saklawasé. Njenengan isa milih dhéwé pelajaran endi sing cocog kanggo neruské sinauné.

Pasangan suami istri kuwi lagi mandhu sinau Alkitab nganggo buku ”Bahagia Saklawasé” karo wong lanang mau ing omahé.

DELOKEN VIDÉO PENGANTAR KANGGO SINAU ALKITAB, TERUS JAWABEN PITAKONAN-PITAKONAN IKI:

  • Sing sinau bakal ngerti apa waé saka buku iki?

  • Ngapa kok wong sing arep mulai sinau Alkitab kudu nonton vidéo iki?

  • Saben sinau kudu nduwé tujuan apa waé?​—Deloken kothak ”Inti lan Tujuané Saben Bagéan”

a CATHETAN: ”Bahan Tambahan” ora kudu dibahas pas sinau Alkitab. Tapi pas persiapan, njenengan kudu maca artikelé utawa nonton vidéoné kabèh, bèn isa ngerti endi sing cocog dibahas karo sing sinau Alkitab. Ing vèrsi digitalé, nèk njenengan klik vidéo lan artikel-artikel tambahané, kuwi isa langsung kebukak ing jw.org® utawa JW Library®.

Inti Lan Tujuané Saben Bagéan

 

PELAJARAN

INTINÉ

TUJUANÉ

1

01-12

Manfaaté sinau Alkitab lan carané kenal karo sing ngarang

Sing sinau dibantu bèn ngerti nèk dhèwèké kudu maca Alkitab, persiapan sakdurungé sinau Alkitab, lan mèlu pertemuan ibadah

2

13-33

Bukti nèk Gusti Allah sayang manungsa lan soal ibadah sing sesuai karo karepé Gusti Allah

Sing sinau dibantu bèn gelem nyritakké apa sing dipelajari saka Alkitab lan dadi penginjil

3

34-47

Sing dikarepké Gusti Allah saka umaté

Sing sinau dibantu bèn gelem nggawé janji kanggo nglayani Yéhuwah lan akhiré dibaptis

4

48-60

Carané bèn tetep disayangi Gusti Allah

Sing sinau dibantu bèn ngerti endi sing bener lan sing salah, lan dibantu bèn tambah cedhak karo Yéhuwah

CARANÉ NAWAKKÉ BROSUR BAHAGIA SAKLAWASÉ—PELAJARAN AWAL SINAU ALKITAB PAS NGABAR

Kaya ing selebaran-selebaran, ing halaman mburi dhéwé ana pertanyaan sing menarik. Cobanen iki:

  • Pertanyaané kuwi takokna karo wongé

  • Wacakna jawabané Alkitab ing Mazmur 37:29

  • Rembugen bagéan ”Manfaaté Ngerti soal Kuwi”. Nèk isa, wacakna ayat-ayaté, terus rembugen gambaré

  • Rembugen pertanyaan ”Apa Isiné Alkitab Isa Dipercaya?”, terus coba mulai ngrembug pelajaran 01

    Wacan Basa Jawa (2013-2025)
    Metu
    Mlebu
    • Jawa
    • Kirim
    • Pengaturan
    • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
    • Syarat Penggunaan
    • Kebijakan Privasi
    • Pengaturan Privasi
    • JW.ORG
    • Mlebu
    Kirim