URIPÉ WONG KRISTEN
Apa Waé sing Isa Diupayakké Sedulur-Sedulur Wédok?
Sedulur-sedulur wédok sing ndhukung Kerajaané Gusti Allah berharga banget. (Mzm 68:11) Sedulur-sedulur wédok biasané PAR-é akèh. Perintis biasa ya akèh-akèhé wédok. Sedulur wédok akèh sing nglayani ing Bètel, dadi utusan injil, dadi rélawan utawa hamba pembangunan, lan dadi penerjemah. Sedulur wédok ya akèh sing mbantu lan nguwatké sedulur-sedulur ing jemaaté lan keluargané. (WB 14:1) Sedulur wédok mémang ora isa dadi pinituwa utawa abdiné jemaat, tapi sedulur wédok tetep isa ndhukung jemaat. Apa waé sing isa diupayakké sedulur-sedulur wédok?
Ngupaya bèn nduwé sipat-sipat sing apik.—1Tim 3:11; 1Ptr 3:3-6
Dadi conto sing apik kanggo sedulur wédok sing luwih enom.—Tit 2:3-5
Ngupaya bèn luwih trampil lan kerep nginjil
Sinau basa liya
Pindah ing panggonan sing luwih mbutuhké
Ndaftar kanggo nglayani ing Bètel utawa dadi rélawan pembangunan
Ndaftar Sekolah kanggo Penginjilé Kratoné Allah
DELOKEN VIDÉO ”SEDULUR-SEDULUR WADON SING NYAMBUT GAWÉ TENANAN KANGGO GUSTI”, TERUS JAWABEN PITAKONAN IKI:
Saka pengalamané sedulur-sedulur wédok iki apa sing menarik kanggo njenengan?